sinopsis novel Krikil-Krikil Pasisir

Rabu, 16 Desember 2015

| | |


APA TA PENTINGE MACA NOVEL KRIKIL KRIKIL PASISIR ?

Novel ciptaane TAMSIR AS. iki nyritakake kanguripane wong ing tlatah pasisir. Tokoh utama ana ing novel iki yaiku Manik. Manik kuwi saka kulawarga sing ora duwe, wong cilik. Dheweke duwe kakang sing seneng main dhadhu lan kasar, jenenge Kaharsidi. Bapakne Manik kelakuwane uga meh kaya Kaharsidi, ora predhuli marang anak bojone. Gaweyane ya iseh serabutan.
Manik kuwi bocah sing bekti marang wong tuwane, nrima lan sabar ngadhepi perkara-perkara saka kulawargane. Saliyane kuwi, akeh perkara saka njaba sing kudu diadhepi, kayata perkara saka panggonane nyambut gawe. Sanajan ngono, Manik tetep sabar lan bisa ngendhalekake atine. Mula iki bisa gawe conto kanggo wong sing maca novel iki, yen duwe akih perkara kudu sabar anggone ngadhepi, aja cepet putus asa.
Ora mung mbahas kabektenane Manik, novel iki uga nyinggung babagan perekonomian para warga lokal sing dikuwasai karo wong Cina. Para warga sing asli saka pasisir kuwi mung dadi babune wong Cina. Mula, banjur ana wong-wong tartemtu saka dhaerah pasisir kuwi sing ora seneng marang wong Cina. Wong-wong mau pada nyerang lan meres wong Cina mau. Nanging ana uga wong sing asli saka pasisir sing tetep predhuli marang wong Cina, gelem ngorbanake nyawane kanggo nylametake wong Cina mau.
Liyane kabeh kuwi, ana maneh sing marakake novel iki penting diwaca, yaiku gambaran saka pangriptane dhewe. Pangriptane nggambarake, sanajan ing bebrayan kuwi kerep tuwuh daredah saka paragane sing srakah, seneng padha maen, lan kasar, nanging tetep iseh ana katresnan murni sing nylempit ing sela-selane sifat ala mau. Iki mau digambarake nganggo paraga sing jenenge Kaharsidi. Bocah kuwi senenge kasar, seneng dolanan dhadhu lan nduweni sifat-sifat sing ala. Ananging, Kaharsidi iseh duwe rasa predhuli lan tresna marang adhine lan simboke. Gelem nggoleki adhine pas adhine digawa lunga karo wong sing sok adol wong wadon. Sarta lilo ninggalake wong sing ditresnani kanggo bukti bektine marang bapake.
Banjur ing novel iki uga njelasake, yen iseh ana rasa kamanungsan lan aluse budi saka wong-wong sing lagi padha gelut. Sarta ora tegel nglarani lan gawe susahe kulawargane dhewe. Mula bisa dijupuk intine, yen wong sing ketok kasar lan ala sifate, ora terus-terusan dadi wong ala, mesti bisa maleh dadi wong sing luwih becik. Lan malah nganti bisa nglakoni apa wae kanggo kulawargae, kanggo wong-wong sing ditresnani. Wong sing duwe lelakon ala kuwi uga bisa nduweni laku sing becik, marga ana ing atine manungsa kuwi ana rasa tresna marang sesamane.

1 komentar:

aarangaffner mengatakan...

Best Casino Games and Slots | JtmHub
The 구리 출장마사지 first game to become a winner 세종특별자치 출장샵 in our 제주 출장샵 Casino Games category is the Megaways 경기도 출장안마 slot 광주 출장안마 machine, which gives you an easy to play bonus. The

Posting Komentar