1.
Sore kang Ayu
Udan
banyu iki kaya udan guyu
Tetesane
gawe senenge laku
Udan
banyu iki uga nelesi
Sore
kang dhak jaluk aja lunga gage-gage
Sing
dhak jaluk suwe-suwe wae
Supaya
dawa critaku karo kanca-kancaku
Supaya
kandel album kenanganku
Album
sing namung isi potretku lan kanca-kancaku
Tan
bisa aku nguculake esemku ndeleng polah lucu kancaku
Krungu
guyonan lan tembangmu sing sajake wagu
Nanging
wagumu jan gawe senenge atiku
Sore
iki iya pancen udan
Deres
lan langite peteng ketutup mega klawu
Ananging
ana sajroning pandelengku
Namung
katon sore kang ayu
2.
Nalika Godhong wis Tumiba
Bayangan
atimu kaya kali cilik sing mili alon
Kali
kang eyup kepager rungkute wit-witan
Ngombak-ombak
nalika angin nyenggol beninge banyumu
Pancen
bener ilimu alon lan anteng
Nanging
sajroning antengmu
Kowe
bisa gawa lunga gondhong kang tiba
Godhong
sing ucul saka pange
Ora
bakal bisa bali lan dibalekake ana wite maneh
Namung bisa
mandheg utawa tetep terus keli tekan segara
Mangkono
mau gambare atiku lan atimu
3.
Sang Bagaskara
Panas...
Awan
iki tenan panase
Panas
sing nganti tekan ati
Sumuk,
supek, pliket
Kringet
cur-curan ora karuan
Agawe
getem-geteme wong
Ananging
Sang Bagaskara tetep mesem ana ndhuwur
Kena
pisuhe wong-wong kang kepanasen
Ora
banjur legeg penggalihe
Bungah
dheweke nanggung tugas Sang Panggawe Jagad
Ora
bakal misuh apa meneh suwala
Nindakke
tugas kanthi remen
Mbiyantu
gawene manungsa lan madhangake jagad raya
4.
Ora kaya Aku
Aku
dudu kowe
Aku ora
awakmu
Aku
beda karo saliramu
Iki aku
Seje
kowe
Namung
aku
Ora
kaya aku
Pancen
aku
Sajake bingung
karo aku
Mumet
marang aku
Bakale
ereng mikir sapa aku iki
Yen
saya ora genah aku
Wis
enggala leren
Aku iki
iya aku
Sing
dudu kaya aku
Apa
meneh kaya awakmu
5.
Sandhal Jepit
Maju
mundhur
Lira
liri
Arang
dadi siji
Dadi
siji ora bisa uni-uni
Namung
saka awang-awung kang bisa ngerti
Apa
rasa kang lagi ngebaki ati
Terus ngetan
ngulon
Munggah
mudhun
Nanging
tetep padha rukun
Mlaku
bareng dadi sajodho
Katon
edi anglam-lami
0 komentar:
Posting Komentar