LILIH
Dening:
Annisak Maulani
Wengi
kuwi aku ora bisa merem, angel turu. Ana bathukku, kadadeyan esuk mau isih
kagambar cetha. Aku dadi saya ora jenak anggone lungguh ana paturon. Aku metu,
golek sumilire angin, mbokmenawa bisa nggawa lunga kebaking pikir. Jumangkahku
nggawa aku anuju gisik cedhak omahku. Aku lungguh ana pinggir gisik kang resik
lan sepi. Mandengi ombak sing sajake lagi padha leren anggone oyak-oyakkan.
Wengi iki ora ana lintang kang gumebyar, namung rembulan sing ngancani aku
lungguh sesendheyan tangan.
Madhep
segara, aku crita marang rembulan bunder kang sunare tiba ana banyuning segara.
Crita kadadeyan mau esuk sing dadi pikirku nganti saiki.
“Pak, aja
sedhih,ya? Ngapurana anakmu iki kang durung bisa gawe mulyaning uripmu,”
batinku.
Esuk mau,
nalika nyetorake uyah, aku disrengeni karo juragan Damiri. Juragan Damiri kuwi
juragan uyah sing dadi juraganku lan juragane bapakku. Dheweke nesu-nesu marga
uyah sing taksetorake kuwalitase ala. Uyahku banjur disebar-sebarake ana latar.
Tenagaku lan tenagane bapakku ora ana aji lan ijole.
Ananging
dudu kuwi sing dadi pikirku, aku lara ati marga bapakku diala-ala lan
disiya-siya marang juragan. Aku ora trima. Pancen bapakku kuwi wong mlarat, ora
duwe bandha donya kang ngambra-ambra. Ananging bapakku ora mlarat tata kramane
marang wong liya.
Wis,
wengi iki dakbuwang uneg-unegku. Ana ing ngarep segara iki uga, aku mutusake
yen bakal lunga menyang kota Ngayogyakarta golek pagawean liya. Leren anggonku
gawe uyah. Bapak uga dakkon leren, rasah gawe uyah maneh. Rekasane thok sing
ora njamak krasane, nanging upahe mung kanggo sega sepiring karo krupuk.
Lamat-lamat
aku krungu suwara bocah wadon sing pating brengok. Dakkira mung bocah padha
guyonan, nanging saya suwe bengokane saya seru, malah kaya karo nangis. Aku
njenggirat menyat, banjur goleki asal suwara mau.
Aku kaget
nalika weruh brandhalan lima sing lagi meksa bocah wadon loro supaya gelem
nglayani nepsune. Aku bingung, kepiye carane bisa nulungi bocah wadon mau,
marga dheweke mesthine ora bisa ijen nglawan wong lima mau. Aku golek watu
kanggo mbalangi wong-wong mau. Ananging marga watune mung sthik, aku banjur
golek kayu nggebuki wong-wong kuwi. Aku kaget nalika ngerti yen wong-wong
lanang mau anak buwahe juragan Damiri sing dipimpin karo Beni anakke juragan.
“Rasah
melu-melu kowe, Nang! Iki dudu urusanmu. Apa kowe arep njaluk mati, he?” Beni
nesu-nesu marga kanca-kancane kena balangan watuku.
“Ora,
Ben. Iki iya dadi urusanku. Bocah wadon loro kuwi anakke paklikku. Aja tumindak
ala marang sanakku kowe, Ben!”
Aku sajake
uga kaget nalika weruh bocah wadon mau sing jebule Tantri lan kancane. Tantri kuwi
anakke Lik Sarno, adhine bapakku. Kalorone padha ndhodhok karo nangis
mingseg-mingseg. Aku saya gething nalika ngerti kaya mangkono.
“Woo...,
golek mati bocah iki. Apa kowe ora ngerti, aku iki sapa?”
“Jelas
ngerti aku, Ben. Marga kuwi aku saya pengin ngajar kowe.”
Aku lan
Beni padha gelut. Kanca-kancane Beni uga melu ngewangi Beni anggone nglawan
aku. Amarga aku nggawa kayu gedhi lan kanca-kancane Beni wis padha kena
balangan watu mau, Beni lan kanca-kancane banjur padha mlayu. Aku banjur nyedhaki
Tantri lan kancane sing isih padha ndhodhok.
“Matur
nuwun, Mas. Yen ora ana Mas Anang, aku lan Lasmi mesthi wis ora aji maneh,”
Tantri karo mrebes mili.
Lasmi, kancane
Tantri namung meneng, ora kumecap apa-apa. Kalorone banjur dakterake bali ana
omahe Tantri.
“Dhek
Tri, becike sampeyan aja kandha karo bapak dhisik. Mengko nek dadi pikirane
bapakmu. Bapakmu uga lagi mari wae, ta? Sing penting Dhek Tantri lan Dhek Lasmi
slamet kabeh,” welingku nalika wis tekan ngarepan omahe Tantri.
“Inggih,
Mas. Matur nuwun sanget, Mas.”
“Ya wis,
aku dakbali dhisik, ya. Sesuk meneh ngati-ati anggonmu dolan, aja wengi-wengi!
Bocah wadon ora apik dolan wengi-wengi kaya ngono,” aku ngingetake Tantri lan
Lasmi.
Kalorone
banjur melbu omah, aku uga mlaku bali. Turut dalan aku rada bingung, ngapa
bubar weruh Lasmi, kancane Tantri mau aku dadi mesam-mesem. Pancen Lasmi kuwi
ayu, ayu manis nalika kena sunare lampu ngarep omahe Tantri mau. Pakulitane putih
kaya wong kutha lan rambute sing ireng dawa ngombak-ombak gawe atiku ora
karuan.
“Ah,
Lasmi. Ayumu kok tansah gawe atiku jejogedan ora karuan,” batinku.
Esuke aku
jaluk ijin marang bapakku yen aku bakal ngranto ana Ngayogyakarta.
“Pak, aku
nyuwun ijin badhe pados damel wonten Ngayogyakarta,” omongku karo trenyuh
nyawang bapak sing lagi lungguh kuwi.
“Apa wis
mbokpikir temenan, Nang? Ana kana kowe arep golek gawe apa? Terus mangan lan
turumu piye?” Bapak ngendika kanthi alus.
“Sampun,
Pak. Boten sah dipunpikir bab makaten. Kula mangke badhe dipunpadosaken
pagaweyan kaliyan kanca kula, lan anggone tilem mangke saged ngempek
kontrakanipun kanca kula wau.”
Bapak
sajake kurang setuju yen aku ngranto. Ananging dheweke namung meneng, ora
protes. Aku banjur lunga ana omahe Lik Sarno kanggo pamit lan titip bapak.
“Aja,
Nang! Kowe rasah ngranto adoh-adoh. Ngene wae, kowe ngrewangi aku golek iwak
ana laut wae. Kowe ngerti ta yen aku saiki wis ora kuwat kaya biyen. Kowe uga
bisa ngrewangi ngurus kebon klapa barang,” ngendikane Lik Sarno sing isih katon
lemes marga lagi wae mari saka larane.
“Ananging,
Lik, kula menika sampun mutusake yen badhe ngranto wonten Ngayogyakarta.”
“Apa kowe
ora mesakake bapakmu sing wis tuwa kaya ngana? Tega kowe bapakmu urip dhewe?”
Aku
sajake iya ora tega, nanging aku kepengin golek gaweyan sing bisa ngasilake
dhuwit akeh tur cepet kaya kanca-kancaku sing kerja ana kutha.
Sawise
dikandhani Lik Sarno, aku ora sida menyang Ngayogyakarta. Aku saiki melu golek
iwak lan ngrumati kebon klapa nggone Lik Sarno.
Sore kuwi, sawise saka kebon, aku mlaku-mlaku
ana pinggir gisik. Saka kadohan, aku weruh Tantri sing lagi pit-pitan. Dheweke
banjur dakparani.
“Tri,
Tantri,” celukku.
“Pripun,
Mas? Kok sajake penting banget,” Tantri mudhun saka onthele.
“Ngene,
aku sesuk nitip surat kanggo Lasmi, ya? Bisa ta?”
“Surat
apa ta, Mas? Hayoo..?” Tantri ngguya-ngguyu.
“Oiya,
Lasmi kae bocah ngendi ta? Kok kayane aku lagi weruh.”
“Lasmi
niku ponakane Pak Lurah, Mas. Dheweke manggon wonten mriki marga omahe ikngkang
wonten kutha sampun disade.”
“Mas
Anang naksir ta, Mas?” Tantri nyenggol tanganku.
“Ah, ora
Tri. Ora naksir aku,” aku mesem sajak ngapusi.
“Boten
sah ngapusi ta, Mas. Lha nek boten naksir, kok surat-suratan barang?”
“Pokokmen
sesuk aku nitip surat, wenehna Lasmi lho, ya!” aku banjur lunga karo isin.
Esuke aku
mara ana omahe Lik Sarno kanggo ketemu Tantri. Sawise menehake surat sing
daktujokake marang Lasmi, aku banjur lunga anuju gisik arep ndandani praune Lik
Sarno sing bocor.
Isi surat
mau yaiku aku ngajak Lasmi ketemu mengko sore ana gisik. Aku kepengin kenal
dheweke kanthi temenan. Sanajan aku lagi ping pira aku ketemu lan kenal Lasmi,
nanging aku ngrasa yen atiku tresna marang dheweke. Aku kerep mesam-mesem
nalika eling dheweke. Nganti aku umur 25 taun iki, durung tau sing jenenge
gandrung marang bocah wadon. Ananging bubar ketemu Lasmi, bocah kutha sing
umure mung kacek telung taun karo aku, aku bisa ngrasakake sing jenenge
gadrung, malah nganti kaya gandrung kayungyun.
“Mas
Anang,” suwarane Lasmi sing alus banget ngagetake aku sing lagi lungguh ana
pinggir gisik.
“Eh, Dhek
Lasmi. Dakkira sliramu ora bakal teka,” aku rada ewuh anggone lungguh. Rasane
ora karuan, saya seru jantung iki anggone mompa.
Aku lan
Lasmi banjur omong-omongan nganti ora krasa wengine saya peteng, ananging
lintange malah saya gumebyar nganti tengah samudra amba kana. Lelagon wengi iki
saya nentremake ati nalika sunare rembulan tiba ngenani eseme Lasmi.
Aku dadi
kerep ketemu karo Lasmi. Tarkadhang uga nitipake surat neng Tantri kanggo
Lasmi. Tantri mesthi gelem menehake yen dheweke ditukokake gulali sing bentuke maneka
warna, nanging sing paling disenengi gulali sing bentuke kembang. Pancen emboh
kok Tantri kuwi, bocah wadon wis gedhe senenge karo gulali.
Esuk
kuwi, nalika aku lagi arep ngopek klapa ana kebon, Tantri nyedhaki aku.
“Mas, iki
ana surat saka Lasmi,” Tantri banjur lungguh ana ngisor wit klapa.
Dakwaca
surat mau. Aku ora kuwat maca surat mau. Tantri nakoni aku, nanging aku ora
nggubris. Aku banjur mlayu. Weruh aku mlayu, Tantri terus nututi aku mlayu.
Tantri sajake ora ngerti isi surat Lasmi sing mau dititipke dheweke.
“Arep
nandi ta, Mas?” Tantri bengak-bengok turut dalan.
Aku ora
semaur, pikiranku mung kebak Lasmi.
Tekan
ngarep omahe Pak Lurah aku mandheg. Tantri uga banjur nyedhaki aku karo
krenggosan.
“Lhoh,
Pak Lurah ki apa ngantenan maneh ta iki?” Tantri omong kanthi ngawur.
“Lasmi,
Tri. Dheweke sing dadi manten,” aku lemes ora duwe daya, banjur semendhe ana
cagak listrik sing ana ing cedhakku ngadek.
“Apa,
Mas? Lasmi? Lha kok ora kandha marang aku?” Tantri nrocos terus.
Aku terus
wae ndelokake tulisan sing muni Lasmi lan Beni. Jebule Lasmi wis dijodhohake
karo Beni anakke Juragan Damiri.
“Aku
terus piye iki, Tri? Sliramu kok tega tenan ta marang aku, Lasmi,” aku mrebes
mili, Tantri banjur nyarehke aku.
“Njenengan
sing sabar ya, Mas. Oleh sedhih, oleh nangis, nanging aja kebablasen ya, Mas!”
Tantri ngejak
aku bali. Nganti seminggu aku mung ana jero kamar. Bapak bola-bali ngandhani
aku supaya ora terus-terusan sedhih mikirake Lasmi. Bapak ngendika yen aku
terus-terusan kaya ngono, malah mung rugi dhewe. Sedhih terus ora bakal
ndadekake kahanane malih.
Wis cukup
anggonku sedhih-sedhih kaya mangkono. Aku kudu bisa tetep urip lan seneng. Aku
uga dadi mesakake bapakku sing melu ngrasakake sedhihku mau. Aku banjur miwiti kerja
maneh ana kebon klapa lan ngewangi Lik Sarno golek iwak.
Bapak uga
ora kesel-kesele ngandhani aku supaya tetep semangat lan ora usah mumet mikir
bab jodho, marga mbesuk bakal teka dhewe. Pendhak wengi sadurunge lunga nglaut,
aku mesthi lungguhan ana pinggir gisik. Crita marang segara amba, marang
ombak-ombak kang padha peplaton, uga marang rembulan lan lintang kang gumebyar
endah tenan.
0 komentar:
Posting Komentar