geguritan 4

Jumat, 11 Desember 2015

| | |


1.     Temlawung
Jagongan ngisor wit pelem
Sendheyan karo mesam mesem
Merem-merem nanging ora bisa angler
Banjur nyawang langit sing katon biru peteng
Saya suwe kebak lintang kang muter-muter ora bisa anteng
Ngajak gumuyu awakku sing lagi mandeng
Sangga uwang karo mesem
Aku nggambar angenku sakupenge lintang
Mesam-mesem aku nandang kangen
Kangen gojekmu kang wagu nanging lucu
Meneng, anteng, karo mesem
Aku nulis layang kangen ana godhong-godhong garing ngisor wit pelem
Layang kangenku kebak angen-angenmu
Angenku ketemu saliramu

 
2.    Kosong
Tanpa suwara
Nyenyet.. anyep
Ora ana kecapan, apa maneh omongan
Suwung.. kosong tanpa uwong
Angin wae ora wani liwat
Sanadyan saklerap
Sepi.. kosong tanpa uwong
Iki omah, apa kuburan?
Magrong-magrong nanging kosong
Kaya hastana tanpa raja
Namung siya-siya si mas picis raja brana
Ora ana guna dibangun tanpa isi manungsa
Kosong mlompong kebak bandha
Bandha kang kesiya-siya
Kaya dibuwang bendarane ing wana

 
3.    Ngemis
Mlaku pincang-pincang
Banjur mapan ngisor wit talok
Lingak linguk tanpa plerak-plerok
Lungguh ndheprok tangane nggawa mangkok awujud bathok
Morat-marit anggone klambi lan kathok
Anteng nunggoni wong kang liwat
Ngarep-arep mangkok bathok kisi receh-receh rupiyah
Kanggo tuku sego lan uyah
Bisa mangan kabeh anak, putu wayah
Ilang sayahe ngerti kabeh ora padha ngelih

4.    Kanvas
Aku putih.. nanging ora banget
Kulite alus.. nanging ora banget
Ngadeg, madhep sing arep nggarap
Atiku ndredheg nalika tinta kuning diudheg-udheg
Kuwase katon jejogedan dolanan tinta kuning mau
Nggodha gawe gumuyuku
Sumringah atiku
Kogambari awakku kembang daisy kang ayu
Pratandha katresnan kang kasimpen ana atimu
Tanpa sangga runggi awakmu ngajak tetembangan kang lucu
Nganti pungkase aku lan saliramu kudu pisah
Pisah nalika daisymu dadi kusuma kang ayu


5.    Kopi Ireng
Kopi ireng lereng Merbabu
Kemebul ana cangkir blek duwekke mbah kakung
Srutap-srutup sajak kepanasen
Anget ngena dhadha kang katon kulit lan balung
Rasa pait dadi tamba kangen
Kangen anakke sing lunga rantau ana negara sabrang
Arep kandha nanging karo sapa?
Pengene ngelus-elus anakke sing digadhang
Nanging bisa apa si bapa?
Pacelathon marang anakke iya ora bisa
Sruput maneh kopi ireng
Kanggo ngilangake rasa kangen
Supaya ati bisa dadi ayem


0 komentar:

Posting Komentar