artikel ilmiah basa jawa

Senin, 07 Desember 2015

| | |


ABSTRAK
Tradisi Pasar Kramat ing Dhusun Kramat
Annisak Maulani

            Ing dhaerah Muntilan ana tradhisi utawa budaya , salah sijine yaiku tradisi Pasar Kramat kang ana ing Dhusun Kramat, Desa Congkrang. Tradhisi iki dianakake saben Jum’at Pahing, saengga asring kasebut Pasar Jum’at Pahing. Masyarakat biyasane padha teka ana pasar iki kanggo nglakokake nadzare.  Nadzar yen wis mari saka larane bakal lunga ana Pasar Kramat. Nalika ana ing Pasar Kramat, barang kang padha dituku yaiku kupat lan srundeng sing dibungkus godhong gedhang. Wong-wong uga padha tuku kembang mawar, kenanga, kantil, lan godhong pandhan kanggo disebarake ana ing lawang melbu pasar. Ananging yen ora nglakokake bab mau, ora ana ukumane. Metodhe kanggo neliti tradhisi iki yaiku nentokake idhe lan perkara, ngumpulake dhata saka internet lan wawancara wong kang teka ana Pasar Kramat, ngolah dhata, sarta njupuk dudutan. Asile yaiku tradhisi Pasar Kramat iki taksih dilakokake nganti saiki, sanajan ana sing maleh, kayata panganan lan dolanan sing didol.
Kata Kunci: nadzar, Pasar Kramat, tradhisi dhaerah

A.    Pendahuluan
1.      Latar Belakang
Ing Indonesia ana akeh budaya dhaerah sing maneka warna lan narik Knggo dikenal. Budaya-budaya kasebut uga wis ngalami pergeseran lan wis maleh tata carane utawa unsure kang disebabake saya majune jaman. Salah siji budaya dhaerah kang unik lan narik kasebut yaiku trahisi Pasar Kramat ing dhaerah Kabupaten Magelang, tepate ana Dhusun Kramat, Desa Congkrang, Kecamatan Muntilan.
Tradhisi Pasar Kramat utawa tradhisi nadzar yaiku ana wong sing lagi lara ngucap nadzar, yen dheweke bakal lunga menyang Pasar Kramat nalika wis keturutan marine. Mula kuwi, saperangan wong padha teka ana pasar iki kanggo bayar nadzare kang wis kaucap mau. Pasar Kramat iki uga namung ana saben dina Jum’at Pahing, saengga kerep kasebut uga Pasar Jum’at Pahing.
Wong-wong sing menyang Pasar Kramat kanggo nglakoni nadzare marga wis keturutan mari mau padha ‘midang’ utawa ngincipi (tuku) maneka warna panganan kang ana ing pasar kasebut. Ananging, wong kang padha teka ana pasar iki ora namung sing arep nglakoni nadzare, wong sing mung blanja lan dolan uga ana. Nalika padha teka ana Pasar Kramat, wong-wong biyasane tuku kupat lan srundeng kang dibungkus godhong gedhang. Liyane panganan, ana dolanan tradhisional lan barang-barang liyane kayata klasa, sarta ana uga sing padha tuku kembang. Kembang sing didol mau ana kembang mawar, kenanga, kantil lan godhong pandhan. Kembang kasebut dituku banjur disebar ana dalan utawa ngarep lawang melbu pasar. Pasar iki ana ing dalan melbu dhusun lan sebelahe wis dalan gedhe, saengga wong-wong dadi gampang anggone nemokake.
2.      Rumusan Masalah
Tradhisi Pasar Kramat wis ana saka jaman biyen (taun durung ana sing ngerti) lan wis akeh masyarakat sing ngerti. Tradhisi iki uga isih ana nganti saiki, namung sithik malehe, yaiku barang sing didol lan saya kurange wong sing percaya karo tradhisi iki. Mligine masyarakat ana dhaerah Muntilan, wis padha kurang anggone kenal karo tradhisi iki. Mula kuwi, didelok saka panjabarane mau, mula bisa dijupuk rumusan masalah kang prelu dibahas. Rumusan masalah mau yaiku kepriye lakune tradhisi Pasar Kramat kasebut lan kahanane saiki ing tengah-tengahe masyarakat, mligine masyarakat dhaerah Muntilan.
3.      Landasan Teori
·         Tradhisi
Ana ing wikipedia.com, tradisi kuwi saka basa latin, yaiku “traditio” sing duwe arti diterusake. Ana ing njeri Kamus Besar Indonesia, tradhisi nurut etimologi yaiku tembung kang njurus adhat utawa kebiyasaan sing turun temurun utawi aturan sing dilakokake masyarakat.
Akeh pangerten kanggo tembung tradhisi, kanthi umum tradhisi kuwi duwe pangerten yaiku budaya utawa adhat kang maneka warna wujude sing dadi warisane saka turun temurun supaya dilakokake terus lan dilestarekake.
·         Pasar Kramat
Pasar Kramat utawa kasebut uga Pasar Jum’at Pahing kuwi pasar kang ana ing Dhusun Kramat, Desa Congkrang, Kecamatan Muntilan, Kabupaten Magelang. Pasar iki dianakake saben dina Jum’at Pahing (35 dina sapisan utawa selapan). Bab kang ndadekake pasar iki unik yaiku alesan para warga sing padha teka. Wong-wong kuwi padha teka kanggo nglaksanakake nadzar utawa janji sing digawe yen kepenginane wis terkabul, mligine kepinginan mari saka larane.
Ana panganan kang dadi khase Pasar Kramat, yaiku ketupat lan srundeng kang bungkuse saka godhong gedhang. Ana ing cedhak pasar uga ana sarean sing kerep ditekani karo masyarakat. Sarean kasebut nganti saiki durung ngerti sapa sing duwe sarean kasebut. Ana ing jalanjogja.com disebutake, yen ana loro versi babagan sapa sing duwe sarean kasebut. Kang kapisan yen sarean mau duwekke Mbah Kramat (luhure Dhusun Kramat. Versi kaloro yaiku sarean kasebut isine kuku lan rambute Sunan Kalijaga.
B.     Metode Penelitian
            Tahapan-tahapan kang dilakokake kanggo nyusun karya tulis iki, yaiku kaya ing ngisor iki.
1)      Golek idhe
Anggone golek idhe dilakokake kanthi ngumpulake saperangan budaya utawa tradhisi kang ana ing Kabupaten Magelang, mligine ing dhaerah Kecamatan Muntilan.
2)      Ngrumusake masalah
Masalah kang njedhul ana ing tradhisi Pasar Kramat meh padha karo masalah sing dialami budaya utawa tradhisi liyane, yaiku saya kurang dikenal karo masyarakate dhewe lan saya maleh unsur-unsur tradhisi kasebut. Mula kuwi, nalika ngrumusake masalah, saliyane ngamati ngrembakane tradhisi iki, uga karo ndelok masalah-masalah sing dialami tradhisi liya.
3)      Ngumpulake dhata
Nalika gawe karya tulis iki uga prelu dhata kanggo ndhukung pendhapat-pendhapat penulis. Penulis nhumpulake dhata utawa info babagan tradhisi Pasar Kramat iki saka internet lan uga didukung karo asil wawancara sing dilakokake penulis marang wong sing ngunjungi Pasar Kramat.
Wawancara dilakokake kanggo supaya oleh dhata babagan kepiye lakune tradhisi Pasar Kramat mau utawa kegiyatan apa wae sing ana ing Pasar Kramat. Salajenge, apa wae sing didol utawa sing dadi khase ing pasar kasebut lan apa sing dadi alesane wong sing padha teka ana pasar, sarta apa wae sing dilakoni pengunjunge mau ana Pasar Kramat kasebut.
4)      Ngolah Dhata
Dhata sing wis ana dianalisis lan dibahas supaya dadi pembahasan kang runtut lan bisa dipahami.
5)      Narik dudutan (kesimpulan)
6)      Nyusun karya tulis
C.    Hasil lan Pembahasan
Sawise observasi budaya utawa tradhisi Pasar Kramat iki lan wawancara narasumber, mula oleh asil kaya ing ngisor iki.
1)      Pelaksanaane utawa kegiyatan tradhisi Pasar Kramat
Pasar Kramat yaiku pasar sing ana ing Dhusun Kramat, Desa Congkrang, Muntilan, Magelang. Pasar iki unik marga wong sing padha teka kuwi yaiku wong sing pengin nglakokake nadzare nalika lara. “Wong-wong sing padha teka biyasane wong kang nalika lara gawe nadzar, yen wis mari bakal lunga menyang Pasar Kramat. Ananging ana uga sing padha teka namung kanggo blanja panganan utawa barang-barang,” omonge salah siji wong kang teka ana Pasar Kramat.
Wong-wong kang dodolan ana Pasar Kramat iki akehe yaiku wong-wong sing omahe ana Dhusun Kramat utawa warga asli kono.ananging, tetep ana sing saka njaba Dhusun Kramat, sanajan sithik. Wong kang dodolan uga dominasi ibu-ibu lan ana sing wis sepuh.
Pengunjung Pasar Kramat biyasane tuku kupat lan srundeng sing dibungkus godhong gedhang. Bab kuwi dadi salah sijine ciri khas ing Pasar Kramat iki. Liyane kupat, ana uga panganan sing akeh didol ana pasar iki, yaiku bubur, tahu lan tempe bacem, lan, maneka warna. Ana ing pasar iki uga wong kang dodolan dolanan bocah. Ananging, dolanan sing didol wis ora kaya biyen. Dhek biyen, dolanan sing didol kuwi dolanan tradhisional, kayata kipas kertas, gledhekan, klentheng, lan liya-liyane. Saiki dolanan sing didol wis saka plastik lan saka pabrik sing wis modern.
Wong kang teka ana Pasar Kramat uga ana sing mampir ing sarean Dhusun Kramat. Sarean kasebut durung dingerteni sapa sing duwe. Ananging ana kang nyebutake yen sarean kuwi duweke leluhure Dhusun Kramat lan ana uga sing nyebutake yen sing dikubur ana sarean kuwi kuku lan rambute Sunan Kalijaga.
Saliyane kuwi, yen teka ana Pasar kramat karo bocah cilik utawa bayi, mula biyasane wong tuwane menehi pilis ana sirahe anakke mau. Pilis kuwi yaiku kunir kang didheplok nganti alus. Sabanjure ana uga sing unik, yaiku wong sing padha teka ana pasar iki bakal tuku kembang kang isine ana kembang mawar, kenanga, kantol, lan godhong pandhan. Kembang iki padha disebar ana dalan utawa ngarep lawang melbu pasar. Akeh wong kang buwang kembang kanggo keslametan, ana uga sing namung melu-melu nglakoni buwang kembang tanpa alesan tartamtu. Ananging, ora ana ukuman kanggo wong sing ora nglakoni buwang kembang iki.
Ana ing pojokan-pojokan pasar uga ana kothak amal. Ananging wong kang teka ana Pasar Kramat ora diwajibake ngleboni kothak amal mau, namung saikhlase sapa sing pengin infaq.
Ana ing ngisor iki ana gambar-gambar kang nggambarake tradhisi Pasar Kramat sing dijupuk saka sumber-sumber.

Gambar 1. Suwasanane ngarep Pasar Kramat 
Gambar 2. Suwasana dodolan ing Pasar Kramat


Gambar 3. Bocah cilik sing sirahe diwenehi pilis karo wongtuwane nalika lunga ana Pasar Kramat

Gambar 4. Maneka warna dolanan tradhisional sing biyen didol ana ing Pasar Kramat

Gambar 5. Kembang mawar, kenanga, kantil ,lan godhong pandhan sing disebar ana lawang melbu Pasar Kramat
2)      Tradhisi Pasar Kramat nalika saiki
Tradhisi Pasar Kramat nganti saiki isih dianakake. Wong-wong kang padha teka uga isih akeh, sanajan ora serame biyen. Barang-barang kang disol uga wis ana beda, kayata dolanan bocahsing wis ora tradhisional, banjur panganan kang wis akeh sing dadi panganan pabrikan. Nalika biyen uga masyarakat isih numpak andhong (dhokar), nanging saiki andhong wis saya arang ana lan sithik sing padha numpak.
D.    Panutup
            Tradhisi Pasar Kramat ana ing Dhusun Kramat, Desa Congkrang, Muntilan, Magelang dianakake saben dina Jum’at Pahing. Pengunjunge sing padha teka biyasane kanggo nglaksanakake nadzare, yaiku nadzar yen arep lunga menyang Pasar Kramat nalika wis kawujud kekarepane mari saka larane. Wong-wong mau padha ‘midang’ utawa nikmati panganan sing ana ing Pasar Kramat mau. Panganan sing dadi ciri khas pasar iki yaiku kupat lan srundeng sing dibungkus godhong gedhang. Bocah kang teka ana pasar iki uga diwenenehi pilis ing bathuke karo wongtuwane. Pilis yaiku kunir sing didheplok nganti alus. Wong-wong mau uga padha tuku kembang (mawar, kenanga, kantil lan godhong pandhan) kanggo disebar ana dalan melbu Pasar Kramat.
Pasar Kramat saiki wis ngalami penggeseran lan wis saya maleh. Iki bisa kadelok saka panganan lan dolanan sing didol nalika jaman biyen lan saiki. Nalika biyen panganan utawa jajanan lan dolanane isih tradhisional, saiki wis pabrikan lan luwih modern.
Daftar pustaka
Tim Penyusun Kamus Besar Bahasa. 2001. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.
https://id.wikipedia.org/wiki/Tradisi. Di unduh tanggal 23-11-2015

0 komentar:

Posting Komentar