1.
Edan
Aku wis
edan
Edan
marga kowe
Tresna
marangmu ndadekakeaku edan
Pikirku
namung kebak esemmu
Nadyan
kowe ora ngerti aku
Aku iki
pancen edan tenan
Apa-apa
eling esemmu
Eling
suwaramu
Piye
iki aku dadi edan margamu
Amarga
tresnamu
2.
Pikir
Mikir...
Mikir
apa-apa dadi gawe pikir mumet
Mumet
marga sing dipikir saya ruwet
Nganti
bathuke krasa anget
Piye
iki? Iki piye?
Muter-muter
kebak pitakon piye
Piye
iki? Emboh...
Janjane
sing dipikir apa ta?
Gawe
grusa-grusune pikir
Atine
wedi marga kuwatir
Aja-aja
salah dalan
Samar
pikire dadi kesasar
3.
Lali
Lali...
Aku
lali
Lali
karo kowe sing tak tresnani
Apa
bisa aku mbaleni
Siji
baka siji crita pait manis kuwi
Aku
lali
Lali
kowe kang wingi dadi cagak sendhe
Sendheku
nalika aku lungkrah
Sing
ndadekake atiku bungah
4.
Bocah pasisir
Peplayon
tanpa sandhal
Gumuyu
sambi sirat-siratan banyu
Ora
preduli wayahe wis maleh jingga kang ayu
Saya
polah ora krasa lesu
Bocah-bocah
pasisir kang duwe impen dadi presidhen
Presidhene
nagara kang disubya-subya
Marga
kasugihane tan kena dietung baka siji baka
Bocah
pasisir sesaba pinggir laut
Nulis
pangarep-arep ana ndhuwur lemah pasir
Banjur
ilang kasaput banyune laut
Lunga
anuju segara amba kasangkut pancinge pelaut
5.
Sengkuni
Bumune-bumi
kurusetra
Perange
perang Bharatayuda
Yaiku
antarane kurawa lan pandhawa lima
Pandhawa
lima kang prasaja
Beda
karo kurawa
Sing
wae katon lakune ala lan nista
Marga ajarane
sengkuni
Sing
enome duwe jeneng Trigantalpati
Omonge
tan bisa mati
Kebal
karo kabeh senjata
Nanging
akhire mati ana tangane werkudara
Si
sengkuni dikuliti nganggo kuku pancanaka
Mangkono
kuwi matine sengkuni
Wong
kang nyulet perang bharatayuda
0 komentar:
Posting Komentar