cerkak (cerita cekak) 3

Senin, 07 Desember 2015

| | |


OJEK PAYUNG

Dening: Annisak Maulani

Langite klelap-klelap, peteng banget. Gludhuge uga sansaya seru. Pit onthelku dakobel kanthi banter supaya anggonku tekan ngomah ora kedhisikan udan. Ananging, lagi wae entuk separo dalan, udane wis teka deres banget, nganti tibane banyu kaya napuki raiku. Pitku saya dakobel banter. Amarga saking bantere, aku ora weruh yen ana jeglongan.
Gubraaakkk!!! Aku tiba, nanging untunge ora apa-apa. Dalane uga untunge pas ora rame kendharaan, namung ana wong sing lagi padha mlaku. Pitku banjur tak adegake. Nalika arep daktumpaki, jebul bane ngarep wis entek angine.
“Dhuh malah bocor barang ki,” aku nggedumelan dhewe ana pinggir dalan karo nuntun pit.
Awakku wis teles kebes, tasku uga teles saisi-isine. Nalika kuwi, ana bocah lanang nyedhaki aku.
“Mas, ojek payung, mas?” bocah mau ngulungke payung.
“Ora, Dhek. Nuwun,” wangsulanku karo gedheg banjur mlaku alon.
Bocah mau tetep ngetotake anggonku mlaku. Aku sajak ora tega ngingetake bocah ojek payung mau.
“Ya wis, Dhek. Aku terna ana warung kucingan kana, ya? Tulung payungke, wong aku ora bisa gawane!”
“Nggih, Mas.”
Bocah mau gage nyedhaki aku kanthi sumringah banget. Aku mlaku jejer karo bocah mau. Daksawang saka cedhak, bocah mau mesam-mesem. Klambine iya padha-padha teles, malah lambene katon wis biru. Mesthi wae dheweke wis udan-udan awit mau ngiderake payung.
“Pira, Dhek?” takonku nalika wis tekan ngarep warung.
“Sakersane Mase mawon, badhe nyukani pinten. Boten enten tarife, Mas.”
Aku ngulungi dhuwit limangewu. Bocah mau saya sumringah wae. Atiku uga melu mesem weruh eseme bocah mau.
“Matur nuwun sanget, Mas.”
Bocah mau banjur mlayu ana emperan toko cedhak warung kucingan. Aku melbu warung lan pesen teh anget. Saka warung, aku weruh bocah ojek payung mau lagi ngetung dhuwit sing kayane asile saka ngojek payung dina iki. Pancen sedina iki udane wis bola-bali, ping telunan. Bocah mau mesthi iya wis awit mau anggone ngojek payung, nanging apa ora sekolah?
“Dhek, Dhek, mrenea! Ngeyup ana kene!” Aku ngawe-awe bocah mau.
Bocah mau banjur marani aku.
“Badhe ngojek payung malih, Mas?” pitakone kanthi alus.
“Ora, Dhek. Kene melbu, kowe ngelih ta?” Aku ngejak melbu bocah mau ana warung kucingan.
“Sampun, Mas. Kula boten luwe.”
“Ya wis, kene ngombe teh wae, ben ora katisen kowe.”
“Walah, sampun, Mas. Mangke malah ngrepoti njenengan,” bocah mau mesem rada rikuh.
“Ora, ora. Aku ora repot kok. Kene lungguha!”
Bocah mau banjur lungguh ana cedakku. Dakpesenake teh anget lan daktawani gorengan sing isih kemebul anget.
“Jenengmu sapa, Dhek?” pitakonku, banjur nyrutup teh angetku.
“Yudi, Mas,” wangsulane karo dolanan pojokan meja sing taplake wis suwek-suwek.
“O, Yudi. Tehe dombe, Yud!  Ora usah isin-isin!” dakcedhakake gelas isi teh anget sek dakpesen mau.
“Awakmu isih sekolah ora,Yud?”
“Tasih, Mas. Kula kelas 4,” wangsulane karo mesem.
“Wah padha karo adhiku, Yud. Awakmu yen ngojek payung ngono kadhemen apa ora kuwi?”
“Boten, Mas. Kula boten krasa adhem marga wonten bapak ingkang ngangetake badan kula.”
 “Maksutmu piye, Yud? Kok aku sajak rada ora mudheng,” pitakonku rada bingung krungu wangsulane Yudi mau.
“Bapak kula menika sampun seda, nanging taksih ngancani kula saben dinten, ati kula dados saged anget terus,” Yudi mesem.
Aku rada trenyuh, nanging uga rada mrinding. Yudi banjur menyat saka lungguhan, dheweke njaluk pamit. Jebul udane wis mulai terang.
“Mas, kula rumiyin nggih. Matur nuwun sampun numbaske teh,” Yudi banjur njupuk payunge sing didelehake ana ngisor meja.
Nalika Yudi arep mlayu, aku banjur kelingan ban pitku sing bocor.
“Eh, Yud, mengko ndhisik. Aku meh takon,” Yudi banjur mengok.
“Pripun, Mas?”
“Tambal ban sing cedhak ngendi ya? Kae ban pitku ki bocor,” aku ngacungi pitku sing semendhe ana cedhak warung kucingan kuwi.
“Oh, dakterke mawon, Mas.”
Aku lan Yudi mlaku anuju bengkel tambal ban. Yudi malah karep nuntunake pitku. Aku mlaku karo ndelengake Yudi terus. Batinku terus wae gawe pitakon-pitakon marang Yudi, sajak penasaran.
“Niku Mas bengkele.”
“Oh, iya. Nuwun ya, Yud,” wangsulanku karo rada kaget.
“Kula rumiyin nggih, Mas. Mangkeh nek kula dipunpadosi mbak kula.”
“Iya, Yud. Oiya, omahmu sebelah ngendi Yud? Kapan-kapan aku takmampir.”
“Mriku, Mas. Mlebet gang ingkang caket warung soto Mbok Parmin,” Yudi ngacungi warung soto sing ora adoh saka bengkel mau.
Sabubare pamit, Yudi banjur lunga. Aku nyawang lakune Yudi nganti gegere ora katon. Ana batinku, aku pengin ngerti urip padinane Yudi sing sajake nenyuhake ati. Saka omong-omongan sing singkat mau, aku ngerti yen Yudi mau bocah kang ora seneng ngeluh sanajan uripe rada rekasa ngono.
“Assalamu’alaikum,” aku ndhodhog lawang blabak sing wis kebak ukirane rayap.
Sore kuwi, bubar kuliyah, aku nekani omahe Yudi. Ananging omahe suwung. Tanggane omong yen Yudi lagi ana ing klinik nunggoni mbakyune sing lagi lara. Aku banjur nuju klinik mau.
Ana ing klinik, aku weruh Yudi lagi ndulang mbakyune. Yudi crita yen mbakyune ketabrak motor nalika ider gorengan. Mbakyune kuwi wis mandheg sekolah, marga ora ana biyayane lan ora ana sing mbiyayai. Amarga bapake wis seda lan ibune lunga dadi TKW ing Malaysia sing nganti saiki ora tau menehi kabar. Yen ijeh sekolah, mbakyune Yudi kira-kira kelas telu SMP. Dheweke ngalah ora nerusake sekolah supaya bisa nyekolahake Yudi.
“Yud, awakmu wis mangan durung?” takonku nalika bubar ndulang mbakyune.
          “Ayo mangan dhisik! Iki aku mau mampir tuku sega kluban ana warung ngarep klinik,” aku ngetokake bungkusan sega kluban saka plastik kresek.
          “Nuwun nggih, Mas,” Yudi nampani sega mau banjur dipangan kanthi ngetamul, sajak ngelih banget.
          “Mas Riski kok ngertos yen kula wonten mriki?”
          “Mau aku dolan ana ngomahmu, trus tanggamu menehi ngerti yen awakmu ana klinik nunggu mbakyumu. Oiya, sing nabrak mbakyumu piye, Yud? Tanggung jawab ta?”
          “Ingkang nabrak menika bablas lunga, Mas. Boten tanggung jawab,” wangsulane Yudi kanthi sedhih.
          “Lha terus anggone bayar klinik piye?”
          “Menika kula mecah celengan kula ingkang asil saka ngojek payung,” Yudi mesem.
          Aku uga melu mesem. Aku banjur pamit metu sadhela.
          “Yud, iki ana dhuwit sithik kanggo nambahi bayar biyaya klinik mbakyumu,” aku ngulungake amplop isi dhuwit sing lagi wae dakjupuk saka ATM. Dhuwit simpenan saka kirimane wongtuwaku saben sasi.
          “Ah, sampun, Mas. Boten sah repot-repot. Menika nggih sampun diampili tangga kula, Mas.”
          “Ora, Yud. Aku ora repot, namung pengin mbantu awakmu lan mbakyumu. Wis, dhuwit iki simpenana! Mengko nek turah bisa kanggo tuku buku ta?”
          “Matur nuwun sanget, Mas,” Yudi nampa amlpop mau kanthi mesem rikuh.
          Aku lan Yudi saya suwe saya akrab. Yudi wis dakanggep kaya adhiku dhewe. Seminggu pisan utawa nalika sela, aku dolan ana omahe Yudi. Aku kadhang uga marai sinau Yudi, malah kadhang mbakyune uga melu nunggoni sinau. Rasane kaya nemu kulawarga anyar.
          Nalika dina Minggu sore, aku dolan ana omahe Yudi. Aku kaget marga omahe Yudi rame banget. Yudi banjur nyedhaki aku sing isih ngadeg karo nggujeng pit.
          “Mas Riski, mriki Mas mlebet!” Yudi nggawakake pitku banjur distandarke ana ngisor wit nangka ngarep omah.
          “Iki sajake ana apa, Yud? Kok rame banget omahmu.”
          “Mas, menika kanca-kanca kula badhe nyuwun dipunajari sinau. Ngapunten nggih, Mas. Kula boten kandha kaliyan Mas Riski rumiyin,” Yudi ndhingkluk.
          “Oalah, iya iya, Yud. Ora papa. Malah seneng aku. Kene-kene, padha lungguh!” aku mesem, seneng campur trenyuh weruh bocah-bocah cilik mau.
          “Matur nuwun, Mas,” Yudi sumringah seneng banget. Dheweke banjur melu lungguh.
          Bocah-bocah mau dakajari etung-etungan lan dakdongengake kancil lan baya. Sanajan aku ora pinter banget anggone ndongeng, bocah-bocah mau ngrungokake kanthi temenan lan padha ngguyu nalika aku mragakake polahe kancil sing nakal nanging cerdhik kuwi.
          Aku seneng banget bisa kenal lan cedhak karo bocah-bocah mau. Bocah-bocah sing isih lugu-lugu, sing polahe lucu-lucu kebak esem lan guyu. Nalika daktakoni, bocah-bocah mau rata-rata uga ngojek payung kaya Yudi. Kabehe padha ngojek payung kanggo mbantu wongtuwane bayar sekolah. Sanajan asile ora sepirakna, nanging bisa ngenthengake biyaya sekolahe.
          “Yen pas ora usum udan, terus piye?” pitakonku marang salah siji bocah kancane Yudi mau.
          “Dodol koran, Mas,” wangsulane karo ngguyu.
          Aku rasane isin banget nalika krungu wangsulane bocah mau. Isin marang Yudi lan kanca-kancane. Amarga aku sing wis cah gedhe, kuliyah isih ngandhelake dhuwite wongtuwa. Beda karo bocah-bocah mau sing padha golek dhuwit dhewe kanggo biyaya sekolah.
          Saka patemonku karo Yudi, aku bisa entuk pelajaran sing apik banget lan pengalaman kang ora bisa daklalekake. Urip kuwi ora ana sing rekasa, namung piye carane ngadhepi urip kuwi, lan kepiye anggone dhewe nyikapi pacoban urip kuwi, arep digawe rekasa apa ora.


0 komentar:

Posting Komentar