APA TA PENTINGE MACA NOVEL KUMANDHANGING
KATRESNAN ?
Pentinge maca novel
KUMANDHANGING KATRESNAN kuwi salah
sijine kaya sing disebutake pangriptane, Any Asmara. Yaiku nggambarake
sawijining lelakon sih katresnan jati antarane R.Sukmana lan R.A.Tien Tisnowati
kang nrenyuhake ati. Novel iki uga nggambarake kukuhing adat istiadat kang ora
kena diowahi, nganti ndadekake lelakon kang ngeres-eresi. Mula, crita iki
pantes yen dadi tapa palupi tumrap para mudha kabeh kang lagi padha ngambah ing
madyaning sih katresnan.
Novel iki iya
njelasake yen wong wadon kuwi kudu sregep, alus sifate, sabar, lan ora tau
ubyang ubyung yen ora prelu banget. Karakter kuwi digambarake nganggo paraga
Sri Endah Wahyu. Mula, novel iki bisa gawe conto kanggo polah lan lakune para
bocah wadon. Saliyane kuwi yaiku nggambarake kabektenane anak marang wong
tuwane. Sanajan wis ngerti yen wong tuwane kuwi dudu wong tuwa kandhunge, rasa
tresna lan bektine tetep ora owah. Kaya Sri Endah marang RS. Ranuasmara utawa
Sukmana sing tetep bekti nalika wis ngerti yen Ranuasmara kuwi dudu bapak
kandhunge.
Uga ana bagiyan sing
nyritakake kahanane Sukmana sing putus asa, malah nganti arep stres marga pisah
karo R.A Tien Tisnowati. Nanging putus asane mau ora banjur keterusen. Sukmana
banjur sadhar lan duwe tekad pengen nerusake sekolah meneh. Iki nggambarake
wong sing bisa nglawan kasedhihane lan bisa ngadhepi utawa nrima kasunyatan sing
abot lan rekasa.
Liyane kuwi, novel sing
ditulis marang Any Asmara iki ngetokake adat sing isih dilakoni lan isih kukuh.
Kayata perjodhowan sing isih dilakokake wong tuwane Tien. Perjodhowan sing
mandhang drajat sosiale. Marga Sukmana mung wong cilik, ora duwe apa-apa, dadi
tresnane ora direstuni karo wong tuwane Tien.
Yen maca novel iki
bisa gawe trenyuhe ati, nanging ya gawe greget lan bisa gawe pasinaon urip.
Paraga-paragane sing digambarke kanthi kuwat lan karaktere sing cetha, nambahi
novel iki menarik kanggo wacan. Saliyane kuwi, uga akeh pasinaon sing bisa
dijupuk saka pengalaman urip paraga-paragane, misale Sukmana bisa kuwat atine
lan sabar ngadhepi perkara urip sing abot. Perkara kuwi kayata nalika ngerti
yen wong sing ditresnani malah uripe nelangsa marga arep ditinggal bojone
ngantenan maneh. Banjur Sukmana ya gelem ngopeni anake Tien (wong sing
ditresnani Sukmana) sing dudu anak kandhunge kanthi kaya anake dhewe.
0 komentar:
Posting Komentar