APA TA PENTINGE MACA NOVEL SINGKAR
?
Yen maca novel SINGKAR, iki warna-warna teladhan sing
bisa dijupuk kanggo urip. Teladhan saka dalan uripe paraga-paragane. Ing novel
iki, salah sijine nyritakake babagan perjodhowan. Anake dipeksa karo wong tuwne
dadi nganten marang wong sing ora ditresnani. Kayata Narumi sing dijodhokake
karo Sulaiman lan banjur Nani (anake Narumi lan Sulaiman) sing dijodhokake karo
Kurniawan.
Ing novel iki kaya-kaya simboke
anggone njodhokake anake kuwi mung marga mbiyen dheweke iya dijodhokake marang
wong tuwane. Ing perkara iki bisa dijupuk pesene, yen wong tuwa kuwi aja meksa
anake ngantenan marang wong sing ora ditresnani. Wong tuwa oleh ngandhani lan
nuduhake sing apik kanggo anake, nanging aja meksa kahendhake.
Anak sing dipeksa terus marang
anake malah bisa nglawan lan mbrontak. Lan iki bisa mecah karukunane kulawarga.
Ananging, anak uga aja banjur duraka marang wong tuwane, tetep kudu bekti lan
ngormati. Mula kuwi, anak lan wong tuwa kudune padha rerembugan kanthi apik
kanggo nemu dalan metu perkara kuwi. Ora malah banjur padha kukuh ana egone
dhewe-dhewe.
Saliyane kuwi, novel sing
pangriptane Siti Aminah iki uga nyritakake pemudha sing jenenge Nusa. Nusa kuwi
pemudha sing pengen gawe pertaniyan ing Desa Singkar luwih maju. Nusa ngajak
wong-wong ana ing desa kono ninggalake pakulinan migunakake obat lan rabuk
pabrikan. Lan uga ngajak nandur pari lokal sarta nganggo cara sing
tradhisiyonal. Mbiyen sing miwiti pagaweyan iki yaiku Tori, kancane Nusa. Sanadyan
ora gampang anggone ngajaki warga, nanging Nusa tetep usaha terus.
Ora mung Nusa, ana novel iki
uga nyritakake pemudhi sing jenenge Inten. Inten kuwi ngabdi ana ing desane.
Ngabdine kuwi liwat mulang bocah-bocah cilik sing ana desane. Inten pengen
bocah-bocah mau nguri-uri desane lan predhuli apa-apa sing ana ing sakiwa
tengen desane. Dheweke duwe pandhangan, yen berjuang nalika dadi mahasiswa kuwi
ora mung melu dadi aktivissing senenge aksi dhemo, macetake dalan banjur melbu
koran lan tivi. Ananging salebare lulus, yo mung padha wae karo mahasiswa
liyane. Yen pengen merjuwangke negara lan masyarakat kuwi ora mung perlu
bengak-bengok, nanging cukup tumindak saka perkara sing cilik.
Saka crita nom-noman loro mau,
Nusa lan Inten, bisa dijupuk conto sing apik. Pemudha kuwi kudune duwe greget
anggone merjuwangake negara lan masyarakate. Anggone merjuwangake kuwi ora kudu
bengak-bengok melu dhemo utawa kudu sing muluk-muluk, nanging bisa diwiwiti
saka perkara sing cilik. Perkara sing ana ing sakiwa tengene. Amarga tumindak
cilik kuwi bisa nggawa pengaruh gedhe kanggo kemajuwane negara iki lan ngembangake
potensi masyarakate.
Ana maneh perkara sing bisa
digawe conto saka novel iki, yaiku perkara uripe Samhadi lan kulawargane.
Samhadi kuwi mbiyen ninggalake anak lan bojone. Kuwi mau sing gawe Kurniawan (anake)
ora seneng marang bapakne. Ananging, Samhadi banjur njaluk ngapura karo
Kurniawan. Dheweke iya tetep tanggung jawab mbiyayai sekolah anake. Sanadyan
Kurniawan tetep sebel marang bapake kuwi, nanging bapake kanthi alus njelaske
perkara sing sabenere. Perkara sing sabenere yaiku, Sahmadi namung bisa nguwei
nafkah utawa duwit kanthi sithik kanggo bojo lan anake, nanging bojone malah
ndakwa dheweke nggunakake duwite kanggo wanita simpenan. Banjur dadi reributan
ing kulawarga kuwi mau.
Perkara ing ndhuwur kuwi bisa
dijupuk intine, yen curiga ki aja kedawa-dawa, lan kudu cepet diberesake. Iki
supaya ora ana perkara anyar maneh saka kacurigaan mau. Saliyane kuwi, yaiku
dadi wong kuwi aja seneng duwe prasangka ala, kudu digoleki benere dhisik.
0 komentar:
Posting Komentar