geguritan 6

Senin, 14 Desember 2015

| | |


     1.     Jam
Namung muter
Ora tau leren
Leren sadhela bakale bingung
Keri lakune
Gawe repote sing ndeleng awakke
Dadi ruwet panata gawene
Bubrah kabeh rencanane
Aja nganti lali anggone magawe
Muter ajeg aja njegegreg
Kudu mlaku ora oleh mandheg
Mangko lakumu kesrimpet-srimpet

 
      2.    Gelang Anyaman
Mubeng nang tangan
Diiket-iket warna-warni
Abang ijo kuning ireng
Tandha seneng
Ngiket tekad lan gegayuhan kang kebak ing ati
Tandha kekuwatan
Kuwat ndadekake siji jumangkah anuju bungah
Kanggo panglipur lara rasa kang ambyar
Dianyam-anyam saka tali akeh dadi siji
Dadi gelang siji kang migunani
Pratandha setya salawase



         3.    Urip Mampir Ngecash
Wis ganti
Urip saiki ora mampir ngombe
Saiki sek butuh ngombe ora namung manungsane
Saiki bubrah dadi uripe mampir ngombe
Wis ganti
Iki prinsipe wis ora padha kaya sing digala
Uripe padha ganti ngecash hape
Iki piye dadine?
Uripe saiki namung nggujeng alat sing jenenge hape
Mampir ngecash rana rene
Supaya urip hapene
 

     4.    Bumi pretiwi
Bumi pretiwi kang asri endahing siti
Tan bisa polah dadi bubrahing manah
Seneng nanging iya susah
Arep nangis, nanging kok rasane bungah
Dilarani bocah ora tau duka
Tangismu meneng ora ana sing mireng
Esemmu katon sajagad kena seneng
Ati kaya diiris-iris
Nanging ora dadi tangis
Namung cumlorot endahmu sing saya endah kena udan riwis-riwis
Ngayomi manungsa kang criwis lan gawe rusak sing ora uwis-uwis


5.    Gunung Krakatau
Gagah katon saka sikil nganti tekan sirah
Ngadeg jejeg ora goyah kagodha endahing samudra kang amba
Banyu sing kimplah-kimplah ora dadi luruhing manah
Siyaga njaga bumi nusantara
Dadi gapurane bumi Indonesia
Nalika wektu kang tumiba
Wektumu kang kudu nyemburake isi weteng kang arupa geni lan mawa
Kebul ireng metu saka lambe amba
Panase mateni apa-apa kang diliwati
Manungsa, kewan, wit-witan padha mati
Nganti Sumatra Jawa wis ora dadi siji

 

0 komentar:

Posting Komentar