geguritan 5

Minggu, 13 Desember 2015

| | |


1.     Iki piye?
Kemrungsung nalika kesusu
Gregeten yen ora bisa cepet anggone mlaku
Misuh-misuh karo sing ngregoni ing laku
Bingung arep gawe iki apa iku?
Disusu dadi saya gupuh
Malah tambah grusah-grusuh
Iki piye? Iki piye?
Kena apa gaweyane dadi kaya ngene?
Diganti-ganti carane tetep wae ora becim hasile
Kudu sabar iki atine
Digawe lakune kanthi anteng pikire
Supaya ora ruwet panjangkahe


2.    Kuli Gendhong
Badan saya ora imbang
Mbliyer-mbliyer mandeng sing disawang
Saya ora katon wujude panandhang
Sajak katrem ing awang-awang
Njegegreg karo dedonga
Dedonga marang kang Maha Kuwasa
Supaya awakke bisa golek bandha sangu donya
Bathukke iya pancen wis ngerut
Gegere mingkup ora bisa nggendhong beras lan barang abot
Nanging anak lan bojo sing nguwatake awakke sing angslup
Bisa kerja tanpa suntrut
 
3.    Dongeng
Ana kancil sing pinter
Ana gagak sing gampang diapusi
Ana semut sing urip rukun dadi siji
Ana kebo sing seneng nulung becik atine
Uga gajah sing gedhe kupinge
Padha dolanan ana ing ndhuwur bantal
Gegojekkan sajroning impen
Kekancan ora padha nakalan
Dadi carita kanggo sangu turu
Bungah lan seneng nalika krungu carita lucu
Nanging saiki saya ilang kageser crita luwar
Ganti spiderman lan manungsa lawa kang mabur mubyar-mubyar


4.    Bonang sing Digadhang
Tangan loro gegujengan
Digenggem nanging ora kenceng
Alon-alon dithuthuk dadi lelagon
Pisan pindho ora bisa
Terus-terusan saya kuwasa
Bisa mlayu kanthi remen
Sanadyan kaping sapisane kudu dituntun nemen
Nabuh bonang dadi sing digadhang
Bisa krungu suwara kang nuntun kanthi sabar
Namung mesam-mesem sanajan diduka marga ora bisa-bisa
Iki bonang kang digadhang
Dilagokake dadi suwara kang endah bungah sajroning manah

 
5.    Kursi DPR
Empuk...
Alus...
Wangi...
Apik...
Mesthi larang kursi DPR kae
Dijagong bokong ora krengket-krengket
Mesthi ora bisa rusak kursi DPR kae
Marga rusakke wis pindhah ana sing linggah
Mesthi awet kursi DPR kae
Ora tau dilungguhi kanthi pokro
Namung dilungguhi sadhelut ora krasa
Mesthi penak kursi DPR kae
Sing lungguh wae nganti turu angler
Melu rapat nagara ditinggal merem
Ora isin melbu tipi lagi ngiler

0 komentar:

Posting Komentar