A.
TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha
tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana
sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.
Tuladhane :
·
sato kéwan = perkara kéwan
·
ayem tentrem = tentrem tenan
·
tepa tuladha = tuladha
·
tresna asih = asih tenan
·
colong jupuk = perkara nyolong utawa
kagiatan nyolong.
Conto liyane
: tumpang tindhih, dana
driyah, mukti wibawa, tingkah laku.
Tuladhane ukara sing nganggo tembung
saroja :
1.
Wong Jawa pranyata nduweni kabudayan kang adi luhung.
2.
Pegaweyane mung angkat junjung, apa bisa nyukupi kebutuhane kulawargane
?
3.
Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben
dinane.
4.
Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.
5.
Satriya ing Madukara iya raden Harjuna pranyata satriya kang sekti
mandraguna.
B.
JOGJASWARA
Tembung yogyaswara iku tembung kang
ngresepake, amarga kepenak dirungokake.
Tuladha:
dewa-dewi, apsara-apsari, kedhana-kedhini, putra-putri, siswa-siswi, mahasiswa-mahasiswi, gandarwa-gandarwi, pramugara-pramugari, raseksa-raseksi, lsp.
Tembung
yogyaswara beda lho ya karo dwilingga salin swara. Menawa dwilingga salin swara
kuwi ora duwe teges lanang wadon, ananging tegese padha.
Tuladhane
dwilingga salin swara:
bola-bali, wira-wiri, mloka-mlaku, mrana-mrene, lsp.
C.
TEMBUNG GARBA (SANDI)
bola-bali, wira-wiri, mloka-mlaku, mrana-mrene, lsp.
Tembung
garba yaiku nggandheng tembung loro utawa luwih kanthi cara nyuda cacahing wanda (suku
kata).
Tuladha:
[1] a + a = a
tuladha : sesotya + adi = sesotyadi
tuladha : sesotya + adi = sesotyadi
[2] a + i = e
tuladha : parama + iswara = parameswara
tuladha : parama + iswara = parameswara
[3] a + u = o
tuladha : sara + utama = sarotama
tuladha : sara + utama = sarotama
[4] a + o = o
tuladha :aOcdadya + ojat = dadyojat
tuladha :aOcdadya + ojat = dadyojat
[5] i + i = i
tuladha :
tuladha :
siti + inggil = sitinggilaOc[6] i + a = ya
tuladha :aOclagi + antuk = lagyantuk
tuladha :aOclagi + antuk = lagyantuk
[7] u + a = wa
tuladha :aOcmasku + ari = maskwari
tuladha :aOcmasku + ari = maskwari
[8] u + i = wi
tuladha :aOcmunggu + ing = munggwing
tuladha :aOcmunggu + ing = munggwing
[9] o + a = wa
tuladha:aOckebo + alasan = kebwalasan
tuladha:aOckebo + alasan = kebwalasan
Tuladha liyane:
·
narendra → nara +
endra,
·
lagyantuk → lagi +
antuk,
·
dupyarsa → dupi +
arsa,
·
kapyarsa → kapi + arsa.
· jiwa + angga = jiwangga
· lebda + ing = lebding
· nara + endra = narendra
· dupi + arsa = dupyarsa
D.
TEMBUNG PLUTAN
Tembung plutan yaiku tembung kang wandane loro kang
dirangkep didadekake sawanda.
Tuladha :
1. para
dadi pra
2. kiyat
dadi kyat
3. suwara
dadi swara
4. murih
dadi mrih
5. weruh
dadi wruh
6. sari
dadi sri
7. suwarga
dadi swarga
8. sarana
dadi srana
9. dicuwowo
dadi dicwowo
10. suwasa
dadi swasa
11. kuluban
dadi kluban
12. gumerit
dadi gumrit
13. kuwalon
dadi kwalon
14. deres
dadi dres
15. kuwasa
dadi kwasa
16. serat
dadi srat
17. purihen
dadi prihen
18. keras
dadi kras
19. dereng
dadi dreng
20.
sinarawedi dadi sinrawedi
21. samaya
dadi smaya
22. seret
dadi sret
23.
sumangkeyan dadi smangkeyan
24.
sakarepmu dadi skarepmu
25.
saprongkal dadi sprongkal
26.
ketambuhan dadi ktambuhan
27.
telulikur dadi tlulikur
28. suwidak
dadi swidak
29. suwasa
dadi swasa
30. pinerang
dadi pinrang
31. cuwiri
dadi cwiri
32. welas
dadi wlas
33.
gumantung dadi gmantung
34. sinerang
dadi sinrang
Sumber :
0 komentar:
Posting Komentar