Kadadeyan Dina Iki
Simbah
lagi ngresiki peturone sing reget
marga akeh tibanan
mbako rokok. Peturone disulaki lan disapu nganti resik. Aku arep ngrewangi,
nanging simbah malah ngongkon aku nggodhog kacang lan tela kanggo acara kumpulan RT mengko
bengi. Sawise mateng, godhogan
kacang lan tela kuwi
banjur didelehake cething. Ananging telane kematengen, mula banjur didheplok, digawe gethuk.
Deplokan sing
kanggo gawe gethuk, aku nyileh nggone budhe.
Sabubare
gawe gethuk, adhiku ngejak pit-pitan
ana ngalas. Nalika tekan prapatan
cedhak ngalas, aku weruh kancaku sing baguse ora jamak. Dheweke lagi motoran karo mbakyune. Mbakyune nyelukake aku, aku manthuk lan
mesem. Nalika wis tekan ngalas, aku lan adhiku golek mas-masan. Mas-masan kuwi
kewan cilik kaya kepik, nanging warnane emas. Aku lan adhiku oleh mas-masan
akeh, kira-kira
ana rong puluh.
Mas-masan mau banjur diburke loro-loro.
Sawise
mas-masan mau entek, aku ngejak adhiku ndelok alas sing lagi digaru. Panggarape ora liya
pakdheku dhewe. Nalika aku lagi namatake carane nggaru, adhiku malah dolanan lendhut. Dheweke
banjur ngregeti
tanganku, nalika daklokke supaya aja dolanan lendhut.
Adhiku
dakjak bali, nanging durung gelem bali. Adhiku malah nantang cepet-cepetan mlayu ana
ing galengan. Aku wegah, marga wedi yen mengko tiba ing lendhutan. Adhiku
namung meneng lan mbesengut nalika dakbonceng bali.
Tekan
ngomah, wis ana bapak sing lagi leren rolasan. Bapak dhahar lan luhuran, banjur magawe maneh. Ana ing
meja jebul wis ana bakso sing numbasake bapak. Bakso mau kanggo aku lan adhiku,
nanging adhiku ngakuni
yen bakso kuwi namung kanggo dheweke, ora oleh ana sing jaluk. Simbok banjur
ngandhani adhiku supaya gelem menehi baksone.
“Angger
digawekake es jeruk ya, Mbak.”
“Ya
wis, tak gawekake,” semaurku karo mlaku anuju pawon.
“Es
jeruke diplastiki
terus ditaleni
gawa karet ya, Mbak!” adhiku mbengok saka ngarep tipi.
Supaya
adhiku ora nangis lan gelem menehi bakso mau, aku sumarah wae nggawekake kekarepane mau. Nalika wis
rampung gawe es jeruk, aku ndadak manasake baksone dhisik, marga kesuwen dibukak dadi anyep lan ngendhal. Sanajan mangkelake, aku tetep
gelem manasake bakso mau.
Sawise
kuwi, baksone dibagi dadi rong mangkok. Aku lan adhiku banjur mangan bakso.
Baksone dakwenehi sambel akeh supaya tambah enak. Adhiku malah melu-melu menehi
baksone sambel. Akhire adhiku megap-megap kepedhesen.
Dheweke dadi wegah mangan baksone, lan diwenehake aku kabeh.
Aku
rampung mangan bakso, banjur delok tipi karo adhiku. Adhiku yen wis ndelok
kartun bisa nganti ngompleh.
Ananging lagi sanyuk
wae aku delok tipi, aku diceluk simbok.
“Ndhuk,
klambimu sing ana lemari kae mbokya ditata, kok pating jempalikan kabeh,” dhawuhe simbok sing
nalika kuwi lagi gawe ager-ager kanggo pacitan mengko bengi.
Aku
banjur menyat menyang kamarku lan nata klambi. Ananging lagi wae entuk separo
anggone nata klambi, ana suwara mak dhor seru banget. Aku kaget tenan. Adhiku uga kaget, malah
nganti nangis sesegukan.
Simbokku banjur nggandheng aku lan nggendhong adhiku metu omah. Simbah uga melu
metu lan nganti lali ora sandhalan.
Suwara
mau jebule suwara gas elpijine tanggaku sing njebluk. Gas mau njeblug marga
anggone masang kurang kenceng. Tanggaku banjur padha mlayu golek banyu kanggo
mateni geni supaya ora mbrembet ana ing omah liyane.
“Aja
mrana, engko nek
liyak geni!” Simbok melingi aku nalika aku arep nyedhak, pengin delok.
Untung
wae genine ora gedhe, dadi sing kobong namung ambrak pawon. Lik Kus, tanggaku
sing kejeblugan gas uga ora parah, namung sikile kena luka bakar sithik.
“Ndhuk,
adhimu gocekana sadhela! Aku taknjupuk salep kanggo tamba Lik Kus,” simbok
banjur mlaku bali.
Wengine,
bubar ngrewangi simbok nata panganan kanggo kumpulan RT, aku banjur turu.
Awakku wis krasa kesel banget.
Mbesuk uga aku
arep lunga menyang Ngayogyakarta karo kanca-kancaku.
KATRANGAN:
1. Ngresiki:
N-resik-i = verba de adjektival
2. Peturon: pa-turu-ane
= nomina de verbal
3. Tibanan: tiba-nan
= nomina de verbal
4. Disulaki:
di-sulak-i = verba de nominal
5. Disapu: di-sapu
= verba de nominal
6. Aku:
pronomina persona/ purusa (utama purusa)
7. Kumpulan:
kumpul-an = nomina de verbal
8. Godhogan:
godhog-an = nomina de verbal
9. Kuwi:
pronomina demonstratif substantif
10. Kematengen:
adverbia transposisi dari kata sifat (adjektiva)
11. Deplokan:
deplok-an = nomina de verbal
12. Pit-pitan:
dwilingga ‘pit’-an = verba de nominal
13. Prapatan:
pra-papat-an = nomina de numeralia
14. Baguse: bagus-e
= nomina de adjektival
15. Ora
jamak: adverbia murni
16. Dheweke: pronomina
persona/ purusa (pratama purusa)
17. Motoran: motor-an
= verba de nominal
18. Kira-kira:
adverbia transposisi dari kata kerja (verba)
19. Rong
puluh: numeralia majemuk berupa morfem pangkal plus morfem pangkal
20.Loro-loro:
numeralia ulang penuh tanpa perubahan vokal
21. Digaru: di-garu
= verba de numeralia
22.Panggarape:
paN-garap-e = nomina de verbal
23.Nggaru: N-garu
= verba de nominal
24.Ngregeti:
N-reget-i = verba de nominal
25.Cepet-cepetan:
dwilingga ‘cepet’-an = verba de adverbial
26.Rolasan: rolas-an
= verba de numeralia
27.Luhuran: luhur-an
= verba de nominal
28.Ngakuni: N-aku
= verba de pronominal
29.Diplastiki:
di-plastik-i = verba de nominal
30.Ditaleni:
di-tali-ni = verba de nominal
31. Sumarah: um-sarah
= adjektiva de verbal
32.Manasake:
N-panas-ake = verba de adjektival
33.Ngendhal:
N-kendhal = adjektiva de nominal
34.Mangkelake:
adverbia transposisi dari adjektiva
35.Megap-megap:
dwilingga = adjektiva de adverbial
36.Kepedhesen:
ke-pedhes-en = adverbia transposisi dari adjektiva
37.Ngompleh:
adverbia murni
38.Sanyuk:
adverbia murni
39.Pating
jempalik: adverbia murni
40.Mak dhor:
adverbia murni
41. Sesegukan:
adverbia murni
42.Sandhalan:
adverbia transposisi dari nominal
43.Mrana:
pronomina demonstratif arah jauh
44.Banget:
adverbia murni
45.Mbesuk: pronomina
demonstratif temporal
0 komentar:
Posting Komentar