DAMAR
WULAN
Damar
Wulan kuwi ponakane Patih Logender, Patihe Kerajaan Majapahit. Damar Wulan isih
keturunan raja, nanging dheweke urip
karo simbahne.
Kanggo
golek gaweyan, Damar Wulan dikongkon simbahne lunga menyang Majapahit. Ananging
ana ing Kerajaan Majapahit kuwi, dheweke ora disenengi karo Layang Kumitir lan
Layang Seta, sing ora liya anake Ptih Logender.
Nalika
ngerti yen anak-anake ora seneng karo Damar Wulan lan ora kepengin yen
anak-anake saingan karo Damar Wulan, mula Patih Logender ngongkon Damar Wulan
dadi penjaga lan pengrumat jaran.
Sanajan
namung dadi penjaga jaran sing klambine ora apik, namung biyasa, Damar Wulan
tetep ketok baguse. Putri Anjasmara, yaiku putrine Patih Logender, nalika
ngerti Damar Wulan sing baguse kaya ngono dadi kepencut. Dheweke nemoni Damar
Wulan kanthi meneng-meneng, lan akhire kalorone padha tresna.
Sawijining
wengi, Layang Kumitir lan Layang Seta ngonangi Damar Wulan lan Anjasmara sing
lagi padha tresna-tresnana. Kalorone banjur nyerang Damar Wulan. Ananging
Layang Kumitir lan Layang Seta kalah anggone nglawan Damar Wulan. Mula banjur
padha mlayu lan nemoni bapakne, Patih Logender. Krungu critane Layang Kumitir
lan Layang Seta, Patih Logender banjur arep menehi ukuman mati kanggo Damar
Wulan.
Ananging,
Putri Anjasmara nyembah-nyembah karo bapakne supaya aja menehi ukuman mati
marang Damar Wulan. Akhire Patih Logender nglebokake Damar Wulan lan Anjasmara
ana ing penjara.
Ing
panggonan liya, Ratu Kencana Wungu, Ratu ing Majapahit dilamar karo Menak
Jingga. Ananging Ratu Kencana Wungu nolak lamaran mau. Mula Menak Jingga banjur
nesu lan pengin nyerang Kerajaan Majapahit.
Amarga
serangane Menak Jingga, Kerajaan Majapahit dadi ora tenang lan rusuh. Sabanjure,
Ratu Kencana Wungu gawe sayembara, sapa sing bisa ngalahake Menak Jingga, yen
lanang bakal didadekake bojo, lan yen wedok bakal didadekake dulur. Ananging,
Ratu Kencana Wungu banjur entuk wahyu, yen sing bisa ngalahake Menak Jingga
kuwi yaiku Damar Wulan, ponakane Patih Logender.
Sanalika
kuwi, Patih Logender dikon mbebasake Damar Wulan saka penjara. Damar Wulan
dikongkon ngalahake Menak Jingga. Damar Wulan lan Patih Logender sarta para
prajurit banjur menyang ana ing Blambangan kanggo nyerang Menak Jingga.
Nalika
wis tekan, Damar Wulan banjur nuju paviliun para selire Menak Jingga. Para
selire Menak Jingga, yaiku Dewi Wahita lan Dewi Puyengan padha kepincut karo
Damar Wulan marga Damar Wulan sing bagus banget. Para selir mau banjur dadi
pengikute Damar Wulan.
Ananging,
marga Menak Jingga sekti, dheweke ngerti yen para selire lagi karo Damar Wulan.
Menak Jingga banjur niliki paviliun, lan tenan wae, ana kono para selire wis
karo Damar Wulan.
Menak
Jingga lan Damar Wulan padha gelut, anging Damar Wulan kalah. Dheweke ambruk
lan semaput. Menak Jingga banjur ngongkon prajurite supaya njaga Damar Wulan.
Nalika kuwi, para prajurite malah turu. Iki dadi kesempatane para selir. Dewi
Wahita lan Dewi Puyengan banjurnyedhaki Damar Wulan lan menehi ngerti apa sing
dadi kelemahane Menak Jingga, yaiku Gadha Wesi Kuning.
Wengine,
nalika Menak Jingga lagi turu, Dewi Wahita lan Dewi Puyengan alon-alon njupuk
Gadha Wesi sing ana ing peturone Menak Jingga. Sabubare bisa dijupuk, Gadha
Wesi Kuning mau banjur diwenehake Damar wulan.
Esuke,
Damar Wulan nantang gelut Menak Jingga. Menak Jingga kaget nalika Gadha Wesi
Kuninge ilang. Menak Jingga kalah lan sirahe dipenggal karo Damar Wulan.
Sawise
kuwi, Damar wulan bali ana ing Majapahit gawa sirahe Menak Jingga kanggo bukti.
Ananging nalika tekan ngarep hastana utawa istana, Damar Wulan diadhang Layang
Kumitir lan Layang Seta. Layang Kumitir lan Layang Seta mau arep ngrebut sirahe
Menak Jingga. Damar Wulan dikroyok nganti mati.
Layang
Kumitir lan Layang Seta akhire bisa gawa sirahe Menak Jingga lan diadhepake ing
Ratu Kencana Wungu. Ananging Damar Wulan banjur teka ngadhep Ratu Kencana
Wungu, banjur crita apa sing sabenere kadadeyan. Layang Kumitir lan Layang Seta
kaget nalika weruh Damar Wulan urip maneh. Jebule Damar Wulan mau diuripke
maneh karo pertapa sing sekti.
Sabubare
mangkono, Damar Wulan gelut karo Layang Kumitir lan Layang Seta. Dheweke bisa
ngalahke kalorone mau. Pungkase, Damar Wulan diangkat dadi Ratu ing Majapahit,
lan dadi manten karo Kencana Wungu. Kencana Wungu uga ngijinake Anjasmara lan
selire Menak Jingga (Dewi Wahita lan Dewi Puyengan) dadi bojone utawa selire
Damar Wulan.
0 komentar:
Posting Komentar