PROSESI
KANGGO NYAMBUT KLAIRAN BAYI
A. Sadurunge bayi lair
1) MAPATI
Mapati
yaiku prosesi kanggo mengeti yen kandhutane wis umur patang wulan.
Adicara
ing sajroning prosesi mapati:
·
Ngaji bareng
Surat
ingkang diwaca yaiku surat Yusuf lan surat Maryam. Kena apa kok surat Yusuf lan
surat Maryam? Amarga, supaya nalika bayi laire lanang/ jaler bisa kaya Nabi
Yusuf, lan yen wedhok/ setri bisa kaya Dewi Maryam. Anggone maca Qur’an,
biyasane dilakokake karo
tangga
teparo.
·
Mbagi sega kluban
Sabubare maca
Qur’an, banjur didumi sega kluban.
2) MITONI
Mitoni
yaiku prosesi kanggo mengeti yen kandhutan wis umur pitung wulan.
Adicara
ing sajroning prosesi mitoni:
·
Calon ibu
utawi tiyang setri ingkang ngandhut menika siram ana ing blumbang utawa kali.
Anggone siram nganggo telesan jarit. Jarite ana pitung warna, dinggo
gonta-ganti nganti jarit terakhir.
·
Anggota kulawarga lan direwangi tangga teparo
utawa sedhereke padha masak maneka warna panganan. Panganan menika awujud
‘berkat’ utawa panganan sing diwadhahi cething.
·
‘Berkat’ mau didongani karo tiyang sepuh sing
dipercaya ana ing dhaerah kono. Sabanjure ‘berkat’ mau dibagekake marang tangga
teparo.
·
Wengine, tangga teparo kang biyasane tiyang-tiyang
kakung utawa bapak-bapak padha rawuh ana omahe sing lagi mitono mau kanggo
donga bareng.
·
Ing pungkase adicara donga mau, banjur mecah
kendhi sing wis disiyapake (kendhi isine ana maneka warna panganan kang padha
karo sing dibagekake utawa padha sing digawe ‘berkat’). Kendhi mau sing mecah
bisa salah siji kulawargane utawa garwane sing lagi ngandhut mau.
Panganan sing dadi sarat mitoni:
·
Pitung werna sambel, kayata sambel bawang, sambel
tempe, sambel trasi, lan liya-liyane.
·
Pitung werna woh-wohan, kayata gedhang, besusu,
jeruk, lan liya-liyane.
·
Pitung werna palawija kang wis digodhog, kayata
tela pendhem (ubi), tela jendral (singkong), gembili, kacang, jagung, lan
liya-liyane.
·
Maneka werna jajanan pasar, kayata slodhok, tape,
klepon, clorot, joko ngindhil, peli kekipu, lan kupat.
·
Rujak
·
Dhawet
·
Kluban (sayuran kang digawe kluban ana pitung
werna).
B. NALIKA BAYI LAIR
1) Brokohan
Brokohan
yaiku prosesi kanggo sukuran nalika bayi lair. Adicara brokohan biyasane namung
mbagi sega kluban sing wis didongani karo tiyang sepuh sing wis biyasa
ndongani. Sawise didongani, sega kluban mau banjur dibagekake marang tangga
teparo.
C. SAWISE BAYI LAIR
1) Puputan
Puputan
yaiku prosesi utawa adicara kang dilakoni nalika bayi wis puput utawa tali
pusere garing lan ucul. Ana ing adicara puputan biyasane bayi uga diwenehi
jeneng.
Prosesi
puputan kuwi uga namung sedherhana. Biyasane puputan ngedum sega kluban utawa
berkatan sing wis didongani karo tiyang sepuh.
2) Selapanan
Selapanan
yaiku prosesi kanggo mengeti yen bayine wis umur 35 dina (selapan dina).
Sabanjure saben selapan dina, kanggo mengeti wetone, bocah mau uga digawekake
slametan arupa sega kluban utawa among-among.
Among-among
kuwi yaiku sega sing dhuwure ana klubanan lan irisan endhog godhog diselehake
ana ing beki utawa nampan sing disemeki godhong utawa kertas minyak sarta
ngisore diwenehi beras lan dhuwit receh. Among-among kuwi banjur diiderake
utawa didomake marang tangga teparo.
0 komentar:
Posting Komentar