APA TA PENTINGE MACA NOVEL KRIKIL
KRIKIL PASISIR ?
Novel ciptaane
TAMSIR AS. iki nyritakake kanguripane wong ing tlatah pasisir. Tokoh utama ana
ing novel iki yaiku Manik. Manik kuwi saka kulawarga sing ora duwe, wong cilik.
Dheweke duwe kakang sing seneng main dhadhu lan kasar, jenenge Kaharsidi.
Bapakne Manik kelakuwane uga meh kaya Kaharsidi, ora predhuli marang anak
bojone. Gaweyane ya iseh serabutan.
Manik kuwi bocah
sing bekti marang wong tuwane, nrima lan sabar ngadhepi perkara-perkara saka
kulawargane. Saliyane kuwi, akeh perkara saka njaba sing kudu diadhepi, kayata
perkara saka panggonane nyambut gawe. Sanajan ngono, Manik tetep sabar lan bisa
ngendhalekake atine. Mula iki bisa gawe conto kanggo wong sing maca novel iki,
yen duwe akih perkara kudu sabar anggone ngadhepi, aja cepet putus asa.
Ora mung mbahas
kabektenane Manik, novel iki uga nyinggung babagan perekonomian para warga lokal sing dikuwasai karo wong Cina. Para warga
sing asli saka pasisir kuwi mung dadi babune wong Cina. Mula, banjur ana wong-wong
tartemtu saka dhaerah pasisir kuwi sing ora seneng marang wong Cina. Wong-wong
mau pada nyerang lan meres wong Cina mau. Nanging ana uga wong sing asli saka
pasisir sing tetep predhuli marang wong Cina, gelem ngorbanake nyawane kanggo
nylametake wong Cina mau.
Liyane kabeh kuwi,
ana maneh sing marakake novel iki penting diwaca, yaiku gambaran saka
pangriptane dhewe. Pangriptane nggambarake, sanajan ing bebrayan kuwi kerep
tuwuh daredah saka paragane sing srakah, seneng padha maen, lan kasar, nanging
tetep iseh ana katresnan murni sing nylempit ing sela-selane sifat ala mau. Iki
mau digambarake nganggo paraga sing jenenge Kaharsidi. Bocah kuwi senenge kasar,
seneng dolanan dhadhu lan nduweni sifat-sifat sing ala. Ananging, Kaharsidi iseh
duwe rasa predhuli lan tresna marang adhine lan simboke. Gelem nggoleki adhine
pas adhine digawa lunga karo wong sing sok adol wong wadon. Sarta lilo
ninggalake wong sing ditresnani kanggo bukti bektine marang bapake.
Banjur ing novel
iki uga njelasake, yen iseh ana rasa kamanungsan lan aluse budi saka wong-wong
sing lagi padha gelut. Sarta ora tegel nglarani lan gawe susahe kulawargane
dhewe. Mula bisa dijupuk intine, yen wong sing ketok kasar lan ala sifate, ora
terus-terusan dadi wong ala, mesti bisa maleh dadi wong sing luwih becik. Lan
malah nganti bisa nglakoni apa wae kanggo kulawargae, kanggo wong-wong sing
ditresnani. Wong sing duwe lelakon ala kuwi uga bisa nduweni laku sing becik,
marga ana ing atine manungsa kuwi ana rasa tresna marang sesamane.
1 komentar:
Best Casino Games and Slots | JtmHub
The 구리 출장마사지 first game to become a winner 세종특별자치 출장샵 in our 제주 출장샵 Casino Games category is the Megaways 경기도 출장안마 slot 광주 출장안마 machine, which gives you an easy to play bonus. The
Posting Komentar