KELINGAN DHEK JAMAN MBIYEN
Dening:
Annisak Maulani
Wengi
kuwi udane wis ora deres, gludhuge uga wis saya ora krungu. Tumetese banyu turahan
udan kang tiba saka pucuking gendheng dadi irama kang nentremake ati. Hawane
sing adhem seger uga ndadekake wong-wong saya angler, saya kenceng anggone
krukupan kemul. Sepi banget. Nyenyet, ora ana wong kang sliweran metu ngomah.
Omah-omah wae wis padha petengan. Wis ora ana senthir kang murub, kajaba siji
kang ana ing senthonge Mbah Mul.
“Mbah,
kula dipuncariyosaken malih, Mbah!”
Dirga narik-narik lengene simbahe sing lagi nyawang sragam tentara kang
wis lawas, nanging isih katon gagah. Mbah Mul namung ngingetake Dirga karo
mesem.
“Kene,
kene..., dhak critakake. Arep njaluk critakake apa? Kancil nyolong timun?” Mbah
Mul ngejak Dirga lungguh ana dhipan kang wis pating krengket kuwi.
“Boten
kancil ta, Mbah. Kancil menika nggih boten remen kaliyan timun kok. Hehe...
cariyos babagan perang jaman rumiyin mawon, Mbah!” Dirga semangat banget yen
krungu crita babagan perang lan para pejuwang Indonesia, marga Dirga kepengen
dadi tentara.
“Crita
perang maneh? Ora bosen ta kowe, Le?”
“Nggih
boten, Mbah. Cariyos makaten sae sanget, menapa malih wonten tentara ingkang
mbeta bedhil. Gagah sanget kados Simbah,” celathune Dirga nggodha simbahe kuwi.
“Mbah,
kula menawi sampun ageng, badhe dados tentara kados Simbah. Mangke kula saged
mbedhili tiyang landa ingkang njajah Indonesia menika,” Dirga pancen kepengen
dadi kaya simbahe kang mbiyen dadi pasukan tentara.
“Oalah,
Le, apik tenan gayuhmu kuwi. Ananging mangertiya ya, Le, tentara kuwi ora mung
angger bisa gawa bedhil. Yen dadi tentara kuwi kudu ngadohi sipat kang adigang,
adigung, lan adiguna,” kandhane Mbah Mul.
“Adigang,
adigung, lan adiguna menika menapa ta, Mbah? Menapa menika sipat ingkang boten
becik?” pitakone Dirga kanthi temenan anggone nggatekake simbahe sajak
penasaran.
“Bener
kuwi, Le. Adigang, adigung, lan adiguna kuwi pancen sipat ala kang aja ditiru.
Adigang kuwi sipat kang seneng ngandelake kasugihane utawa kekuwasaane. Yen
adigang kuwi sipat kang seneng ngandelake kuwate awak lan kewanenane, saengga
kabeh padha ditantang gelut sarta seneng ngece. Sipat kang ketelu yaiku adiguna
duwe arti sipat kang ngandelake kapinterane, sanadyan kapinterane ora sepiraa,”
Mbah Mul nerangake kanthi gamblang.
“Menawi makaten tentara menika kedah andhap asor,
sanadyan piyambakipun gadhah badan ingkang kiyat kaliyan pinter nggih, Mbah?”
“Ora mung kuwi, uga kudu bisa ngayomi masyarakat kabeh,”
tambahe Mbah Mul.
“Sakedhap nggih, Mbah, kula pendhetaken unjukanipun,”
Dirga mlayu anuju pawon karepe gawe teh anget kanggo simbahe.
“Weelha... ngerti wae kowe, Le,” Mbah Mul ngingetake
lungane Dirga sing ora let suwe wis teka maneh.
“Menika unjukanipun, Mbah,” Dirga ngulungake gelas blek
kang isi teh anget marang simbahe.
“O, yoh. Matur nuwun ya, Le,” Mbah Mul nyrutup teh angete.
Piyambakipun banjur ndelehake wedang teh mau ana meja cilik sisihe dhipan lan mbenakake
anggone lungguh. Dirga uga melu-melu mapakake lungguhe.
“Tak critani ya, Le. Nalika jaman penjajahan mbiyen,
kira-kira taun 1942-an, Magelang iki diparani karo tentara-tentara Jepang sing
arep padha njajah. Anggone njajah kuwi luwih kejem saka tentara Walanda. Wong-wong
saka kabeh dhaerah ing Magelang padha dikon kerja
paksa utawa romusha. Ora namung
kuwi, para tani uga kudu menehi separo hasil panene sing utamane beras. Yen
nganti nolak ora gelem menehi, bakale kena ukuman, yaiku diajar lan nganti
ditembak barang.”
“Wah kejem sanget nggih, Mbah, Jepang menika. Menawi romusha menika dipunbayar boten, Mbah?”
pitakone Dirga.
“Wong-wong kang
melu romusha kuwi namung entuk bayar
arupa pangan. Pangane kuwi iya ora sepirakna, namung growol utawa tiwul. Kuwi
we mung sepisan tok, kadhang malah ora diwenehi pangan barang. Mangkono uga
anggone menehi wektu leren, namung sadhela wae. Mula akeh wong kang padha lara
lan mati.”
“Lajeng romusha menika dipunkengken kerja menapa kemawon,
Mbah?”
“Romusha kuwi
dikon gawe guwa-guwa ana ing pegunungan sing dinggo ndhelik tentara Jepang,
mbangun dalan ing ngisor lemah, uga mbenakake panggonan-panggonan kang rusak
marga perang.”
“Lajeng simbah nggih ndherek romusha menika?”
“Iya, Le. Mbiyen simbah karo kangmase simbah sing jenenge
Mbah Suta dipeksa melu romusha. Simbah
iki uga ngalami sing jenenge kurang pangan, adus ora tau, klambi ya mung duwe
siji. Mung alhamdulillah simbah bisa kuwat lan urip nganti tekan saiki.
Ananging Mbah Suta nalika kuwi kena malaria sing njalari piyambake seda,” Mbah
Mul sajak trenyuh kelingan jaman kuwi. Mbah Mul banjur njupuk wedang teh sing
wis rada anyep kena sumilire angin wengi kang mlusup saka bolongan-bolongan
gedhek.
“Durung ngantuk ta, Le?” pitakone Mbah Mul bubar
ndelehake gelas isi teh mau.
“Dereng, Mbah,” wangsulane Dirga kang isih lungguh
methengkres ana ngarepe Mbah Mul.
“Ya wis tak bacutake critaku ya, Le.”
Mbah Mul pancen seneng banget yen nyritakake kadadeyan-kadadeyan
jaman mbiyen. Kadadeyan kang dadi kenangane nalika dheweke melu ngarasakake
kejeme penjajah sing saka ‘Tirai Bambu’ kuwi. Dheweke dadi kaya bali maneh ana
ing jaman kuwi. Rasa trenyuh uga tarkadhang melu teka nalika eling kepiye
rekasane urip sing kekupeng tentara-tentara ora duwe rasa kamanungsan kuwi.
“Mbiyen ta, Le, klambi sing padha dinggo ki mung klambi
sing digawe saka goni utawa bagor, kuwi we mung padha duwe siji utawa loro.
Mangkono uga simbah, Le. Tarkadhang nalika klambi goni kuwi lagi dikumbah,
anggone ngenteni garing, simbah kungkum ana kali utawa blumbang. Yen wis rada
garing, lagi mentas lan nganggo klambine mau.”
“Menapa boten gatel ta, Mbah, yen nganggo klambi goni
menika?”
“Iya gatel, Le. Lha nalika kuwi mung anane goni. Klambi
kang saka bakal kaya sing dinggo ing jaman saiki ki mbiyen jeh larang tenan,
Le. Padha ora bisa tuku, marga kanggo mangan wae dhuwit ora cukup. Gatel wis
ora dirasa maneh, kebak tinggi apa tengu ya wis padha ora dirasakake maneh.
Mula kuwi, saiki disukuri, wis bisa ngrasakake enake mangan sega, klambine uga
wis padha apik-apik. Anggonmu sekolahe iya kudu sek temenan, supaya bisa
ndadekake nagara iki luwih diajeni nagara liya, ” Mbah Mul sambi nelus-elus
pundhake Dirga.
“Nggih, Mbah,” Dirga mesem karo manthuk-manthuk.
“O inggih, Mbah, kula sampun nate mireng menawi simbah
buyut menika seda amargi dipuntembak kaliyan tentara Jepang. Menika napa leres,
Mbah?”
“Bener, Le. Simbah buyutmu sing ora liya bapakku dhewe,
seda amarga ditembak tentara Jepang kang lagi keliling nariki beras hasile
panen. Nalika kuwi, tentara Jepang kang lagi padha keliling krungu, yen ana
warga sing padha nyinggahake beras ana ing ruang
rahasia sing panggone ana ngisor omah. Mula, yen nganti ketawan nyinggahake
beras, para warga kuwi bakale entuk ukuman. Simbah buyutmu sing dadi
salahsijine warga kang nyinggahake beras mau, lan ndilalah ketawan karo tentara
Jepang. Amarga simbah buyut uga nolak menehake beras mau, dheweke banjur
ditembak.”
“Lha menapa kok simbah buyut manika boten purun nyaosaken
berasipun? Menapa boten anjrih kaliyan tentara menika?” pitakone Dirga kanthi
penasaran.
“Simbah buyutmu kuwi wegah anggone menehake beras, marga
dheweke wegah ngingetake kulawargane padha kengelihen lan lara le kurang pangan.
Nganti wis tau, saking eman-eman karo panganan, simbah buyutmu sing putri mlayu
karo nggawa katel kang isine sega sing isih setengah mateng, marga wedi nalika
ana helikopter tentara Jepang liwat.”
“Dirga..., ayo turu sek! Simbah ya ben leren barang,
sesok meneh critane!” Mak Imah melbu kamare Mbah Mul ngejak Dirga leren.
“Mangke ruiyin ta, Mak. Kula dereng ngantuk.”
“E, lha kok ora manut ta, kowe? Mesakake simbah, kon
crita wae. Simbah iya wis kesel, sesok maneh critane!” Mak Imah nyendaki Dirga.
“Wis leren sek, Le! Sesok simbah critakake maneh. Kowe
sesok esuk ya sekolah ta?”
“Nggih, Mbah. Ngenjing dipuncaritosaken malih nggih,
Mbah?”
“Iya, Le. Sesok dhak critakake maneh, saiki manuta makmu,
aja ngeyel yen karo wongtuwa kuwi. Anggone sinau kudu sing temenan, ben mbesok
bisa keturutan dadi tentara ya, Le?” Mbah Mul ngelus-elus sirahe Dirga tandha
tresnane marang putune kuwi.
Dirga pamit karo simbahne, banjur melbu kamare. Mak Imah
uga melbu kamare sabubare ngejokki wedange Mbah Mul. Wengi kuwi Dirga entuk
akeh crita kang nrenyuhake lan bisa dadi pasinaon kanggo dheweke.
“Dirga, malah ngalamun. Ayo saiki wektune dhewe patroli
pathok perbatasan!”
Suwarane Bambang mbubarake lamunane Dirga. Dirga sing
saiki wis dadi tentara kuwi kerep kelingan simbahne, Mbah Mul, sing setaun
kepungkur wis tinggal donya. Kelingan nalika dicritani babagan perjuwangan ing
jaman penjajahan lan crita-crita liyane sing gawe Dirga seneng banget karo
simbahne kuwi. Amarga kerep dicritani babagan perjuwangan dhek jaman mbiyen,
Dirga saiki melu-melu berjuwang ana ing perbatasan Indonesia. Dheweke lan kanca
tentara liyane entuk tugas patroli pathok, yaiku mriksa pathok-pathok sing dadi
batase negara Indonesia karo negara liya. Pathok-pathok kuwi padha diresiki lan
diwenehi tandha yen pathok kuwi bar diresiki.
“Oiya, Bang. Sek entena aku, tak njupuk peralatane sek!”
Dirga banjur mlayu njupuk barang sing dibutuhake kanggo patroli pathok mau.
Sabubare njupuk barang-barang sing dibutuhake, Dirga lan
tentara liyane padha mencar anuju pathok-pathok mau. Anggone patroli, ana sing
wong telu, ana uga sing wong lima. Cacahe beda-beda nurut adoh lan cadhake
pangonan pathok mau.
0 komentar:
Posting Komentar