geguritan 7

Selasa, 15 Desember 2015

| | |


      1.     Sumpahe para Mudha
Mudha kudu wani
Wani nglampahi kang wis dadi sumpah sejati
Sumpah agawe nagari iki maju
Bebas tan kena jajah dadi padha kepradah
Sumpah ndadekake basa negara basa kang siji
Nanging basa dhaerah aja dadi lali
Sumpah kang kudu keiket ana ing ati
Aja lali nganti tekan mati
Marga sumpah kang diucap tan kena dicidra
Supaya pemudha bisa mbangun nusa lan bangsa kang wis mardika

      2.    Jumangkah kang Salah
Jumangkahku ora tamtu jumangkah kang becik
Jumangkahku bisa uga salah
Salahe salah jumangkah
Sing ngalor dadi ngetan
Sing ngidul dadi ngulon
Maju dadi mundhur
Malah mbalik sajakke bingung
Mangulon katon apik, mangetan katon becik
Ngalor katon bener, ngidul katon seneng
Madhep mandhuwur golek tandha kang bener-bener bener
Supaya jumangkah ora namung bener, nanging uga gawa seneng
 
      3.    Tembang dolanan
Cublak-cublak suweng
Saiki wes padha ora seneng
Ora seneng tetembangan bareng-bareng
Gundhul-gundhul pacul
Bocah saiki wis padha ucul
Ucul tali pangiket kang njaga laku lampahe
Lir ilir tandure wus sumilir
Mlipir-mlipir supaya ora katon jawane
Digawe-gawe ben kaya dadi wong modern
Duku apa salak?
Saiki wis padha rusak
Rusak budayane kang kudune dadi idhentitase


     4.    Siji ora loro
Yen siji kuwi siji
Ora ana siji kuwi loro
Apa maneh siji kuwi telu
Ngendi bisa siji kuwi loro
Yen siji kuwi loro
Apa terus loro kuwo papat?
Dadi yen wis dadi siji, aja maleh dadi loro
Apa meneh dadi lara
Dadi tamsaya bubrah
Etungan iki pancen wis pakem
Emboh pakeman seko ngendi
Namung ngerti yen kuwi wis dipakemake
Ora bisa ngrubar apa maneh mbubrah

 
      5.    Bapa
Bapa saiki taksih rekasa
Rekasane ora dadi duka, nanging dadi suka
Golek arta kanggo butuhe kulawarga
Sing ngomah tarkadhang namung ngerti nampa
Kringet kang padha tiba
Dadi saksine usaha kanggo nyenengake anak kang digala-gala
Anak siji sing wis dadi kenya
Dadi pangarepe kulawarga
Bapa ora njaluk apa-apa
Dongane iya ora neka-neka
Namung urip manfaat donya akhirat


0 komentar:

Posting Komentar