Conto ukara sing ana nomina, verba, lan adjektiva non-murni
1.
Perjuwangane
dibacutake dening Nyi. Tumenggung Martalaya.
(nomina de verbal)
2.
“Demak iku adoh Ngger, kowe kudu dikancani wong loro.”
(verba de nominal)
3.
Jaka Tingkir melu rerewang matun tanduran pari sing ijo
royo-royo.
(nomina de verbal)
4.
Nyai Ageng Tingkir bungahe ora karuwan,
nganti lunjak-lunjak.
(nomina de adjektival)
5.
“Kowe beja Ngger, wong tuwa sing paring pitutur iku Kanjeng Sunan
Kalijaga.
(nomina de verbal)
6.
Ing TTS, nomer 21 menengen pitakone jeneng
Kahyangane Bathara Wisnu.
(nomina de verbal)
7.
Dhuwit semono akehe kebuwang muspra,
kamangka kanggo ngragadi
proyek MRT ing Jakarta mung butuh 9 T.
(verba de nominal)
8.
Pulisi cacah atusan agahan dikirim munggah nedya mikut
wong-wong kasebut.
(nomina de numeralial)
9.
Petugas Badan Narkotika mriksa bolongan sing kanggo
oncad tahanan kasus narkoba cacah 10.
(nomina de adjektival)
10.
Yusril mbandhingake karo Presiden
Soeharto lan Presiden SBY sing setiti banget maca draft perpres sadurunge ditapak-astani.
(verba de nominal)
11.
Sebab, ngendikane Presiden,sing wenang ngangkat Wakapolri
mono mung Kapolri.
(nomina de verbal)
12.
Mula saiki akeh wong sing bisnis kanthi
mentala lan sengaja ‘ngracuni’
liyan.
(verba de nominal)
13.
Kaluputane
gawe sari klapa kanthi bakal campuran pupuk Urea.
(nomina de verbal)
14.
Salwiring produk panganansing dipasarake kanggo publik
kudu ana perijinane.
(verba de nominal)
15.
Dodolan balok (singkong goreng) ana ing prapatan Wirobrajan
Yogya.
(nomina de numeralial)
16.
Konsumen utawa pihak sing tuku kudu
entuk jaminan keamanan
lan kenyamanan.
(nomina de adjektival)
17.
Nalika pengunjung sikile wis ngidak ing salah siji pojok
pulo, bakal bisa ngresepi alam kang endah.
(nomina de verbal)
18.
Nusakambangan sisih Kidul sing arah
madhep Samudra Hindia dikebaki
watu karang.
(verba de adjektival)
19.
Saka dermaga adohe kira-kira kari sekilo meter kanthi dalan sing
rata.
(nomina de adjektival) lan (adverbia
transposisi dari kata kerja)
20.
DPRD Cilacap mbantu merjuwangake pepenginan kasebut liwat
jalur politik.
(nomina de verba)
21.
Feri panyebrangan khusus iki uga diawaki dening Petugas
Pemasyarakatan.
(nomina de verbal)
22.
Ngelingi sejarah lakune Pak Harto biyen.
(nomina de verbal)
23.
Koleksi wayang Limbuk lan Cangik sing
ajeg dianggo Bapak Begug nalika melu ndalang.
(verba
de nominal)
24.
Museum diresmikake dening Megawati Soekarnoputri ing
tanggal 1 September 2004.
(verba de adjektival)
25.
Biyen sumur kuwi nganggo pring lan gantungane watu sing dadi
piranti nimba banyu.
(nomina de verbal)
26.
Upamane ana sing ora trep, Kemenag kudu mbecikake.
(verba de adjektival)
27.
Penetepan aquo ora duwe kekuwatan
kang ngiket.
(nomina de adjektival)
28.
Penetepan tersangka kang ditindakake KPK
marang kliene banget ngrusak
kepercayaane kliene.
(verba de adjektival)
29.
Sesuwene 2010-2013 yaiku tataran
penyelenggaraan ibadah haji lagi nedheng-nedhenge dibecikake.
(verba de adjektival)
30.
Panetepan pawongan dadi tersangka
ditindakake sawise KPK nampa lapuran
saka penyidik.
(nomina de verbal)
31.
Pemkot nyaguhi bakal berjuwang kanggo makmurake nasibe guru ing
Surabaya.
(nomina de verbal)
32.
Ujare Williams sarampunge pertandhingan kaya kang
ditulis Daily Mail.
(Nomina de verbal)
33.
Dheweke mainake permainan kang paling
apik lan dadi pemain
sing apik.
(Nomina de verbal)
34.
Kadadeyan kang kaya mangkono kuwi nggilani para penumpang
pesawat.
(adjektiva de verbal)
35.
Pelaksanaane ditindakake kanthi lisan
utawa nganggo tabuhan
calo’.
(nomina de verbal)
36.
Tansah nindakake dhawuhe Gusti Allah lan
ngedohi larangane.
(verba de adjektival)
37.
Muga-muga teka sunar kabecikan saka Gusti
Allah.
(nomina de adjektival)
38.
Pasrah marang Gusti Allah lan pungkasane
panyuwune
dikabulake.
(nomina de verbal)
39.
Para tahanan namung sumarah nalika digawa
menyang penjara.
(adjektiva de verbal)
40.
Anggone dedonga kanthi temenan supaya panyuwunane bisa
dikabulake marang Gusti Allah.
(nomina
de verbal)
0 komentar:
Posting Komentar