1.
Mbah Kakung lan Mbah Putri
Lungguh ana dhipan lawas
Krengket-krengket
nalika dilungguhi mbah kakung lan mbah putri
Lungguh
jejer ngedhep tela godhog kang iseh kemebul
Dikancani
wedang teh pait
Nanging
dadi legi kena eseme mbah kakung lan mbah putri kang ngujiwat
Sunar-sunar
srengenge nrobos bolongan-bolongan gedheg
Kang
nambai angete esuk kuwi
Ora
prelu sarapan kang ‘empat sehat lima
sempurna’
Trima
tela lan teh tanpa gula
Mbah
kakung lan mbah putri wis atur sokur marang Kang Kuwasa
2.
Dodol Janganan
Rina
wengi tansaya sepi
Suwara
jangkrik dadi lelagon kang nesepi ati
Tangi
nalika liyane padha katrem inga alam impi
Krusak-krusek
ana pawon
Nyiapake
dodolan kanthi alon-alon
Banjur
nuntun onthel menyang pasar
Dhasar
janganan nganti wengine bubar
Nganti
semburat abang katon ing babg-babg wetan
Terus
bali nalika donyane wis padhang
Nyepakake
sarapan kanggo anak-anakke sing digadhang
3.
Garisan
Dawa ana angkane
Sing cendhak uga ana angkane
Dawa cendhak padha gunane
Plastik, kayu, apa wesi
Padha-padha kanggo nggarisi
Nanging ora nggarisi uripe manungsa
Arep nggaris lurus apa miring
Kabeh tetep dadi garis sing lurus
Marga garisan gunane kanggo gawe garis sing lurus
Sing miring kuwi sajake tetep garis lurus
Namung arahe wae sing
beda
Ana lurus sing maju, munggah, lan nyerong
Mangkono uga atine manungsa
Kabeh ati kuwi lurus
Emboh luruse sing nandi
Lurus kang anuju bener, apa lurus kang anuju salah
Lurus apikke, apa lurus alane
4.
ASU
Apa
kuwi asu?
Mesthi
padha ngecapyen asu kuwi ala tur saru
Sajake
asu kuwi apa ta?
Jeneng
kewan ta?
Kena
apa kok dadi ala?
Dadi
ala yen ora trep panggonane
Nanging
yen trep iya apik-apik wae
Ora
dadi omongan kang ora becik
Supaya
nalika omong asu ora banjur dadi saru
Asu
malih saru lan ala nalika dipasangake kanggo manungsa
Jengeng
asu kanggo asu kuwi ora saru
Jeneng
asu dadi ala yen kanggo manungsa
5.
Laptop
Dibukak byak..
Layare katon cemlorot
Pucuking driji awit ndumuk-ndumuk kothakan
Kothakan kang diarani mouse
Mlaku ngalor ngidul, ngetan ngulon, dadi mosak masik
Golek file kang dikarepake
Klik kana klik kene mbukaki folder siji lan sijine
Banjur ditutup nalika wis cukup
Ganti liyane
Ngetik siji baka siji huruf gawe tembung
Dadi kalimat rang garapane
Driji mlumpat rana rene nggranyangi sakarepe dhewe
Ora protes, ora misuh, namung meneng wae
Nrima polah lampah bendarane
Sing kadhang ora aji nggunakake
0 komentar:
Posting Komentar