1.
Tatune angkasa
Angkasa
katon peteng ireng
Thathite
menclorong mbelah langit
Gumleger
suwara gludhug
Kaya-kaya
langite arep amleg
Lintange
ora wani ngetok
Rembulane
anteng ana mburi mega-mega ireng
Wengi
peteng kebak tangis
Tangise
para dewa nyaksekake manungsa
Manugsa
kang gawe rusakke donya
Amuk
sang angkasa weruh kancane disiya-siya
2.
Curug
Gemrojog
suwara banyu
Suwara
banyu tiba nubruk watu
Nyiprat-nyiprat
nelesi godhong-godhong waru
Mili
dadi kali bening
Mampir
ana sawah-sawahe para warga
Nguripi
wit pari
Banjur
lunga ninggal sawah anuju segara
3.
Kawula Dasih
Namung
kawula
Kawula
sing nrima
Nrima
kahanan kang adoh saka kasugihan donya
Nrima
meneng kena alane para panguwasa
Namung
dadi kawula
Duwe
gawe kanggo nyenengke bendara nagara
Omonganmu
rindhik ora dirungu
Pancen
dadi kawula sing dasih
Emboh
apa kuwi kawula dasih
Ngertine
kuwi namung wis dadi kawula dasih
Kawula
sing ngabdi karo nagara sing sugih
4.
Kudhung biru
Kudhung
biru kang ayu
Ayu
kaya widadari lagi padha gumuyu
Mlakune
nglambe-nglambe njaluk dialem
Njawel-njawel
pengen disandhing
Kudhung
biru pengen dituku
Digawa
bali banjur dinggo mlaku-mlaku
Mesam-mesem
saya ayu
Bungah
tenan dadi sesenengan
5.
Pahlawane para Mahasiswa
Mahasiswa
saiki ki wis padha mulya
Apa
tenan kuwi mulya?
Mulya
apane
Pangan
kerepe iya mi
Emboh
sing goreng apa sing ana duduhe
Mi kuwi
wis kaya pahlawane para mahasiswa
Terus-terusan
rewang nalika weteng mahasiswa padha ngelih
Murah
tur wareg
Nanging
pahlawan apa yen gawe memala
Wareg
iya, ngirit iya
Nanging
apa iya sehat?
Emboh...
Ngertine
namung warege wae
0 komentar:
Posting Komentar