sinopsis Suminten Edan (Kethoprak Wahyu Manggolo)

Rabu, 09 Desember 2015

| | |





SUMINTEN EDAN

Adegan I
Kahanane Kadhipaten Trenggalek lagi rusuh. Ingkang gawe rusuh menika yaiku brandhalan-brandhalan kang dipimpin karo Singa Gobrah, Singa Loreng, lan Singa Limbad. Para warga ing Kadhipaten Trenggalek dadi padha wedi lan ora tenang marga polahe brandhalan mau.
Nalika brandhalan-brandhalan mau padha omong-omongan ana ing hutan, prajurit-prajurit Trenggalek kang dipimpin karo Patih Trenggalek teka. Prajurit mau arep padha numpas brandhalan sing wis gawe rusuh Kadhipaten Trenggalek.
Adegan II
Para prajurit Trenggalek lan brandhalan padha adu kekuwatan. Siji baka siji prajurit lan bradhalan mau maju lan tarung.
Adegan III
Patih Trenggalek nglawan Singa Gobrah, Singa Loreng, lan Singa Limbad. Ananging Patih Trenggalek kalah, banjur lunga karo prajurit-prajurite.
Adegan IV
Patih Trenggalek lan prajuri-prajurite mau tekan ana ing pinggir alas. Patih banjur nemoni Warok Gunaseca kanggo njaluk tulung numpas brandhalan-brandhalan sing gawe rusuh Trenggalek. Warok Gunaseca nyaguhi anggone numpas brandhalan kang dipimpin Singa Gobrah, Singa Loreng, lan Singa Limbad. Dheweke banjur pamit karo Patih Trenggalek lan lunga goleki para brandhalan mau. Patih lan prajurit-prajurite uga lunga anuju Kadhipaten.
Adegan V
Singa Gobrah, Singa Loreng, lan Singa Limbad sarta anak buwahe lagi padha lungguh ing hutan. Nalika lagi padha omong-omongan, Warok Gunaseca teka. Jebule sing dadi dhalange karusuhan ing Kadhipaten Trenggalek mau yaiku warok Gunaseca dhewe. Mula mau nalika dikongkon numpas para brandhalan, dheweke nyaguhi kanthi gampang lan entheng banget.
Warok Gunaseca crita yen lagi ana sayembara ing Kadhipaten Trenggalek. Sayembara mau kanggo sapa wae sing bisa numpas para brandhalan sing wis gawe rusuh ing Kadhipaten Trenggalek bakal diwenehi hadhiyah.
Brandhalan-brandhalan mau padha ribut yen bakal ngajar lan mateni sapa wae sing wani numpas para brandhalan mau. Ananging banjur padha kaget nalika Warok Gunaseca omong yen dheweke sing bakal numpas brandhalan mau.
Warok Gunaseca nerangake rencanane. Dheweke ngongkon para brandhalan mau supaya ethok-ethok dicekel lan gelem digawa ngadhep Adipati Trenggalek (Adipati Sudibyangalim). Ananging Warok Gunaseca melingi supaya aja ngomong yen dheweke sing ndalangi kerusuhan ing Kadhipaten Trenggalek.
“Mula cukup semene wae kowe-kowe anggone gawe rusuh!” Warok Gunaseca ngomong karo para brandhalan mau.
“Sampeyan ki pripun ta? Mula sampeyan ki sing ngongkon. Kadhipaten Nggalek wis kadhung rusuh,” Singa Gobrah semaur.
Warok Gunaseca banjur omong maneh yen dheweke bisa nyekel brandhalan-brandhalan, bakal entuk hadhiyah. Sawise kuwi para brandhalan banjur sarujuk.
Adegan VI
Ana ing njero Kadhipaten Trenggalek, Patih lagi ngadhep Adhipati Sudibyangalim. Patih nglapurake yen dheweke lan para prajurite durung bisa numpas para brandhalan-brandhalan kang gawe rusuh. Dheweke uga crita yen anggone numpas para brandhalan mau njaluk tulung Warok Gunaseca.
Let sadhela, Warok Gunasecateka karo Singa Gobrah, Singa Loreng, lan Singa Limbad sing wis dibanda tangane. Sawise ngaturake sembah, Warok Gunaseca nglapurake yen dheweke wis bisa nyekel pimpinan para brandhal sing gawe rusuhe Kadhipaten Trenggalek.
 Adhipati Sidibyangalim banjur ngintrogasi katelu Singa mau. Singa Gobrah, Singa Loreng, lan Singa Limbad ora nglapurake yen Warok Gunaseca sing ngongkon gawe rusuh. Katelune padha reka-reka dhewe apa sing dadi alesane gawe rusuh. Ana sing muni marga butuh dhuwit kanggo nguripi anak-anake sing akeh, ana uga sing uni kanggo bayar utang.
Warok Gunaseca banjur njaluk Adhipati Sudibyangalim mbebasake para brandhalan mau, lan ngomong yen dheweke sing dadi jaminan kanggo para brandhalan mau. Sawise para brandhalan mau dibebasake, Warok Gunaseca diwenehi hadhiyah karo Adhipati. Hadhiyahe yaiku anakke Warok Gunaseca (Suminten) bakal didadekake manten karo anakke Adhipati Sudibyangalim kang jenenge Raden Mas Subroto.
Warok Gunaseca banjur njaluk pamit marang Adhipati lan bakal nyiapake pesta mantenane anakke karo Raden Mas Subroto.
Adegan VII
Adhipati Sudibyangalim sing lagi lungguh ana singgasanane nyelukake anakke, Raden Mas Subroto. Sawise Subroto teka, dheweke nerangake apa kang wis direncanakake. Subroto diomongi yen dheweke bakal dijodhohake marang anakke Warok Gunaseca sing jenenge Suminten.
Ananging, Raden Subroto ora sarujuk lan wegah dijodhohake marang Suminten. Adhipati banjur omong yen Subroto ora gelem dijodhohake marang Suminten, mula dheweke bakal diusir saka Kadhipaten Trenggalek.
 Sadurunge diusir, Raden Subroto malah wis minggat dhisik. Dheweke wegah dijodhoke marang Suminten.
Adegan VIII
Ana ing hutan, para emban padha nembang lan jejogedan. Banjur Cempluk teka lan nggabung karo para emban mau. Sanalika kuwi Jin Genthong lagi liwat lan weruh Cempluk. Dheweke banjur seneng karo Cempluk lan nggodhani. Cempluk sing digodhani wegah marga wujude Jin Genthong sing elek. Cempluk banjur mlayu lan ditututi karo Jin Genthong.
Adegan IX
Cempluk dioyak karo Jin Genthong. Nalika kuwi Raden Subroto uga lagi liwat hutan, banjur weruh Cempluk sing lagi dioyak-oyak karo Jin Genthong. Raden Subroto nulungi cempluk saka Jin Genthong mau.
Adegan X
Ana ing ngalas, bapakke Cempluk, yaiku Warok Suramenggala lagi macul. Let sadhela, bojone lan bocah wadon (embane) teka gawa rantang (ngirim sega) kanggo dhahare Warok Suramenggala.
Nalika kuwi, Cempluk banjur teka, lan kandha bapakke yen dheweke dioyak-oyak karo Jin Genthong.
Raden Subroto banjur teka. Warok Suramenggala weruh tekane Subroto langsung nyerang Subroto. Ngertine sing ngganggu Cempluk mau Raden Subroto. Cempluk banjur nrerangake yen Subroto kuwi sing nulungi dheweke saka Jin Genthong.
Jebule Jin Genthong isih nututi. Dheweke kepengin ngepek bojo Cempluk. Warok Suramenggala menehi sarat kanggo Jin Genthong yen kepengin dadi manten karo Cempluk, yaiku bisa nggujeng utawa nampani sabuk kang bentuke kaya usus warnane putih.
Ananging Jin Genthong gagal, ora bisa nampani sabuk mau. Dheweke banjur malyu lunga.
Adegan XI
Jin Genthong ora bisa nampani sabuke Warok Suramenggala. Dheweke banjur lunga nemoni paklike sing lagi tapa. Paklike banjur menehi usul yaiku bakal ndadekake rupa Jin Genthong dadi kaya Subroto.
Tenan wae, ora suwe Jin Genthong maleh dadi kaya Subroto. Dheweke banjur lunga arep nemoni Cempluk.
Adegan XII
Ana ing omahe Cempluk, Subroto nemoni Cempluk. Amarga rupane Jin Genthong wis maleh kaya Subroto, Cempluk ora ngerti yen sing nemoni dheweke kuwi Jin Genthong. Cempluk gelem wae digawa melbu ana kamar karo Subroto palsu mau. Nalika Cempluk lan Subroto Palsu lagi ana kamar, Raden Subroto sing asli teka.
Radeh Subroto asli kaget nalika ngerti Cempluk lan Subroto palsu lagi ana kamar. Subroto asli lan Subroto palsu banjur padha gelut.
Nalika lagi padha gelut, bapakke Cempluk, Warok Suramenggala teka lan misahake kalorone. Bapakke uga bingung nalika ngerti yen Raden Subroto ana loro.
Warok Suramenggala banjur ngetes sapa sing Subroto asli lan sing palsu. Anggone ngetes, Warok Suramenggala njaluk kalorone supaya nampani sabuke sing sekti kuwi. Sapa sing bisa nampani, mula kuwi Subroto sing asli.
Ananging kalorone padha-padha ora bisa nampani, marga saking kuwate sabuk mau. Subroto asli banjur ambruk lan ora sadhar, sing Subroto palsu banjur maleh dadi Jin Genthong maneh. Jin Genthong mau banjur mlayu lunga. Raden Subroto sing asli mau ditambani karo Warok Suramenggala.
Adegan XIII
Ana ing omahe, warok Gunaseca lan kulawargane lagi nyiapake pesta mantenane Suminten lan Raden Subroto. Nalika kuwi, ana pengawal sing nglapurake yen perjodhohan antarane Suminten lan Raden Subroto dibatalake.
Kabeh kulawargane Warok Gunaseca padha kaget krungu mangkono. Suminten sing wis dandan ayu uga kaget, malah nganti semaput.
Sawise ditambani, Suminten banjur tangi. Ananging, Suminten malah dadi edan. Dheweke omong dhewe, ngguya-ngguyu lan ujug-ujug nangis. Suminten wis dadi edan marga ora sida dadi manten karo Raden Subroto.
Adegan XIV
Warok Gunaseca banjur nekani Warok Suramenggala nalika ngerti yen Raden Subroto ora gelem karo Suminten, lan malah dadi manten karo Cempluk. Kalorone padha gelut. Anggone gelut padha-padha nganggo sabuk sakti.
Ananging Warok Gunaseca kalah.
Adegan XV
Suminten banjur ditambani karo Warok Suramenggala, sing ora liya pakdhene dhewe. Amarga Warok Suramenggala lan Warok Gunaseca kuwi kakang adhi.
Sawise mari, Suminten banjur ditemokake karo Cempluk lan Raden Subroto. Warok Suramenggala sing ngerti yen Suminten mau jebule wis dijodhokke karo Raden Subroto, mula dheweke banjur ngomong karo Raden Subroto lan Cempluk. Warok Suramenggala ngomong yen Suminten bisa dadi bojo kelorone Raden Subroto. Mula kuwi Raden Subroto saiki duwe bojo loro, yaiku Cempluk lan Suminten.


0 komentar:

Posting Komentar