1.
Anoman
Pituture
si kethek putih
Kang
aran anoman
Uripe
dawa ora karuwan
Awit
jamane Rama nganti tekan Yudhistira
Awit
omahe jonggring saloka nganti dadi padhepokan kendhalisada
Si
anoman saya tuwa
Uripe
akeh gawe tapa brata
Pituture
bisa dadi ajaran kanggo manungsa
Yen
pengen urip dawa supaya duwe gujengan kang kuwat
Yen ora
kuwat mangka urip namung muspra
Urip
kudu urup supaya begja mulya
2.
Bapak
Bapak...
Apurana
aku
Anakmu
kang mbalelo iki
Ora
ngerti rekasamu golek rejeki
Ngertiku
namung mangan lang njaluk sangu kanggo dolan nandi-nandi
Bapak...
Anakmu
iki saya gedhe nanging ora ngerti abote beban sunggiyanmu
Aku
mulya marga kringetmu
Aku
nyandhang busana apik marga krenggos ambeganmu
Bapak...
apurana anakmu kang durung bisa gawe senenge lakumu
3.
Kacamata ireng
Tumemplek
ngarep mata
Disangga
irung ora mancung
Mlorot
sithik nalika kena kringet kileng-kileng
Kacamata
ireng
Dinggo
kanggo nutupi blereng
Mlirik
rana mlirik rene
Ora
katon marga peteng
Dinggo
artis kaya Justin biber
Katon
modern nganggo kacamata ireng
4.
Apa iki jaman kamardikan?
Jaman
iki wis jaman kamardikan
Wis ora
maneh dadi nagara jajahan
Bebas
saiki arep jungkir jempalikan
Nanging
budayane saya maleh ora karuwan
Wong-wonge
padha keklamben ora karuwan
Kathoke
malah milih suwek-suwekkan
Rambute
abang ijo padha semiran
Anggepe
‘gaul’ ora ‘ketinggalan’ jaman
Wong
ndesa diarani ‘kampungan’
Basane
nganggo basa wong njaba
Bombong
tenan nganggo basane wong liya
Basane
dhewe padha disiya-siya
Isin nganggo
basa dhaerahe kang prasaja
5.
Guru
Pitutur
lan lakumu digugu lan ditiru
Kudu
becik ora oleh kliru
Gaweyanmu
momong bocah
Nentahi
kanthi sabar lan ikhlas
Atimu
kudu ditata nalika bocah padha gawe polah
Bisa
ngayomi bocah-bocah
Eseme
bisa ngumbah trenyuhe muridmu
Ora
predhuli apa masalahmu
Kudu
tetep bisa nentah muridmu nganti bisa mlayu
0 komentar:
Posting Komentar