Tradisi Slametan Kematian

Selasa, 12 Januari 2016

| | |

PROSESI SLAMETAN KEMATIAN

Tradisi slametan wonten ing jawa kathah sanget, salah satunggalipun inggih menika slametan kangge tiyang ingkang seda utawi slametan kematian. Slametan kematian menika inggih wonten urut-urutanipun. Ingkang badhe kula andharaken menika slametan kematian ingkang dipuntindakaken wonten ing dhaerah Desa Ngawen, Kecamatan Muntilan, Kabupaten Magelang.
Menika panjabaranipun slametan ingkang kula serat miturut asil wawanrembag kaliyan tiyang Desa Ngawen menika, namanipun inggih menika Simbah Saliyem kaliyan Simbah Dahono.
Mitirut kekalihipun tradhisi slametan kematian menika wonten urut-urutanipun, inggih menika :
1.     Surtanah utawi Nyurtanah
Surtanah menika dipuntindakaken nalika jenazahipun dipunsarekaken utawa dipunlebetaken wonten ing liyang lahat. Tembung surtanah piyambak nggadhahi makna “ngesur tanah” utawi nguruk liyang lahat ngangge lemah.
Wonten ing adicara surtanah menika tiyang-tiyang ingkang biyasanipun sedherek utawi tanggitepalih sami dhateng wonten ing griyanipun ingkang seda menika, lajeng sami “ewang-ewang” utawi mbiyantu ndamel menapa kemawong ingkang dipunbetahaken. Menawi tiyang kakung sami ndamel tratag kaliyan nyiyapaken abrak utawi barang-barang ingkan dipunbetahaken kangge adicara menika. Menawi tiyang setri, sami mbiyantu ndamel berkat utawi bancakan lan ugi wonten ingkang ngronce utawi damel rentengan kembang lan godhong kangge hiasan krendha.
Berkat menika isinipun wonten sayur (biyasanipun sayur tahu campur krecek lan tumis buncis), bakmi, capjae, tigan godhog, lan sanesipun. Sanesipun wonten krupuk, keper, peyek, thontho ( parutan kambil dipuncampuri glepung utawi tepung beras, lajeng dipungoreng), lan gebing ( kambil dipunirisi alit-alit lajeng digoreng). Gebing menika wonten tiyang ingkang nyebat kukunipun ingkang seda, nanging menika namung dolanan kemawon. Berkat menika dipundongani lajeng dipun dumaken dhateng tiyang-tiyang sakiwatengenipun. Ananging anggenipun ngedum berkat menika dipuntindakaken sasampunipun jenazah manjing utawi jenazah dipunsarekaken.
Saderengipun surtanah, wonten prosesi ingkang dipuntindakaken, inggih menika tlusupan. Tlusupan menika dipuntindakake nalika jenazah sampun rampung anggenipun dipunsirami, dikafani, lan disolati. Jenazah dipun lebetaken wonten ing krendha, lajeng dipun angkat dhateng pelataran ingkang radi jembar. Salajengipun, para kulawarga sami urut lan mlusup ing ngandhapipun krendha menika. Anggenipun mlusup, kulawarga menika urut saking ingkang paling sepuh ngantos ingkang enem. Ananging tlusupan menika samenika sampun boten utawi sakedhik ingkang nindakaken.
Wenginipun ingkang dinten kapisan ngantos dinten ketiga, dipunwontenaken tahlilan. Tahlilan menika dipuntindakaken tiyang-tiyang kakung utawi bapak-bapak.
2.    Nigang dinten utawi nelung dina
Wonten ing adicara nigang dinten menika siyangipun, tiyang-tiyang setri sami damel berkat kaliyan takir. Berkat menika sami kaliyan berkat ingkang dipundamel nalika adicara surtanah. Berkat ugi dipundum sasampunipun dipundongani.
Menawi takir menika biyasanipun dipundum kangge lare-lare alit. Takir piyambak awujud sekul ingkang dipunwadhahaken wonten ing godhong gedhang ingkang dipunbentuk kothak lajeng dipunbitingi ing kiwatengenipun. Wujudipun kados pincuk nanging dipunbitingi kalih utawi sudhi. 
Gambar 1. Takir
Isinipun takir inggih menika sekul, sayur kados berkat, bakmi, capjae, tigan goring, ati rempela goreng, lalapan kados pete, jengkol,lubis, buncis, lajeng peyek, krupuk lan thontho. Ananging, sedayanipun wau namung sakedhik-sakedik, margi wadhahipun takir menika namung alit. Wonten ing takiran menika inggih wonten conthonganipun alit kangge wadhah sarem, irisan lombok, lan arta receh. Conthongan menika dipunparingaken wonten ing pojokanipun takir menika. Takir biyasanipun dipundamel kirang langkung cacahipun 25.
Wenginipun tiyang-tiyang kakung sami yasinan utawi maos serat Yasin kaliyan tahlilan.
3.    Mitung dinten
Adicara mitung dinten menika sami kaliyan adicara nelung dinten.
4.    Matangpuluh dinten
Adicara matangpuluh dinten ugi sami kaliyan adicara nelung dinten kaliyan mitung dinten.
5.    Nyatus dinten
Adicaranipun sami kaliyan adicara nelung dinten, mitung dinten, lan matangpuluh dinten.
6.    Naun utawi setunggal taun
Adicaranipun damel berkat lan dipundumaken dumateng para tanggi tepalih. Salajengipun  wenginipun tiyang-tiyang kakung sami yasinan utawi maos serat Yasin. Wonten ing adicara naun menika sampun boten damel takir utawi takiran malih.
7.    Nyewu dinten
Adicaranipun sami kaliyan adicara naun.
Prosesi-prosesi utawi adicara slametan kematian menika benten-benten saben dhaerah. Menawi miturut Mbah Dahono menika, “seje desa, seje cara.”
Mbah Dahono ugi nerangaken babagan ingkang radi menarik ingkang dipuntindakaken kaliyan masyarakat dhaerah desanipun, inggih menika babagan bengkle. Saben wonten tiyang ingkang seda, mesthi para warga sami pados bengkle kangge wedhakan utawi nyingguli. Bengkle menika dipunresiki lan dipundheplok, lajeng dipunwedhaki ing kuping utawi ubun-ubunipun lare-lare alit. Ananging, boten namung lare kemawon ingkang dipunparingi bengkle, tiyang diwasa ugi wonten ingkang ngangge bengkle menika.
Bengkle menika dipunpitaya kangge keslametan. Miturut Mbah Dahono, ngagem bengkle menika supados “setan ora doyan, dhemit ora ndulit,” utawi supados boten kengeng sawan.
Wonten malih bab ingkang radi menarik, inggih menika arta receh ingkang dipunsebar nalika jenazah dipunbekta wonten ing pasarean. Arta receh menika kangge simbol sedhekah. Ingkang dados menarik inggih menika nalika jaman rumiyin arta receh menika angsal dipunpendheti kaliyan lare-lare alit, nanging wonten kepercayaan, menawi arta ingkang sampun dipunpendhet menika boten angsal dipunginakaken jajan. Arta receh ingkang sampun dipunpendhet menika angsalipun kangge mundhut lisah mambet. Menika kula nyuwun pirsa kaliyan Mbah Dahono lan Mbah Saliyen ngenani bab menika, nanging kekalihipun sami boten mangertos menapa ingkang dados alesanipun menika.



*sumber gambar: ummiummi.com

0 komentar:

Posting Komentar