R. NG. YASADIPURA
MENAK NGAJRAK
(Alih Aksara dan Alih Bahasa)
SUDIBYO Z. HADISUTJIPTO
I.
SANG AMIR NGIRIM SURAT TANTANGAN KANGGO PRABU JOBIN LAN PRABU NURSIWAN
Wong Agung ngongkon kakangne, Abas kanggo nulis surat tantangan loro. Surat
mau sing siji kanggo raja Kaos (Raja Jobin)
lan sing sijine kanggo raja Kaos (Raja Nursiwan). Sing dikon ngirim
surat mau yaiku Umarmaya utawa Ki Tambakcangkol. Nalika Umarmaya tekan pinggir
Bakdiatar, dheweke krungu suwara pasukan tentara sing gumuruh. Banjur dheweke
munggah wit sing dhuwur kanggo ndelok kahanan panggonane musuhe.Umarmaya terus
mikir, yen dheweke nekad menehake surat mau, mesthi bakal diamuk lan dipateni
karo musuhe. Banjur dheweke mutusake mbalik bali, ora sida menehake surat mau.
Pungkase, surat mau arep dikirim liwat panah karo Panglima Jayengmurti.
Ananging, Sang Prabu Tamtanus (Raja Yunani) ngomong yen dheweke sing arep
menehake surat mau. Jayengmurti mringati yen kahanane gawat. Ananging Sang
Prabu tetep meksa, mula Jayengmurti banjur ngijinake. Sabubare diwacakake Kitab
Zabur, Raja Tamtanus mangkat numpak jaran sing wulune abang..
Raja Tamtanus banjur weruh kemahan sing isine ana Raja Laras vasale Raja
Narsiwan. Ananging marga Raja Laras wis goyah kasetiyaane marang Raja Narsiwan,
mula banjur ngejak dadi sekutu karo Raja Tamtanus. Raja Laras mbantu Raja
Yunani mau. Dheweke arep melu ngamuk yen Raja Tamtanus disrengeni utawa
dipateni nalika menehi surat mau. Mula Raja Laras siyaga ana ing mburine Raja
Tamtanus.
II.
RAJA TAMTANUS DADI UTUSAN SING AREP DIPATENI
Esuke, raja Yunani lan Raja Laras wis siyap siyaga. Sawetara Raja Nuriswan
lan Raja Jobin lagi padha ngadhepi tentarane. Sing ana paling ngarep barisan
mau yaiku Patih Bestak.
Raja Tamtanus teka nggawa surat tantangan perang. Dheweke mudun ana pinggir
kemah lan ngencang jarane, banjur nyerahake surat mau. Surat wis ditrima Sri
Maharaja lan Raja Jobin, nanging durung padha dibukak. Sing dibukak lagi duweke
Raja Nuriswan.
Raja Tamtanus ngetokake pedhange, diarahake ana ing ngarepe Sri Maharaja
sing lagi maca surate. Weruh tingkahe Raja Tamtanus, Ki Patih Bestak njaluk
Raja Jobin mrintah prajurite supaya mateni Raja Tamtanus saka mburi. Ananging
Raja Tamtanus bisa nyingkir lan menggal prajurit loro mau. Dheweke banjur numpaki
jarane lan ngamuk. Sawise bisa mateni prajurit akeh, dheweke banjur mundhur. Let
sadhela, Raja Laras nusul melbu lan nyatakake yen dheweke wis temenan arep
gabung karo Sang Jayengmurti.
Jayengmurti sing lagi ana ing pesanggrahan, kaget weruh pasukan sing dikira
pasukan kerajaan Kaos. Ananging saya suwe dheweke weruh raja Yunani. Raja Laras
njelasake yen dheweke wis pindhah agama lan arep dadi sekutune Raja Tamtanus.
Pasukan Menak banjur menehi hadhiyah kanggo raja loro mau sing wing bisa
nyerahake surat tantangan perang.
Jayengmurti banjur mangkat nuju Padhang Bakdiatar bareng karo para raja,
punggawa lan para prajurute. Raja Jobin krungu yen musuhe arep padha teka.
Dheweke banjur ngonkon digawekake panggung. Patih Bestak lan Kistaham munggah
panggung. Ora let suwe, ketoknpara tentara Arab sing ngarep dhewe ana raja
papat saka kulawarga Kohkarib. Raja Jobin banjur takon, “ Sapa raja sing enom
kae?”
III.
RAJA KISTAHAM GUGUR
Patih Bestak mangsuli, raja sing teka kuwi Raja Jasmara, Jakarama lan
raja-raja sedulure raja Kohkarib sing kerajaane ana ing dhaerah Sriwulan.sing
ana ing mburine yaiku Raja Jeras lan Malijeras, jenenge Ardasi lan Ardiman,
Ardisaman lan Ardikapi sing kerajaane yaiku Kosani. Mburine maneh ana Raja
Durdanas lan Durdanam saka Jongmirah. Banjur ana sing lagi teka, yaiku 17
pasang raja saka kulawarga Umarmadi. Raja Katasham nambahake yen ana sing lagi
nusul, yaiku Sri Baginda (Raja Umarmadi) saka kerajaan Kohkarib.
Sawise dijelasake sapa wae sing ana ing barisan musuhe, Raja Jobin banjur
ngadhep Sri Nuriswan sing lagi ngadhep para raja. Para raja sing taklukane
kerajaan Kaos padha teka lan tata ana ing ngarepe Sri Baginda.
Sawetara Jayengmurti sing wis rampung nata pasukane, banjur nantang
kerajaan Kaos. Patih Bestak nunjuk Raja Kistaham kanggo nglawan Jayengmurti.
Sanadyan Kistaham wis tau kalah nglawan Jayengmurti, nanging dheweke tetep wani
maju.
Jayengmurti banjur nyopot peralatane perang nalika ngerti yen Kistaham sing
arep diadhepi. Raja Kistaham ngayunake pedhange kuwat-kuwat, nanging bisa
ditangkis karo Jayengmurti. Jayengmurti banjur mbelah sirahe Kistaham nganti
tekan jarane barang. Weruh Kistaham gugur, Raden Kobatsarkat lan Raden Astantun
maju, nanging padha-padha banjur mati. Ngerti bapake dipateni Jayengmurti,
Istan lan Kadar maju nglawan Jayengmurti, nanging uga kalah.
IV.
PARA RAJA PANGREWANG UTAMA PRABU JOBIN DIKALAHAKE KARO SANG AMIR
Raja Nuriswan nuju medhan perang karo Raja Jobin. Sawetara kuwi Jayengmurti
munggah jarane sing jenenge Kalisahak. Para tentara Menak padha bengak-bengok
ngagungake Jayengmurti. Raja Buldan, yaiku Raja Andanbilis ora tahan
ngrungokake suwara-suwara mau, banjur pamit karo Raja Nuriswan lan Jobin yen
arep ngadhepi Jayengmurti. Raja Nuriswan lan Raja Jobin pengen Jayengmurti
dicekel urip-urip banjur arep didadekake pimpinan prajurit ana dhaerah
perbatasan.
Prabu Andanbilis nggunakake gadane,
nanging bisa ditahan karo Jayengmurti nganggo perisai Bandabaya. Banjur
Jayengmurti mbales ngangkat gadane sing saka Mesir. Raja Buldan mau kudhungan
perisaine. Sawise nganggo gada ora ana sing menang lan kalah, banjur diterusake
nganggo pedhang, nanging uga padha wae. Jayengmurti mutusake perang banting.
Raja Andanbilis ora bisa mbanting Jayengmurti. Ananging Jayengmurti bisa
mbanting Andanbilis nganti semaput. Banjur Andanbilis ditaleni lan digawa
menyang perkemahane Jayengmurti. Andanbilis njaluk yen salah siji kulawargane
mati, mula kudu mati kabeh, nanging yen urip siji kudu urip kabeh. Jayengmurti
nyanggupi.
Esuke, perang diterusake. Adhine Andanbilis, Abganjabilis ora trima
kakangne dikalahke karo Jayengmurti. Mula dheweke njaluk diijinke ngadhepi Jayengmurti.
Ananging dheweke uga kalah nglawan Jayengmurti, banjur digawa menyang
perkemahane. Sawise 7 dina perang, Jayengmurti wis bisa nahan kabeh kulawargane
Andanbilis, yaiku Gajimanda, Mandagaji, Abgijibi, Laibi, Gajibilis, lan
Mandanbilis. Raja pitu kuwi banjur diuculi taline banjur padha pindhah agama.
Raja Jobin sedhih marga para raja kepercayaane wis padha dicekel musuhe.
Banjur esuke, Jayengmurti numpak jarane nuju medhan perang. Raja Jobin uga
mudhun ana medhan perang arep ngadhepi Jayengmurti. Jayengmurti ngangkat
gadane, banjur diarahke Raja Jobin. Raja Jobin sing wis kena gadane
Jayengmurti, tiba saka jarane lan raine dadi pucet, banjur dheweke mengok ana
mburi.
V.
SANG AMIR KETATU BANJUR MLAYU ANA ING MEKAH
Raja Jobin nyeluk tentarane supaya padha nyerbu. Kubu loro kuwi banjur
padha perang. Jayengmurti lan para raja uga melu mudhun ana ing medhan perang.
Umarmaya melu nyerbu ana ing mburine Amir Ambyah utawa Jayengmurti. Pihak musuh
padha akeh sing mati.
Sawetara kuwi, raja Selan (Umarmadi) ngamuk. RajaTamtanus uga melu ngamuk,
ngayun-ayunake pedhang. Rajaputra Rum ngamuk nganggo salukan, lan Yusupadi
sarta Tohkaran ngamuk nganggo bindi.
Saka pasukan Kaos, raja-raja mimpin barisan uga terus-terusan nyerang.
Perang durung mandheg nganti panggonane sing gawe perang dadi lautan getih.
Nganti setengah sasi perang kalakon lan durung ana perubahane. Akih satriya
sing bingung, kayata Jayengmurti sing rambute rembyangan, mahkotane wis ora
karuwan lan arep tiba.
Umarmaya banjur disergap karo pasukane Raja Jobin. Ananging Umarmaya sing
lagi njaga Jayengmurti lali, banjur ngoyak musuhe nganti pisah adoh karo
Jayrngmurti. Sawetara kuwi, Raja Jobin alon-alon nyedhaki Jayengmurti nganggo
pedhang. Lan Patih Bestak dikongkon ngawasi kahanane ana sakiwa tengene. Ananging
pedhang Raja Jobin namung ngenani kupinge Jayengmurti.
Raja Jobin banjur mlayu numpak jarane nalika Jayengmurti mengok.
Jayengmurti ngamuk lan lagi sadhar yen dheweke ketatu. Dheweke banjur mlayu
numpak jarane nuju Mekah. Jayengmurti semaput ana ndhuwur jarane sing terus wae
mlayu banter nuju Mekah.
VI.
UMARMAYA LAN PARA RAJA BALI ANA MEKAH
Jarake saka hutan Baktiadar tekan Mekah mbutuhake 21 dina, nanging yen
numpak jaran Kalisahak, namung sedina wis tekan. Mekah banjur dadi gempar nalika
krungu isu yen Jayengmurti wis gugur ana ndhuwure jarane. Bapake Jayengmurti
nyedhaki anake lan didhunake saka jarane, banjur dipreksa jantunge. Nyatane
Jayengmurti iseh urip, namung semaput. Ananging bapake ora wara-wara yen anake
iseh urip.
Sawetara kuwi, Umarmaya nggoleki Jayengmurti, nanging ora ketemu. Banjur
nemu tlapak sikil Kalisasak campur getih warna kuning. Umarmaya ngetotake
tlapak jaran mau tekan Mekah. Tekan kana, dheweke nemu Wong Agung sing lagi
diubengi wong akeh lan sirahe dipangku karo sang rajaputri. Umarmaya banjur
ngomong yen Jayengmurti kuwi durung arep mati.
Sawise kuwi, Umarmaya nemoni Arya Maktal kanggo mbantu perang sing durung
rampung. Arya Maktal dikongkon numpak Kalisahak. Tekan ing medhan perang,
prajurit Kaos kaget weruh Arya Maktal, marga ndarani Eong Agung Jayengmurti
sing wis mari saka larane. Prajurit Kaos padha mlayu lan Ki Patih Bestak uga
melu mlayu. Ananging nalika Arya Maktal mbengok, Patih Bestak ngerti yen kuwi
dudu Jayengmurti. Patih Bestak banjur mbengoki prajurite yen sing teka kuwi
dudu Jayengmurti, nanging padha ora percaya.
Prajurit Arab banjur padha nyedhaki Umarmaya lan takon kahanane
Jayengmurti. Sawise kuwi, prajurit Arab padha mundur lan bali menyang Mekah. Nalika
wis padha tekan Mekah, lawang kota banjur ditutup lan dijaga prajurit Serandil,
Kohkarib, Yunan, lan Kebar uga prajurit Rum lan Kangkan. Banjur Batara Nuriswan
lan Raja Jobin ngumpulake prajurite kanggo ngepung Mekah.
VII.
RETNO MUNINGAR NYOLONG GANDUME RAJA JOBIN
Jayengmurti semaput nganti 17 dina. Pasukan sing ngepung Mekah nalika ngerti
Wong Agung namung semaput, banjur padha nyerang. Pasukan Arab tetep bertahan
ana njerone kota Mekah.
Nalika kuwi, Jayengmurti kepengen digawekake bubur. Bojone banjur ngutus
dayange golek gandum, nanging para abdine ora bisa entuk gandum. Banjur Ratna
mbangi-mbengi lunga arep njupuk gandume musuh. Retna metu saka lawang sing
dijaga karo Umarmadi. Dheweke nyamar dadi kepala prajurit sing arep njupuk
gandum kanggo anak buwahe.
Umarmadi ngijinake sawise diiming-imingi yen hasil colongan arep dibagi
loro. Ananging durung oleh gandum, Retna wis ketawan. Para prajurit musuh
ngarani maling mau Umarmaya. Banjur Raja Jobin mbengok yen sapa sing bisa
nyekel Umarmaya arep diangkat dadi raja utawa senapati kerajaan Kaos lan arep
diwei putri kemenakane.
Umarmaya sing lagi turu, krungu jenenge diceluk-celuk lan diarani maling,
banjur nuju panggonane musuhe lan nyamar dadi wong Kaos. Dheweke nyanggupi
nyekel maling mau. Umarmaya kaget nalika ngerti yen maling mau jebul Retna,
sang putri. Banjur sang putri mau dijunjung lan digawa metu lan diterake
menyang istana.
VIII.
UMARMAYA DADI MALING
Umarmaya metu nuju pawone musuhe arep njupuk gandum, bubur lan roti.
Umarmadi dikongkon nunggu panganan colongan mau, nanging malah dientekake
dhewe. Umarmaya banjur melbu meneh njupuk gandum, nanging jebul dudu gandum
sing dijupuk, malah nggawa Raja Jobin sing wis dibiyus banjur dibuntel kemul.
Umarmaya ngekon Umarmadi njaga barange mau. Umarmaya banjur njupuk Patih Bestak
lan Raja Nuriswan.
Esuke, wong telu mau digotong lan diadhepake Wong Agung Menak (Jayengmurti).
Ananging Jayengmurti kuwi malah nesu marga ora gelem mateni musuh nalika
kahanane musuh kuwi lagi lemah lan ora duwe daya. Jayengmurti banjur ngekon
nggawa metu wong telu mau. Sawise wong telu mau padha sadhar, banjur digawe
nelangsa.
Patih Bestak njaluk urip, banjur diwei syarat yen kepengen bebas. Syarate
yaiku beras sewu onta lan njaluk wong-wonge. Syarat kanggo Raja Jobin uga
padha. Ananging sawise syarat mau diwenehake, wong telu kuwi ora langsung
dibenasake, nanging padha disiksa dhisik. Banjur lagi padha dibebasake.
Nalika kuwi, ana raja Jin sing lagi kalah perang karo raja raksasa (Raja
Imprit) saka Gunung Kap. Raja jin, yaiku Raja Ajrak ngungsi ana hutan marga ora
kuwat karo ambu amise raksasa. Patihe kandha yen miturut kitab Kadamasena, sing
bisa mbantu ngalahake raja raksasa kuwi satriya saka Mekah sing jenenge Ambyah
(Jayengmurti). Ananging Raja Ajrak ora ngerti carane njaluk tulung Jayengmurti,
banjur Patihe ngomongi yen mbiyen Raja Ajrak wis tau teka ana Mekah nganggo
cara sing apik-apik.
IX.
SANG AMIR DIJALUK REWANGANE KARO RAJA JIN
Patih Ajrak nyritakake yen mbiyen nalika putrane Raja Ajrak, Sadatsatir
lair, yen ana sing madhani kesaktiyane lan kebagusane sang putra, mula arep
diparani. Jebul sing padha yaiku manungsa saka Mekah sing jenenge Ambyah.
Nalika kuwi raja nemuni Abdul Mutalib. Loro-lorone karo bojone sing lagi
nggendhong bayi. Nalika didelehake, marga persis, para permaisuri kuwi salah
njupuk bayi. Bubar nyusuni lan arep bali, lagi padha sadhar yen bayine kleru.
Sawise dicritani, Patih banjur ngusulake supaya Raja Ajrak njaluk bantuwane
Ambyah utawa Jayengmurti. Banjur sang patih karo Sadatsatir pamit lan mabur
nurut angin. Satekane Mekah, jin loro mau nuju Kakbatullah. Ana kono, sang
Jayengmurti lagi ndonga lan ora weruh jin loro mau. Ananging dheweke kaget
nalika ana buwah-buwahan ing ngarepe. Umarmaya lan Arya Maktal ngusulake nggawa
baki buwah mau lan ditakokake bapake. Bapake njlentrehake yen buwah mau saka
Gunung Kap sing dudu duweke manungsa. Bapake nggenahi yen pengen weruh sapa
sing nguwei, mula maca “Wabbi hakki kaomihi, ya Baginda Sulemana”.
Jayengmurti mbalek ana Kakbah, banjur ngucapake apa sing wis diwarai karo
bapake. Let sadhela, ketok jin loro, yaiku Sadatsatir lan Patih Asanasil. Patih
banjur ngomong yen Jayengmurti lan Sadatsatir kuwi sedulur sasusuwan. Jayengkara
bali ana istana takon marang bapake lan ibune kanggo masthekake. Nalika wis
mesthi, banjur Sadatsatir lan Patih Asanasil digawa menyang istana.
Tekan istana, Raden Sadatsatir jelasake apa maksut saka tekane kuwi, yaiku
njaluk bantuwane Jayengmurti kanggo nglawan raja raksasa. Sang Adipati ngomong
yen ana negeri Mekah uga lagi kaserang lna kekepung musuh. Banjur Sadatsatir
lan Patih Asanasil njaluk diijinake ngobrak-abrik musuh sing algi ngepung
Mekah. Sawise Sadatsatir lan patih bisa gawe musuh sing ngepung Mekah padha
lunga, banjur Jayengmurti pamit karo bapake supaya ngijinake dheweke mbantu
negerine Sadatsatir nglawan raja raksasa.
Sawise pamit karo bapake lan bojone, Jayengmurti banjur siyap-siyap mangkat
karo jin loro mau. Rakyate dikongkon manut karo Umarmaya lan Arya Maktal sing
didadekake pengganti sementarane Jayengmurti.
X.
SANG AMIR PERANG KARO PASUKAN RAKSASA, MUNGSUHE RAJA JIN
Jayengmurti karo Raden Sadatsatir lan Patih Asanasil wis tekan Gunung Kap.
Sawise padha mangan lan ngombe, banjur padha keliling Gunung Kap. Jayengmurti
diweruhi istana sing saka emas, jenenge Kutagara, yaiku istanane raja raksasa.
Sadatsatir ngomong yen dheweke namung bisa ngeterake Jayengmurti tekan kono lan
ngawasi saka adoh, marga jin ora betah karo ambu amise istana raksasa kuwi.
Para raksasa lagi padha lunga ana ing hutan golek kewan. Jayengmurti melbu
taman utawa balai kembang. Penjaga taman kaget weruh Jayengmurti, banjur
bengok-bengok. Jayengmurti lan raksasa mau banjur padha gelut. Raksasa dipanah, nanging ora mati-mati.
Nalika wis padha kesel, raksasa mau njaluk leren.
Jayengmurti semedi, banjur Nabi Hidir teka nggawa sega karo pindhang sarta
kopi seguci. Jayengmurti dadi seger meneh sabubare mangan panganan sing digawa
Nabi Hidir. Nabi Hidir uga ngandhani yen pengen mateni raksasa kuwi, yen rakasasa
njaluk dipanah ping pindho aja dituruti. Anggone manah cukup pisan wae. Yen
ngono, raksasa bakal mbanting sirahe dhewe banjur mati.
Sawise dikandha ngono kuwi, Jayengmurti bisa mateni raksasa mau. Let
sadhela, raja raksasa bali saka hutan banjur melbu taman. Pengawale padha kaget
weruh bathang raksasa. Nalika Jayengmurti metu, para raksasa dikongkon rajane
nyekel Jayengmurti. Ananging padha ora bisa, malah Jayengmurti sing bisa mateni
para raksasa. Raja raksasa banjur ngongkon punggawa-punggawane, nanging uga
padha mati.
XI.
RAJA RAKSASA DIPATENI KARO SANG AMIR
Raja raksasa duka lan ngamuk weruh tentarane akeh sing mati. Dheweke banjur
maju nggawa watu gedhe arep ngadhepi Jayengmurti, nanging dicegat karo raksasa
tuwa. Raksasa tuwa mau ngomongi yen wis diramalake yen raksasa arep dimusnahake
karo satriya saka Arab sing teka dhewekan, nanging raja raksasa mau malah
ngeblegi raksasa tuwa mau nganggo watu sing digawa.
Jayengmurti akhire bisa mateni raja raksasa lan para pengawale. Patih
Asanasil banjur teka nyedhaki Jayengmurti. Sawise adus lan ngumbah senjatane,
Jayengmurti mangan buwah-buwahan sing digawa karo Patih.
Let sadhela, Sri Maharaja teka. Ngerti yen sing teka mau bapake Sadatsatir
(raja jin), Jayengmurti nyembah lan ngambung sikile. Banjur padha pesta gedhe
kanggo Jayengmurti. Jayengmurti banjur diwenehi jeneng Kakungingrat. Sawise
pesta pitung dina, Jayengmurti njaluk pamit bali ana negeri Arab. Sri Maharaja
ngijinake, nanging Jayengmurti dikongkon mileh barang sing dikepingini
sadurunge bali ana Arab.
XII.
SANG AMIR AREP BALI ANA ING MEKAH DIBEGAL KARO RAKSASA
Jayengmurti mileh mahkota sing bisa ndadekake wong sing nganggo ora ketok.
Sri Maharaja ngongkon raksasa taklukane ngeterake Jayengmurti bali. Nalika
tekan Gunung Kap, Jayengmurti njaluk mudhun amargi ngantuk pengen turu.
Sanadyan wis digenai karo raksasane mau yen mudhun kuwi bahaya, nanging
Jayengmurti tetep meksa. Jayengmurti banjur turu nganggo mahkotane, dadi ora
ana sing weruh, lan raksasane nunggu ana cedhake pelangka.
Sawetara kuwi, Raja Pardiyu (anake Raja Imprit, raja raksasa) lara ati
nalika ngerti bapake dipateni Jayengmurti. Dheweke banjur ngumpulake prajurite.
Nalika nata pasukane, barisan pasukane kuwi nganti tekan panggonan turune
Jayengmurti. Raksasa sing nunggu Jayengmurti dicekel lan dihancurke bareng karo
pelangkane. Raja Pardiyu ngutus raksasa kanggo nunggu Jayengmurti nganti
njedhul lan dheweke banjur nyerang negeri Ajrak. Raja Ajrak karo rakyate padha
ngungsi maneh ana ing hutan.
Bareng Jayengmurti tangi lan nyopot
mahkotane, raksasa sing dikon njaga mau arep dipateni karo Jayengmurti.
Ananging padha njaluk urip, banjur dikongkon ngeterake Jayengmurti menyang
negeri Ajrak. Raksasa mlaku ana ing ngarep lan Jayengmurti ngetotake ana
mburine.
XIII.
SANG AMIR KECEMPLUNG LENDHUT
Ananging, amarga raksasa loro mau khianat, Jayengmurti banjur menggal
gulune raksasa kuwi. jayengmurti ndonga supaya bisa tekan negeri Ajrak. Dheweke
mlaku ngliwati gunung, banjur tekan jurang, nanging dalane malah ketutupan laut
sing amba. Jayengmurti banjur gawe prau saka kayu lan diisi buwah-buwahan satra
banyu kanggo sangune. Anggone ndhayung nggawa pedhange. Nalika bekale entek,
Jayengmurti ngombe banyu laut mau. Ananging awake malah saya lemes lan akhire
semaput.
Praune wis tekan dharatan, banjur Jayengmurti sing wis sadhar saka semaput
mlumpat, mudhun saka praune. Ananging sing diadeki jebul lendhut lan saya suwe
saya mblesek jero, namung ketok sirahe. Sawetara kuwi, Raja Ajrak digenai yen
raksasa sing ngeterake Jayengmurti lan pelangkane wis remuk dibanting karo Raja
Pardiyu. Lan saiki Jayengmurti lagi kecemplung ana lendhut. Banjur Patihe
dikongkon nulungi Jayengmurti.
Sawise ditulungi, Jayengmurti reresik awak ana kali sing bening. Dheweke
diwenehi buwah-buwahan banjur diterake menyang Kota Emas. Jayengmurti wis tekan
ana ing njaba gapura Kota Emas.
XIV.
SANG AMIR NGANTENAN KARO PUTRI JIN
Jayengmurti ngobrak-abrik para raksasa, banjur bisa mateni Pardiyu. Para
raksasa liyane padha mlayu melbu hutan. Sawise kuwi, Jayengmurti adus lan
ngumbah senjatane. Sri Baginda Ajrak teka, banjur padha nganakake pesta ana ing
balairung.
Raja Ajrak ngongkon patihe supaya sang putri sulung, yaiku Retna Dewi
Ismaya digawa metu. Jayengmurti weruh putri mau banjur pengen dilamar lan
didadekake nganten. Jayengmurti sawise ngantenan karo sang putri dadi lali karo
negerine. Nalika kuwi, Sri Baginda Nuriswan entuk laporan saka Raja Jobin yen
Jayengmurti durung bali, banjur padha duwe rencana ngepung Mekah.
Bataljemur ngirim surat kanggo anake sing ana ing njero Mekah. Isine yaiku
anake dikongkon metu saka Mekah. Yen wis arep 8 taun, banjur netep ana ing kota
Katijah, aja pindhah-pindhah maneh. Umarmaya ngongkon Maktal lunga menyang
kemahe karo para raja, satriya, lan bupati. Banjur Umarmaya sing arep ngeterake
surat mau kanggo sang putri.
XV.
SANG AMIR DUWE ANAK JENENGE DEWI KURAISIN
Umarmaya wis nekakake surat mau kanggo sang dewi. Sang dewi banjur
nglaksanakake apa sing ana ing njero surat mau. Sawise kuwi, Umarmaya lunga
menyang kemahe Ngalabani, banjur ngomong karo para raja, yen persedhiyaane
bahan pangane wis entek, dikongkon metu ngungsi ana negeri liya.
Para raja mau padha sutuju. Banjur Umarmaya ngongkon sang putri supaya
siyap-siyap. Kabeh abdi keputren uga padha wis siyap, mula banjur padha mangkat
nuju Kota Nastani sing kekuwasaane Patih Bestak. Umarmaya nyamar dadi Patih Bestak.
Sawise lawang gapura dibukak, pasukane Umarmaya padha melbu. Rakyat Nastani
kaget nalika ngerti sing melbu kuwi bala tentara Arab. Banjur Kota Nastan
dikepung pasukane Raja Kaos lan Medayin.
Sawise 4 taun ana Nastan, Arya Maktal ngirim surat kanggo raja Ngalabani
supaya methuk. Pasukan Arab pindhah menyang negeri Sekaji sing kotane jenenge
Barik. Banjur Raja Medayin lan Kaos uga ngepung Barik. Sawise 4 taun, banjur
pindhah maneh ana negeri Maghribi. Ananging uga dikepung maneh.
Sawetara kuwi, Jayengmurti duwe anak sing ayu, jenenge Retna Kuraisin.
Nalika lagi padha kungguh, Jayenmurti ngomong yen manise Ismaya durung
sebandhing karo manise Muninggar. Sang putri nesu banjur ngumpat lan
ngunek-unekake Jayengmurti, nganti nyinggung keturunane barang. Jayengmurti
banjur ngetokake pedhang lan ngoyak bojone.
Sang putri metu lan ndhelik ana mega-mega, Jayengmurti banjur nanggo klambi
perange lan lunga saka istana. Para abdi lapor karo Sri Baginda, bamjur Sri
Baginda ngutus tentara jin supaya ngawal Jayengmurti tekan Mekah.
0 komentar:
Posting Komentar