BABAGAN CANGKRIMAN
Kasusastran
Djawa I
Tugas Membaca
Pemahaman
BAB I
PENDAHULUAN
A.
Latar Belakang
Cangkriman kuwi tetembungan
utawa tuturan ing basa jawa sing duwe makna utawa arti sing isih samar-samar.
Lan uga cangkriman kuwi biyasane awujud pitakonan sing kudu digoleki wangsulane
utawa dibedhek yen pengen ngerti maksut saka cangkriman kuwi. Kuwi mau sing
ndadekake cangkriman menarik lan bisa kanggo gawe guyonan.
Cangkriman kuwi ora mung awujud tembung, ukara, utawa
wacana, nanging uga bisa awujud tembang. Mula cangkriman kuwi akeh maceme sing
bisa disinauni. Sanadyan cangkriman kuwi akeh maceme, nanging kabeh maceme kuwi
wujude bedhekan sing kudu digoleki maknane.
Ana ing SMP utawa SMA, cangkriman kuwi uwis ana ing
pelajaran basa jawa, ora ketung namung dikenalke kanthi sethithik. Para siswa
dikenalke apa kuwi cangkriman, conto-conto cangkriman, lan uga dilatih gawe
cangkriman. Ananging ana ing SMP utawa SMA ora dijabarake apa tujuwane, dasare,
lan uga manfaate nyinauni cangkriman kuwi.
Saiki sing minat utawa gelem nyinauni cangkriman kanthi
temen namung sithik, malah saiki akeh sing ora kenal apa kuwi cangkriman. Wong
sing nggunakake cangkriman uga sithik, marga cangkriman kuwi dianggep angel
anggone nyinauni. Wong sing ora ngerti babagan cangkriman bakal nguwei makna
utawa arti cangkriman kanthi salah. Amargane cangkriman kuwi kudu disinauni lan
dikenalake marang wong jawa utamane.
Panelitiyan marang cangkriman uga durung dilakoni kanthi
khusus lan temenan. Cangkriman lagi disinggung sithik ana ing bangku SMP utawa
SMA. Ananging sanadyan namung dikenalake sithik, cangkriman kuwi nduweni akeh
manfaat kanggo ngasah otak, bisa kanggo sinau basa jawa, lan uga kanggo
hiburan. Ora namung kuwi, cangkriman uga bisa nuwuhake karukunan antarane
wong-wong sing cangkriman mau, marga nalika padha bedhek-bedhekan cangkriman,
kuwi bisa padha guyon lan bisa padha luwih akrab.
Mangka saka kabeh kuwi bisa dijupuk intine, yaiku
cangkriman kuwi dadi peristiwa sing durung tau diteliti kanthi komprehensif saka segi linguistik, nanging lagi dibahas kanthi
sepintas ing njerone kasusastran jawa. Cangkriman butuh diteliti kanthi temen
kanggo nemokake apa-apa sing menarik saka cangkriman, wiwit saka wujud utawa
struktur, gunane, lan uga maksut saka cangkriaman.
B.
Tujuwane
·
Ngerti apa kuwi
cangkriman, jenis utawa maceme, lan uga conto-contone.
·
Ngerti gunane utawa
tujuwane nyinauni cangkriman.
·
Alasane nyinauni
cangkriman.
BAB II
PEMBAHASAN
A.
Pangertiane
Cangkriman
Miturut buku Kasusastran
Djawa I, cangkriman kuwi tetembungan utawa unen-unen kang kudu digoleki
maksute. Tembunge liya saka cangkriman yaiku capeyan utawa bedhekan. Ana uga
sing ngartekake yen cangkriman kuwi tuturan basa jawa sing bisa awujud
tetembungan, ukara, wacana, lan tembang sing duwe arti utawa makna sing isih
samar-samar. Cangkriman kuwi biyasane bentuk pitakonan sing kudu digoleki
wangsulane kanggo ngerteni makna utawa maksut saka cangkriman mau.
Cangkriman kuwi duwe jenis utawa maceme sing bisa
disinauni. Miturut buku Kasusastran Djawa
I,cangkriman kuwi kena diperang dadi papat, yaiku :
a.
Cangkriman kang
awujud tembung wancahan.
Contone :
·
“Wiwawite,
lesbadhonge”. Uwi dawa wite,
tales amba godhonge.
·
“Burnas kopen”. Bubur panas kokopen.
b.
Cangkriman kang
awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
Contone :
·
“Sega sakepel dirubung tinggi”. Salak.
·
“Gajah nguntal sangkrah”. Luweng utawa keren.
Cangkriman sing awujud pepindhan barang, bisa nganggo
tembang Pucung, contone :
·
“Bapak Pucung, rupane saengga gunung, tan ana kang
tresna, saben uwong mesti sengit, jen kanggonan den lus-elus tinangisan”. Wudun.
c.
Cangkriman kang
ngemu surasa blendheran utawa plesetan.
Cangkriman iki pambatange kudu luwih ngati-ati banget,
ditimbang-timbang, lan digatukake kanthi temenan. Iki margane yen ora
ngati-ati, bisa keblender temenan lan bisa digeguyu.
Contone
:
·
“Wong wudunen iku sugih pari”. Pari kuwi wancahane tembung paringisan. Maksute cangkriman iki yaiku, yen wong lagi wudunen iku
kerep pringas-pringis utawa pringisan ngrasakake larane.
·
“Apa memper, ta? Wong adol krambil kok dikepruki”. Sing dikepruki kuwi krambile.
Ana uga cangkriman
sing awujud tembung blenderan kang sinawung ing tembang, kayata :
Dhangdhanggula
Ula-ula tan ana kang mandi (ula-ula
sing ateges balung geger)
Aja wedi singa nemonana (singa sing ateges sadengah wonge)
Waton empuk
pijetane (waton sing ateges
angger, janji)
Ana menir saberuk (menir saberuk ateges kehe, dudu gedhene)
Banyu pait yen tetes legi (tetes sing ateges bangsane setrup)
Banyu bisa sekolah (ateges ora mung sekolah, rong kolah ya bisa)
Nora bisa luluh (luluh
sing ateges kewan bangsane luwing)
Sapa bisa ngukur meja (ngukur sing linggane ‘kukur’)
Uceng-uceng
neng banyu tan bisa urip (dudu iwak, nanging deles)
Tan kuwat melek sakjam (tegese melek sing gedhene padha karo jam)
d.
Cangkriman
liya-liyane.
Cangkriman sing ora
kalebu ing golongane cangkriman ing ndhuwur, upamanecangkriman sing dikarang
pujangga.
Mituru sumber liya, cangkriman kuwi ana 4 bentuk, yaiku :
a.
Cangkriman Tembang
Cangkriman iki
bentuke tembang macapat lan biyasane saben sacangkriman kuwi ana sabait
tembang, sanadyan ana uga sing luwih saka sabait. Misalnya, dalam tembang Asmaradana
berikut.
“Wontên
ta dhapur sawiji / tanpa sirah tanpa tênggak / mung gatraning wêtêng bae /
miwah suku kalihira / nging tanpa dalamakan / kanthaning bokong kadulu /
rumakêt ing para priya //”
Jawabane : celana utawa kathok.
b.
Cangkriman Wancahan
Wancahan artine singkatan utawa akronim.
Kanggo luwih jelase, bisa digatekake conto ing ngisor iki.
1.
kabakêtan = nangka tiba nèng sukêtan
2.
pakbolétus = tapak kêbo ana léléné satus
3.
burnaskopên = bubur panas kokopên
Ing bagiyan liya, ana cangkriman akronim sing bentuke kaya basa asing.
Misale :
4.
ling cik tu tu ling ling yu (kaya basa Mandarin) = maling mancik watu, watuné
nggoling malingé mlayu.
c.
Cangkriman Pepindhan (Irib-iriban Barang)
Cangkriman pêpindhan bentuke meh padha
karo cangkriman tembang. Bedane namung ana ing jumlahe ukara sing digunakake.
Contone
cangkriman iki yaiku :
1.
Pitik walik saba kêbon = nanas
2.
Wujudé kaya kêbo, ulêsé kaya kêbo, lakuné kaya kêbo, nanging dudu kêbo =
gudèl ’anak kebo’
3.
Bapak Demang klambi abang yèn disuduk manthuk-manthuk’ = tuntut
(kembang gedhang)
d.
Cangkriman Blendheran utawa plesetan
Cangkriman iki bentuke ukara sing maknane isih dung
asline (ora sebenere). Contone yaiku :
1.
Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing adol
2.
Wong mati ditunggoni wong mésam- = sing mésam-mèsêm wong sing nunggu, dudu sing
mati.
B.
Gunane utawa tujuwane nyinau
cangkriman
Cangkriman diajarake kanggo
bocah-bocah sekolah lan uga dianggo marang wong-wong Jawa kuwi nduweni tujuwan
utawa nduweni guna. Gunane nyinau cangkriman yaiku kaya sing dibeberake ing
ngisor iki.
·
Cangkriman kanggo sarana
hiburan
Cangkriman kuwi nduweni unsur dolanan, yaiku dolanan bedhek-bedhekan.
Wong siji gawe cangkriman, banjur liyane padha mbedhek jawabane. Suwasanane
tambah gayeng, nalika sing melu cecangkriman luwih saka 2 wong. Iki bisa gawe hiburan nalika wektu
longgar lan sante utawa gawe sambenan nalika nglakoni gawean enteng.
Cangkriman kuwi tujuwane kanggo gawe ngguyu wong-wong, supaya
suwasanane gayeng lan tambah padha akrab. Cangkriman uga kanggo nyaerake
suwasana supaya ora padha tengang lan ora serius banget.
·
Cangkriman kanggo sarana
pendhidhikan
Cangkriman bisa dilakoni marang bocah-bocah enom lan uga wong diwasa.
Malah ana ing pagelarang wayang, cangkriman uga dianggo kanggo sayembara. Ana
ing acara tartamtu uga ana hadhiah kanggo wong sing bisa njawab cangkriman lan
entuk hukuman Selain berfungsi sebagai hiburan,
cangkriman juga berfungsi untuk mengasah otak atau sebagai alat pendidikan.
Dengan banyak bermain cangkriman, secara langsung atau pun tidak
langsung, orang akan dilatih untuk berpikir secara cepat dan tepat. Dalam
menjawab pertanyaan cangkriman orang memang dituntut untuk berpikir secara
cepat. Orang yang tidak dapat berpikir secara cepat akan ketinggalan
kesempatan.
Cangkriman uga gawe nglatih wong supaya duwe wawasan sing
amba lan nglatih kacerdasane.liyane yaiku bisa gawe wong luweh kreyatif, marga
bisa gawe pitakonan anyar sing bentuke cangkriman. Liyane kuwi, cangkriman bisa
gawe ngasah otak, marga cangkriman kuwi bisa dijawab yen wong kuwi bisa mikir
kanthi kreyatif lan kudu pinter ngrangke tembung-tembung.
C.
Alasane nyinau Cangkriman
Alasane
nyinau cangkriman kanggo bocah-bocah enem lan uga wong-wong Jawa, yaiku :
·
Nyinauni cangkriman kuwi padha
wae sinau budaya Jawa lan bisa gawe nglestarekake apa-apa sing ana ing budaya
Jawa kuwi. Iki margane akeh wong saiki sing ora ngerti lan ora kenal marang
budaya Jawa sing sedherhana utawa sing sepele. Tamsaya bocah enem, saiki wis
padha wegah nyinauni basa Jawa. Mula kuwi, sinau cangkriman bisa dadi salah sijine
cara nyinauni basa Jawa. Marga cangkriman kuwi bentuke tuturan basa Jawa sing
dadi kebiyasaan utawa budayane wong Jawa.
·
Cangkriman kuwi ora mung
tuturan sing gawa basa Jawa, nanging uga nduweni nile-nile sing apik kanggo
urip ing njerone masyarakat. Misale, cangkriman kuwi bisa gawe guyube wong-wong
Jawa. Lan uga bisa gawe hiburan nalika wektu-wektu longgar. Supaya nalika sante
ora mung ngomongake sing ora ana gunane, mula bisa diisi karo padha cangkriman.
Kuwi mau uga dadi salah sijine usaha kanggo mbudayakake budaya Jawa, supaya ora
dilalekake.
·
Alasane cangkriman disinauni
ing sekolah-sekolah kuwi ora namung gawe bocah-bocah padha ngenal apa kuwi
cangkriman, nanging uga bisa dadi sarana kanggo nambahi kreativitase
bocah-bocah lan bisa gawe bocah luwih cerdas. Amarga cangkriman kuwi awujud
pitakon-pitakon utawa teka-teki sing kudu dipecahake supaya ngerti maksute.
BAB III
KASIMPULANE
Cangkriman kuwi tuturang basa Jawa sing awujud pitakonan utawa bedhekan
sing kudu digoleki jawabane supaya ngerti apa maksute. Cangkriman kuwi ana 4
bentuk, yaiku tembang utawa sekar, akronim utawa wancahan, perumpamaan utawa
pepindhan, lan blendheran utawa plesetan. Cangkriman kuwi duwe tujuwan kanggo hiburan
lan pendhidhikan. alasane sinau cangkriman kuwi supaya bisa nguri-uri basa Jawa lan nambah
kreativitase wong Jawa, marga cangkriman kuwi mbutuhake pamikiran sing kreatif
lan cerdas. Cangkriman uga ndadekake wong luwih pinter anggone ngrangke
tetembungan utawa ukara sing awujud bedhekan.
Daftar Pustaka
Padmosoekotjo,
S. Cap-capan kapapat. Ngengkrengan
Kasusastran Djawa I. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.
http://yswan.staff.uns.ac.id/2009/07/10/cangkriman-jawa/