MAKALAH BUDAYA
JAWA
NYADRAN WONTEN
ING DHUSUN NGANTEN
I.
PENDAHULUAN
A.
Menapa
Nyadran Menika?
Tradhisi
nyadran inggih menika tradhisi ingkang rutin dipunwontenaken nalika wulan sya’ban
tanggal 25, kirang langkung 5 dinten saderengipun wulan pasa. Nyadran menika
kangge nyambut wulan pasa kaliyan ngirim donga kangge leluhur utawi kulawarga
ingkang sampun seda.
Wonten
ing adicara menika para masyarakat sami mbeta sekul kaliyan laukipun
dipunbungkus ngangge besek. Besek menika wadhah kothak ingkang dipundamel
saking pring. Ananging samenika sampun kathah ingkang ngginakaken cething
kangge panggenan sekul wau.
Wonten
ing Dhusun Nganten, panggenan ingkang dipunginakaken kangge nyadran menika
wonten ing lapangan ingkang dipun tutupi tratak. Lajeng ingkang ndherek adicara
menika namung tiyang jaler kemawon, menawi tiyang setri wonten ing wingking
ndamelaken dhaharan kangge para rawuh.
B.
Pundi
Dhusun Nganten menika?
Dhusun
Nganten menika salah satunggalipun dhusun wonten ing Desa Ngawen, kecamatan
Muntilan, kabupaten Magelang. Wonten ing dhusun menika taksih kathah tradhisi
ingkang dipunlaksanakaken kaliyan masyarakat, kadosta mapati, mitoni, lan sanesipun.
Masyarakatipun inggih taksih guyub sanget. Menika saged dipunpirsani nalika
wonten tiyang ingkang gadhah adiraca, sedaya masyarakat saged sami ndherek
mbiyantu nyengkuyung adicara menika tanpa dipunaturi.
Wonten
dhusun Nganten ugi taksih kathah alat transportasi ingkang tradhisional, inggih
menika dhokar utawi andhong. Amargi wonten ing dhusun menika masyarakatipun
kathah ingkang profesinipun kusir kaliyan tani.
C.
Karakteristikipun
Tradhisi Nyadran.
Tradhisi
nyadran wonten ing Nganten menika isinipun sami kaliyan nyadran wonten ing
dhaerah sanes ingkang taksih setunggal kecamatan Muntilan. Ananging radi benten
kaliyan dhaerah sanes, umpaminipun wonten dhaerah Ungaran utawi semarang.
Ingkang dados benten menika saged saking isinipun lauk, panggenan kangge
adicara menika, lan sanesipun.
Menawi
wonten ing Nganten, nyadran menika dipunwontenaken saben setunggal warsa kangge
nyambut wulan pasa. Panggenanipun nyadran menika inggih wonten lapangan, benten
kaliyan dhaerah sanes ingkang panggenanipun wonten ing sakiwatengenipun
pasarean.
Adicara
nyadran menika para masyarakat biasanipun dipunjatah mbeta sekul kalih besek
utawi cething, lajeng dipunkempalaken wonten ing satengahipun lapangan menika.
Sekul wau laukipun warni-warni, kados tempe, tahu, tigan, daging ingkang
dipunbacen utawi dipungoreng, lajeng wonten bakmi goreng lan capcai, ugi wonten
sayur kentang campur krecek. Ananging samenika sampun kathah masyarakat ingkang
ndamel laukipun boten warni-warni, namung ayam goreng kaliyan sambel kemawon, supados
gampil ndamelipun.
Nyadran
wonten dhaerahipun kula menika boten wonten dhaharan ingkang kedah
dipunwontenaken utawi dhaharan ingkang dados syarat kados dhaerah sanes. Kangge
tuladhanipun wonten ing dhaerah Ungaran, nyadran menika wonten dhaharan ingkang
kedah wonten, inggih menika apem.
II.
PELAKSANAAN
Adicara
nyadran kathah dipunlampahi wonten ing dhaerah-dhaerah ing Jawa Tengah, boten
namung wonten ing dhaerah Muntilan, mliginipun Dhusun Nganten kemawon.
A.
Wekdal
Nyadran
menika biasanipun wonten ing wulan sya’ban lan wonten ing sanes dhaerah ingkang
dipunlaksanakaken ing wulan mulud lan rajab. Menawi wonten ing Dhusun Nganten
menika dipunlampahi ing wulan sya’ban utawi wulan saderengipun wulan pasa.
Tanggalipun inggihmenika tanggal 25 Sya’ban. Ananging wonten dhusun utawi desa
ingkang nglampahi adicara menika saderengipun utawi sasampunipun tanggal 25
sya’ban, nanging taksih wonten ing wulan sya’ban. Menika miturut hasil rapat
para panitia wonten ing dhaerah menika.
B.
Panggenan
Adicara
nyadran wonten ing Nganten manika dipunlaksanakaken wonten ing lapangan ingkang
dipuntutupi tratak. Menawi sanes dhaerah wonten ingkang dipunlaksanakaken
wonten ing sakiwatengenipun pasarean utawi plataranipun mesjid.
C.
Kepanitiaan
wonten Adicara Nyadran
Adicara
nyadran menika wonten panitianipun. Panitianipun dipunpendhet saking pengurus
harian kumpulan RT kaliyan bapak-bapak ingkang biasanipun ndherek nyengkuyung
nyadran menika. Dhusun Nganten menika wonten tiga RT, dados panitianipun
dipunpendhet saking perwakilan tiga RT wau. Menawi ketuanipun inggih menika
kepala dhusun utawi Kadhus Nganten.
III.
TATA
CARA NYADRAN
Nyadran
menika dipunwiwiti tabuh sanga enjing utawi langkung. Ibu-ibu sampun wiwit
tabuh kalih utawi tiga enjing masak
kangge dhaharang ingkang badhe dipunkempalakenn wonten lapangan kaliyan ingkang
badhe dipuncaosaken kangge sedherek-sedgerekipun. Nalika bibar subuh, lajeng
dipunkirimaken marang sedherekipun ingkang benten kampung utawi dhaerah. Lajeng
menawi sampun pungkas padamelan wonten ing dalem, para ibu ngempalaken ‘berkat’
(dhaharan ingkang dipunpanggenaken wonten besek utawi cething) wonten lapangan.
Para ibu menika boten teras wangsul, nanging mbiyantu ndamelaken dhaharan
kangge tamu-tamu menika.
Biasanipun
‘berkat’ ingkang dipunkempalaken wonten kalih besek, ingkang setunggal kangge
para rawuh ingkang saking dhusun Nganten piyambak, lan setunggal malih kangge
tamu saking sanes dhusun utawi tamu undhangan.
Adicara
nyadran menika dipunwiwiti ngangge ceramah saking ustad utawi kyai, ingkang
isinipun babagan keutamaan wulan pasa lan amalan ingkang kedah dipunlampahi
nalika wulan pasa sarta sanesipun. Sabibaripun ceramah utawi pengaosan,
dipunlajengaken dedonga sesarengan supados saged nglampahi pasa kanthi sae
kaliyan donga kangge para leluhur utawi sedherek ingkang sampun seda.
Pungkasanipun
adicara nyadran menika sedaya ‘berkat’ dipunbagekaken marang sedaya tamu
kaliyan tiyang-tiyang ingkang mbetahaken. Lajeng para rawuh menika sami kondur.
IV.
TATA
KRAMA
Wonten
ing adicara nyadran ing dhusun Nganten menika boten wonten larangan utawi
anjuran khusus ingkang kedah dipunlampahi.
V.
PENUTUP
Simpulan
Tradhisi
nyadran menika dipunlaksanakaken wonten
wulan sya’ban tanggal 25 saderengipun wulan pasa. Adicara menika isinipun donga
sesarenagan kangge nyambut wulan pasa. Nyadhran ingkang wonten Dhusun Nganten,
Desa Ngawen, Kecamatan Muntilan, Kabupaten Magelang menika panggenanipun wonten
lapangan, boten wonten ing sakiwatengenipun sarean. Wonten ing adicara menika
ibu-ibu sami mbeta ‘berkat’, inggih menika sekul kaliyan lauk kados tahu utawi
tempe bacem, capcai, bakmi goreng kaliyan sambel kentang lan krecek ingkang
dipunlebetaken besek utawi cething. Berkat menika dipunkempalaken wonten tengah
lapangan.
Adicara
menika dipunrawuhi kaliyan warga dhusun Nganten piyambak kaliyan tamu ingkang
dipunundhang saking sanes dhusun. Adicara dipunwiwiti ngangge ceramah utawi pengaosan,
lajeng donga sesarengan supados saged pasa kanthi sae kaliyan dongakaken
sedherek ingkang sampun seda. Adicara dipunpungkasi kaliyan pembagiyan berkat
menika lan sami pamit kondur.
0 komentar:
Posting Komentar