1.
LUNGA ANA TANAH RANTAU
Tak
cangklong tas ana pundhak
Tas
kang isi ijazah lan surat lamaran kerja
Sepur
teka, aku munggah gerbong nomer lima
Wis tak
antebke bakal lunga ngrantau
Ninggal
desa lan kulawarga
Kanggo
ngranggeh gayuhku
Sanajan
atiku ngetuk luh
Nanging
semangat ana dhadhaku
Lan donga
wongtuwaku
Gawe
kandele tekadku lunga ana tanah rantau
Dongaku
mugi ana tanah rantau bisa nyata gayuhku
Bisa
gawe bungahe wongtuwaku
2.
AKU
Iki
aku...
Bocah
wadon sing ora ayu
Ndesa
tur wagu
Ora
ngerti pupur utawa gincua
Namung
ngerti masak lan ngangsu
Bapakku
kusir andhong
Lan
simakku tukang momong
Nanging
aku banget bombong
Duwe
wongtuwa sing bisa ndhidhik
Gawe
lakuku luwih becik
Omahku
iya ora magrong-magrong
Namung
gedhek sing wis bolong-bolong
Uga
gendheng sing wis padha bocor
Nanging
aku tetep bisa mesem
Marga
bapak lan simak sing gawe seneng
3.
WIS
Wis....
Ora....
Wegah..!
Kupimh
iki wis ora gelem nampa tembang tembungmu
Wis
wegah krungu celaton manismu
Ora....
Ya,
ora...
Pokokke
ora..!
Mripat
iki wis ora jenak weruh esemmu
Esemmu
sing wis katon palsu
Getir,
wis ora manis kaya madu
Wis...
Kudu
uwis..!
Sikil
iki wis kesel nunggu tekamu
Tekamu
saiki namung gawe laraku
Saiki
atiku wis mandheg nunggu saliramu
Wis mandheg
mandeng potretmu
4.
Layang Kabar
Layang
kabar padha kabur
Mabur-mabur
kagawa sumilire angin
Marga
bubar diwaca banjur dibuwang
Utawa
diseleh, nanging ora dipajang
Klebet-klebet
ana pinggir dalan
Sing
ngopeni namung gresek utawa lowakan
Dijol
duwit kanggo tuku mangan
Layang
kabar wis saya kurang
Marga
wis padha seneng maca warta saka layar tunyukan
Wong
golek koran bekas kuwalahan
Pametune
wis ora cukup kanggo ulap kringet
Nanging,
sanadyan mangkono atimu tetep anget
Esemmu
ora ucul, ora nggambarake ruwete pikir
Tetep
mlaku kanggo nyambung urip
5.
Katresnan tan bisa kaucap
Gurit
iki babagan katresnan
Katresnan
sing durung tau diucapake
Katersnan
sing terus wae kesimpen primpen
Katresnan
sing namung meneng
Meneng
ana lambe, nanging njerit ana njero ati
Sing
ngerti namung kertas putih kang kebak oretan
Sing
weruh namung rembulan ing sela-selane mega klawu
Sing krungu
namung angin liwat ing tengah wengi
Katresnan
iki saya suwe saya nglarani ati
Ora
bisa ngomong nanging wegah kesimpen
Namung
ngluluhke luh saben kangen
Pancen
ngono rasane yen nyimpen rasa tresna
Tresna
nanging ora bisa ngucapake
0 komentar:
Posting Komentar