artikel basa jawa

Selasa, 10 November 2015

| | |



KURANG DIKENALE PARA SASTRAWAN JAWA LAN KARYA-KARYANE

Masyarakat Indonesia saiki lagi padha ngarah dadi masyarakat industri, mula padha luwih mentingake sinau ilmu-ilmu sing kaya sains lan teknologi tinimbang sinau satra, apa maneh sastra Jawa. Yen wis padha aras-arasen sinau sastra Jawa, anggone ngenal sastrawan jawa iya luwih angel maneh. Masyarakat jawa uga kurang pedhuli karo karya-karya sastra Jawa sing dadi budayane dhewe sing paling tuwa tinimbang sastra liyane. Rosidi (1965:6) nyebutake yen Kesusastran Jawa kuwi sing paling tuwa anan ing kabeh kepulawan Nusantara. Contone ana ing basa kawi, sing terkenal yaiku Mpu Kanwa (ngarang Arjunawiwaha), banjur pengarang Jawa Baru sing paling terkenal, yaiku Kijahi Jasadipura I lan II (nyadhur karya sastra Jawa Kuna dadi Jawa Baru sing bentuke tembang).
Wong-wong anggone maca karya sastra Jawa iki wis padha kurang minate, lan iki sing ndadekake ngrembakane sastra Jawa rada seret. Kuwi mau bisa didelok saka angele golek buku-buku karya sastra Jawa ana ing toko-toko buku. Ora mung ana ing toko buku sing angel golekane, nanging ana ing perpustakaan-perpustakaan sekolah utawa dhaerah uga mung sithik ditemokake. Yen buku-buku iki angel ditemokake, uga nyebabake masyarakat sing mbutuhake buku utawa sing kepingin nyinauni sastra Jawa dadi angel nemokake buku kasebut.
Sebab liyane sing ndadekake serete ngrembakane sastra Jawa kuwi yaiku masyarakat Indonesia sing luwih nrima budaya tutur sing wis ngoyot saka leluhur tinimbang budaya literasi utawa budaya maca lan nulis. Saengga masyarakat kurang minat anggone maca lan nulis sastra Jawa. Kamangka maca lan nulis sastra kuwi iya padha pentinge karo nyinau ilmu-ilmu liyane. Prof. Riris K. Toha Sarumpaet, M.Sc., Ph.D. (sastrawan Indonesia) uga nyebutake yen maca buku sastra   kuwi ana kaitane karo kuwalitas bangsa. "Makin banyak membaca buku sastra, orang akan makin pintar, makin kreatif, makin sensitif, bahkan juga makin toleran..." . Ana maneh katrangan sing nyebutake manfaat saka sastra kuwi. Miturut Arief B. Kun ana ing buku Ilmu Sastra Ruwet, Rumit, Dan Resah karyane Yudiono, nyebutake yen sastra kuwi pancen ana manfaate. Kaya sing diucapake John F. Kennedy (Presiden Amerika Serikat) yaiku, “Seandainya ada yang lebih banyak kaum politik memakai puisi dan lebih banyak penyair tahu politik, saya yakin dunia yang kita diami ini menjadi tempat yang sedikit lebih baik.”
Ananging ana ing Indonesia, masyarakat durung ngrasa yen maca sastra utamane sastra Jawa kuwi penting lan ana manfaate. Ing lingkungan pelajar, sastra jawa wis kurang diminati tinimbang sastra Indonesia. Amargine sastra Indonesia kuwi luwih gampang dingerteni bahasane lan marga novel Indonesia luwih akeh ditemokake tinimbang novel basa Jawa. Iki uga dadi salah sijine sebab sing ndadekake pengarang utawa sastra Indonesia luwih dikenal tinimbang pengarang sastra Jawa. Kudune ora mung novel sing nganggo basa Indonesia sing disenengi, nanging sing jawa uga kudu disenengi. Iki amarga loro-lorone padha pentinge diwaca, supaya sastra Indonesia lan sastra dhaerah padha luwih maju kabeh.
            Ana maneh sing nyebabake karya sastra Jawa wis mulai seret lan saya ora dikenal karo masyarakate, yaiku angele golek penerbit sing gelem nerbitke buku sastra jawa.  Saiki wis arang penerbit sing gelem nerbitake novel-novel jawa, margane para penerbit mau nganggep yen novel jawa ora duwe nile komersial lan saiki wis angel anggone masarake. Mula kuwi akeh pengarang sing mbiyayai dhewe yen arep nerbitke karyane. Contone yaiku Suparto Brata, sastrawan jawa, sing golek biaya dhewe kanggo nerbitake bukune. Buku sing diterbitke yaiku antologi cerkak Trem (2000), novel Donyane Wong Culika, lan liya-liyane. Dheweke gelem ndanai dhewe amarga penerbit swasta ora gelem njupuk resiko rugi marga ora payu bukune lan penerbit sing dibiyayai pemerintah ya wis wegah karo sastra jawa.
            Prawoto (1991:7) uga mbabarake yen pengarang Jawa ngarepake banget ana penerbit-penerbit kaya PT. Pembangunan, PT. Nusantara lan penerbit-penerbit sastra Jawa sing tenan-tenan tanggung jawab ing segi kuwalitas komersial lan panyebarane. Yen kekarepan kuwi bisa kalakon, mesthine buku-buku sastra Jawa bisa akeh nyebar ing masyarakat. Mula masyarakat bisa padha nikmati buku mau kanthi gamapang anggone nggoleki.
            Yen penerbit saya sithik sing gelem nerbitake sastra jawa, buku-buku sastra jawa uga melu saya angel golekane. Beda karo sastra Indonesia sing tekan saiki isih rame karo penerbitan buku, sastra Jawa malah saya langka njedhule buku sastra. Iki ora mung disebabake karo sithike penerbit sing gelem nerbitke buku sastra Jawa, nanging uga disebabake karo awit langkane pejuwang sastra lan pengarang sastra Jawa. Padhahal wis ana penghargaan arupa hadhiyah Rancage (nyediyakake duwit 5 juta) sing diprakarsai Ajip Rosyidi kanggo para pejuwang sastra lan pengarang sing nerbitake buku sastra dhaerah. Ananging tetep isih kurang narik kawigatene para penerbit buku lan masyarakat jawa.
            Beda karo saiki, jaman kamardikan 1945 nganti 1998, sastra jawa modern ngrembaka banget ana ing masyarakat. Iki sebabe rega buku-buku sastra mau murah lan wektu kuwi durung ana buku karya sastra kaya novel sing nganggo basa Indonesia. Wektu kuwi uga akeh pengarang utawa penulis sing padha njedhul.
            Prawoto (1991:7) nyebutake yen sawise proklamasi, Balai Pustaka namung nyetak ulang lan nerbitake sepiraa wae, yaiku namung buku 3 jawa saka taun 1960 tekan saiki. Banjur sastra buku malih dadi sastra majalah. Majalah-majalah jawa kuwi sing penting banget kanggo ngrembakane sastra jawa.
            Nalika sastrawan Jawa padha tetep setiya marang sastra Jawa, masyarakat jawa malah kurang saya wegah nggunakake basa Jawa. Masyarakat jawa saiki akeh-akehe wis nggunakake basa Indonesia kanggo basa padinan, saengga masyarakat kuwi kurang ngerti utawa ora dhong karo basane sing dienggo ing karya-karya sastra Jawa. Iki uga sing nyebabake kurang kurang tertarik, amargi ora ngerti basane karya sastra jawa mau.
            Soeprapto (ana ing buku Kritik Esai Kasusasteraan Jawa Modern karya Prawoto 1991:21) nyebutake yen ing 1982, George Quinn ( dhosen basa Indonesia lan Malaya Universitas Sydney) ngandharake yen sastra Jawa kuwi luwih memasyarakat tinimbang sastra Indonesia. Ananging pranyataane kuwi isih durung dingerteni bener apa salah. Yen didelok saka kasunyatane, isih akeh uwong saka kelompok etnis Jawa sing durung ngerti sastrane, yaiku sastra Jawa Modern. Banjur njedhulake pitakonan kaya pira ta wong sing wis ngenal para sastrawan Jawa? Pira ta wong sing wis maca karya-karya sastra Jawa kuwi? Dibandhingake karo sastra Jawa sing tuturan (wayang kulit, ketoprak, lan liyane), sastra Jawa sing tulis durung utawa kurang memasyarakat.
            Sanadyan sastra Jawa saiki wis mulai padha kurang digatekake karo masyarakat, nanging isih ana akeh pengarang sastra Jawa sing aktif ngarang utawa nulis sastra Jawa. Para sastrawan kuwi tetep nglairake karya-karya sastra Jawa. Sastrawan kuwi antarane yaiku St. Iesmanasita, Suparto Brata, Any Asmara, Esmiet, Tamsir AS, Widi Widayat, Hardjana Hp, lan liya-liyane.
            Mula saka panjabaran ing ndhuwur mau bisa jupuk dudutane, yaiku kurange minat masyarakat anggone maca lan nyinau sastra jawa gawe serete perkembangan sastra jawa. Yen masyarakat wis padha ora minat maneh, buku-buku utawa karya sastra bakale ora payu maneh utawa mung payu sithik, saengga gawe penerbit aras-arasen anggone nerbitake buku sastra jawa mau. Penerbit nganggep yen nerbitake buku mau ora nduwe nile komersial lan angel anggone ngedol. Iki uga ndadekake masyarakat sing mbutuhake buku sastra jawa angel nemokake ana ing toko-toko buku lan ana ing perpustakaan.
            Yen miturut Rass (1985:10) sing kekutip ana ing njero buku Sastra Jawa Periode Akhir Abad XIX—Tahun 1920 (1996:23), nyebutake faktor sing nyebabake ngrembakane sastra Jawa ora lancar kaya sastra liyane. Faktor kuwi, yaiku masyarakat Jawa durung bisa nekakake penulis sing duwe bakat lan kreativitas sing dhuwur, durung mampu ing bidhang keuwangan penerbit kangg nerbitake buku, lan kurang minate masyarakat marang karya sastra Jawa.
            Kabeh kuwi sing nyebabake kurang dikenale para pengarang lan uga penulis sastra jawa. Sebab-sebab sing liya sing nyebabake kurang dikenale para sastrawan jawa uga isih akeh, ing nduwur kuwi namung sepiraa sebab sing umum.
Solusi kanggo mbantu ngatasi perkara kurang dikenale sastrawan Jawa karo masyarakat, yaiku kapisan masyarakat maca karya sastra jawa akehe namung kanggo hiburan, saengga njedulake perkara antarane hiburan lan nilai estetis ing karya sastra mau. Mula kuwi, kanggo narik kawigaten para pamaca, pengarang kudu nggatekake kaselarasane nile hiburan karo nile senine. Saengga penerbit uga dadi luwuh tatarik nerbitake. Yen buku sastra jawa wis mulai nyebar, mula otomatis para pengarange uga padha dikenal karo masyarakat.
Kapindho, para pengarang gawe website kanggo ngenalake karyane dheweke sing bisa nambah referensi kanggo masyarakat sing pengen ngenal sastra jawa. Lan uga bisa ngenal para pengarang utawa pejuwang sastra jawa. Contone website duweke Suparto Brata, yaiku www.supartobrata.com. Suparto duwe pengarep-arep kanggo sastra jawa supaya dadi sastra dunia.
Katelu, institusi utawa perguruan tinggi sing nduwe program studi sastra jawa, nguwei konstribusi kanggo sastra jawa supaya terus ngrembaka lan ora dilalekake karo para mudha lan masyarakat jawa utamane. Nanging ora mung institusi utawa perguruan tinggi, masyarakat lan uga pamerintah iya kudu nguwei konstribusi kanggo sastra jawa kuwi. Yen karya-karya sastra jawa wis nyebar ing tengah-tengahing masyarakat, pengarang utawa penulise uga luwih gampang dikenal karo masyarakat.

Sumber :
·         Buku :
Rosidi, Ajip. 1965. Ikhtisar Sejarah Sastra Indonesia. Bandung: Binacipta.
Prawoto, Poer Adhie. 1991. Kritik Esai Kasusasteraan Jawa Modern. Bandung: Angkasa.
Mardianto, Herry, dkk. 1996. Sastra Jawa Modern Periode 1920 sampai Perang Kemerdekaan. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.
Pardi, dkk. 1996. Sastra Jawa Periode Akhir Abad XIX--Tahun 1920. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.
KS, Yudiono. 2000. Ilmu Sstra Ruwet, Rumut, dan Resah. Semarang: Mimbar.
·         Website :
Tiwiek S.A..  2010. “[Buku] Sepinya Penerbit Sastra Jawa”. http://cabiklunik.blogspot.com/2010/02/buku-sepinya-penerbit-sastra-jawa.html.24/5/2015.
Adiya, Intan Nukhi. “Tugas Prosa Jawa Intan”.  http://www.academia.edu/9376443/tugas_prosa_jawa_intan. 24/5/2015.

0 komentar:

Posting Komentar