Acara Wisuda Kridhamadu (Pranatacara) Bergada VI kuwi
ditindakake ing dina Setu tanggal 28 Maret 2015 ana ing gedung B6. Ana ing
acara iki, aku melu dadi panitia. Panitiane iku saka anggota HIMA (himpunan
mahasiswa), Kramadhamangsa (rohis jurusan basa Jawa), lan ana saka peserta workshop kridhamadu, uga ana saka mbak
mase sing arep diwisuda.
Acara diwiwiti saka jam 7 wengi. Para kadang lan
dhosen-dhosen saka jurusan basa Jawa, antarane yaiku Pak Sayuti, Pak Widodo, Bu
Prastiti, Pak Hardyanto lan liya-liyane, uga ana kadang saka jurusan liya sing
padha rawuh ana ing acara iki. Para rawuh iki sadurunge melbu ana ing njero
ruangan, diaturi nyopot sandal, banjur presensi lan njupuk jajanan arupa tela
lan kacang godhog uga unjukan.
Jebul acarane rada molor wektune, kira-kira molor
sejaman. Dijadwalake kudune jam 7 acara wis diwiwiti, nanging jam 8 lagi diwiwiti
acarane. Acara kepisan yaiku pambukaan MC, ingkang dadi MC yaiku mas Aji lan
mbak Uri. Nanging sadurunge pambukaan, ana penampilan gurit lan karawitan,
ingkang gurit yaiku mbak Niken, mbak Mukti lan mas Septian.
Sawise pambuka, banjur ana penampilan tari Kosasih saka
kadang mahasiswa seni tari. Sabanjure ana sambutan saka ketua Kridhamadu yaiku
mas Arif. Acara sabanjure Prosesi
Panggih Manten. Ana ing acara iki, sing didadekke manten dijupuk saka anggotane
Kridhamadu yaiku mas Rohmad lan mbak Hala. Loro-lorone dipacaki manten jawa lan
nglampahi adat temanten jawa. Saliyane penganten, ana uga sing dipacaki dadi
pengiring lan bapa biyunge saka temanten mau. Sawise rampung anggone prosesi
manten kuwi, manten lan bapa biyunge padha lungguh ana kursi sing wis dicepakake.
Kursine dihiasi nganggo kembang-kembang sing warna-warni, ana jambon, putih,
ungu lan abang.
Acara sabanjure kuwi acara paling inti, yaiku Wisuda
Kridhamadu Bergada VI. Acara iki MC-ne mbak Anis (ketua panitia). Para anggota
kridhamadu sing wis padha macak gawa mbayak kanggo sing setri lan beskap kanggo
sing jaler. Kabeh padha baris, banjur mlaku kanthi alon-alon nuju panggung. Ana
ing panggung, padha tata terus diwenehi plakat lan samir. Sing menehi plakat
lan samir kuwi para dhosen sing dadi pendhamping ana ing kridhamadu kayata Pak
Widodo, Pak Sayuti,Pak Hardyanto, Bu Prastiti lan liyane.
Sawise kabeh para wisuda padha entuk plakat lan samir,
banjur padha mudhun panggung. Acara diterusake kaliyan pemberian
kenang-kenangan lan kesan pesan para pemateri. Pungkasane ditutup marang MC.
Banjur para rawuh padha bubar lan para wisuda poto-poto ana ngarep panggung.
Acara wisuda iki rampung kira-kira jam sewelas wengi.
0 komentar:
Posting Komentar