MAMPIR EMBUNG
Sore iki langite katon resik, ora ana mega, namung
semburat-semburat oren saka srengenge sing wis arep ndhelik. Aku mlaku-mlaku
ana pinggir embung, sajakke mung mampir ngilangake mumet anggone kuliyah. Saben
jangkah, aku ngingetake sakiwa tengene embung. Akeh sing gawe seneng, nanging
ya ana sing nggawe prihatine ati iki. Aku banjur mandheg, lungguh ana bangku
taman sing ana ing pinggir embung. Sumilir angin gawe obahe godhong-godhong
kang katon kaya padha jejogetan. Ijo royo-royone banyu embung kaya-kaya padha
melu obah, nirokake iramane godhong mau.
Bocah-bocah cilik padha peplayon karo gegojekan ana
pinggir embung sing eyup. Bocah-bocah mau ora nggatekke wong-wong sing ana
sakiwa tengene. Padha guyonan, cekikak- cekikik, kaya-kaya ora duwe beban. Aku
mung ndelengake bocah-bocah karo mesem tipis.
Sore iki pancen akeh banget wong sing padha dolan ana
sakiwa tengene embung. Ana sing mung mampir sedhela, ana sing lagi padha
nggarap tugas karo kancane, ana sing karo anak-anakke, lan ana uga sing lagi
pacaran.
Sawise sawetara lungguh ana bangku, aku banjur mlaku nuju
pendhapa sing ana ing tengah-tengahe embung. Pendhapa mau yen disawang saka
adoh katon apik banget. Nanging yen wis mlebu pendhapa mau, aku sajakke rada
prihatin, margane akeh tenan sampah sing klarahan ana pojokan pendhapa. Ora
mung ana pojok pendhapa, yen ditamatake kanthi temenan, embung mau iya akeh
banget sampahe. Plastik tilas wadhah panganan lan botol-botol padha ngambang
ing pojokane embung. Pancen mau nalika aku mlaku-mlaku ana pinggir embung,
namung sithik banget wadhah sampahe, lan ing pandhapa ora ana wadhah sampahe
babar pisan.
Embung kuwi apik banget, yen ora ana sampahe. Kudune
wadhah sampah iku ditambahi lan wong-wong sing padha dolan ana embung ora oleh
mbuang sampah sakpenakke dhewe. Ora mung dolan gawa panganan banjur yen wis
entek, bungkuse utawa plastike ditinggal ngono wae, padha ora tanggung jawab.
Kurange kesadharan wong-wong mau anggone mbuang sampah ana wadhah sampah., gawe
embung sing endhah lan asri dadi katon reget, akeh sampahe. Kaendahane embung
saiki wis katutup karo klarahane sampah-sampah.
sumber gambar :
http://www.panoramio.com/user/6939210/tags/UNNES?photo_page=2
sumber gambar :
http://www.panoramio.com/user/6939210/tags/UNNES?photo_page=2
0 komentar:
Posting Komentar