Artikel Nanggo Basa Jawa

Jumat, 06 November 2015

| | |


Ijazah Palsu: Wujud saka Kurange Pangerten yen Proses Luwih Penting Tinimbang Hasil
Annisak Maulani

Perkara ijazah palsu saiki wis dadi perkara sing kudu digatekake kanthi temenan. Ananging sing nggatekake ora mung pamarintah, masyarakat uga kudu nggatekake lan mangerteni perkara kuwi. Iki margane perkara ijazah palsu kuwi ngrugekake negara lan masyarakat. Kaya sing dijelasake karo Yuddy ana ing Republika Online (2015), nggunakake ijazah palsu sing statuse luwih dhuwur kasebut, tegese olehe jabatane uga luwih dhuwur lan bayarane dadi munggah. Bayarane mau kuwi sing nggunakake dhuwit saka negara. Kamangka dhuwit negara mau saka dhuwit pajak rakyat.
Wong-wong sing padha gawe ijazah palsu mau mesthi ora mikir lan durung sadhar yen proses luwih penting tinimbang hasil. Miturute wong mau yen ijazah lan titel kuwi syarat utama kanggo golek pagaweyan supaya oleh panguripan sing luwih apik lan mulya. Ijazah pancen dadi syarat kanggo golek pagaweyan, nanging ijazah dudu siji-sijine syarat anggone golek pagaweyan. Malah proses lan pengalaman sing luwih penting tinimbang ijazah. Duwe ijazah nanging ora bisa kerja uga padha wae. Ijazah kuwi namung kanggo syarat sing ndhukung (pelengkap) utawa kanggo tandha yen wis lulus saka tingkat pendhidhikan tartamtu.
Saka perkara ijazah palsu kuwi bisa didelok yen masyarakat Indonesia akeh sing kurang ngerti makna saka proses sing dawa. Masyarakat saiki luwih seneng njupuk  dalan sing cepet lan ora ribet. Han ana ing Subekti (2015) nyebutake yen masyarakat Indonesia pancen luwih seneng njupuk dalan pintas, kaya copy paste saka internet utawa mbayari wong liya banjur dheweke keri nunggu hasile. Iki jelas banget yen wis akeh masyarakat Indonesia sing males lan wegah mikir apa-apa sing dianggepe angel utawa ribet. Ora namung males anggone nglakoni proses-proses mau, nanging uga sakepenake dhewe anggone nggunakake kemajuan IPTEK kanggo nyiptakake ijazah palsu mau.
Wong-wong sing padha males berproses mau padha nggampangake anggone golek ijazah lan uga titel. Rumangsa duwe dhuwit akeh kanggo tuku apa wae sing dibutuhake. Ora ngormati maneh marang proses sing sajake bisa kanggo bekal kanggo golek pagaweyan. Yen perkara ijazah palsu mau kadadeyan terus-terusan, mula ateges bisa ngrusak semangat para pelajar anggone golek ilmu lan pengalaman. Semangat para mudha sing dibutuhake kanggo bangsa, yaiku kanggo ngembangake pendhidhikan ing Indonesia.
Illah ana ing Subekti (2015) njelasake, ana wong sing kandha karo Kementriane yen dheweke namung butuh bayar welasan yuta kanggo gawe ijazah STIE Adhy Niaga. Wong kuwi ngaku yen dheweke namung bayar 16 yuta lan 3 sasi ijazahe wis dadi. Ana uga perkara sing meh padha, yaiku ana universitas utawa perguruan tinggi sing wis tau kadhaftar lan terakreditasi, nanging ora nguwehi utawa nerapake sistem pasinaon kanthi bener. Kayata, yen kudune paling sithik kanggo S1 kuwi 144 SKS, nanging ana sekolah mau namung lagi 6 SKS wae wis bisa lulus S1. Perkara iki padha wae karo perkara suap, amarga padha-padha nggunakake dhuwit kanggo mujudake kepenginane utawa kebutuhane kanthi cepet lan gampang. Sing ndadekake prihatin yaiku perkara iki nyangkut karo dunia pendhidhikan ana ing Indonesia.
Pemalsuwan ijazah mau mesthine kalebu tindhak pidana pendidikan sing bakal oleh sanksi utawa hukuman kanggo wong-wong sing nglakoni pemalsuwan mau. Sing diwenehi sanksi ora mung pihak sing gawe utawa sing nyetakake wae, namung uga sing njaluk digawekake ijazah palsu mau. Kaya sing dijelasake karo Yuddy ana ing Republika Online (2015), yen sanksi pidana diwenehake kanggo sing nyetak utawa sing ngetokake ijazah palsu, lan kanggo pejabat utawa PNS, namung oleh sanksi administratif lan jabatan. Ananging kudune para pejabat utawa wong sing gawe ijazah palsu mau uga diwenehi sanksi pidana, supaya padha kapok lan ora mbaleni maneh utawa supaya ora ana sing duwe ijazah palsu. Iki margane loro-lorone salah kabeh utawa padha-padha salahe. Yen ora ana sing njaluk digawekake ijazah palsu, mesthi ora ana lembaga sing ngetokake utawa nggawekake ijazah palsu. Ngono uga yen ora bakal ana lembaga sing ngetokake ijazah palsu, mesthi ora ana wong sing njaluk digawekake ijazah palsu.
Perkara pemalsuwan ijazah sing dilakoni para pejabat lan PNS iki nggambarake kurang selektif anggone milih utawa merekrut. Sastroatmodjo (1995: 121) njelasake yen seleksi kepemimpinan struktur politik ditindhakake nganggo cara sing wis terencana lan tratur, trep karo kaidah utawa norma-norma sing ana, sarta pangarepe masyrakat. Syarat-syarat sing dibutuhake supaya oleh jabatan sing apik, yaiku nyangkut aspek fisik (sehat jasmanine), aspek mental spiritual (sehat jiwane), lan aspek intelektual (kepinterane). Para pejabat sing nggunakake ijazah palsu mau prelu ditakoki mental lan intelektuale.
Pejabat-pejabat sing padha gawe ijazah palsu mau bisa ora lulus saka syarat mental spirituale. Amarga pejabat mau anggone gawe ijazah sing palsu mesthi disebabake yen dheweke ora kuwat mentale kanggo kompetisi ing dunia pendhidhikan. Dheweke wegah saingan lan ora wani nglakoni proses sinau sing rekasa. Iki uga nggambarake yen dheweke ora percaya karo kemampuwane dhewe. Pejabat mau ora mung ora lulus saka aspek mentale, nanging uga ora lulus saka aspek intelektuale. Nalika gawe ijazah palsu kuwi, para pejabat mesthine ora nganggo proses sinau ana ing sekolah utawa perguruan tinggi. Mula, para pejabat kuwi kurang nduweni kapinteran lan pengalaman. Para pejabat mau namung oleh ijazahe wae nanging ora karo ilmune.
Saiki pancen sisteme pendhidhikan ana ing Indonesia kaya-kaya wis padha mlenceng lan ora ketata maneh. Akeh oknum-oknum sing nyalah gunakake pendhidhikan kanggo urusane dhewe. Pendhidhikan kuwi pancen penting banget kanggo nyiptakake individu sing mandhiri lan pinter. Ananging masyarakat kurang mangerteni apa gunane pendhidhikan sing temenan. Tilaar (2006: 199) njelasake yen pendhidhikan kudune menehi tolok ukur penilaian kanggo sikap lan tingkah sing apik, dudu namung nyetak wong-wong sing spesifikasi kuantitatif padha dipeksa. Iki bisa dadi salah sijine faktor sing nyebabake para pemalsu ijazah mau, yaiku akeh wong sing padha duwe pandhangan yen pendhidhikan kuwi namung kanggo ndadekake wong pinter. Ananging sing luwih penting saka pinter kuwi yaiku karakter sing apik. Pendhidhikan kuwi ora mung sekedhar kanggo oleh ijazah utawa titel, nanging kanggo mbentuk karakter sing kuwat lan apik.
Halim (1986: 17) nyebutake yen sikap tindhak sampah masyarakat kuwi sumbere bisa saka pendhidhikan dhasar sing ora apik saka wongtuwane. Kejahatan sing nduweni akibat fatal kanggo bangsa lan negara, misale korupsi, manipulasi, sabotase, penipuan, lan liya-liyane bisa saka pendhidhikan saka wongtuwa sing ora bener. Pendhidhikan wongtuwa kuwi dadi faktor sing paling kuwat kanggo nemtokake kabeh. Mula wong-wong sing duwe ijazah palsu utawa oknum sing nggawekake ijazah palsu mau, bisa uga disebabake saka olehe pendhidhikan kulawarga sing ora bener.
Pancen pendhidhikan kuwi duwe hubungan karo mutu tenaga kerja. Embuh kuwi pendhidhikan saka kulawarga utawa saka lembaga resmi (sekolah). Tilaar (1997:151) nerangake yen pendhidhikan duwe peran lan fungsi kanggo ndhidhik warga negara, sarta duwe tanggung jawab liya, yaiku nyiapake tenaga kerja sing duwe karakteristik sing dipengini karo lapangan kerja. Mula yen ana pejabat utawa PNS sing padha gawe ijazah palsu, kuwi kudu ditakokake mutu kerjane. Amarga anggone oleh ijazah nganggo cara sing instan lan ora nganggo proses pendhidhikan sing bener.
Anane perkara ijazah iki bisa nyebabake semangat persaingan (kompetisi) pendhidhikan ana Indonesia suda. Wong-wong wis akeh sing nggampangake anggone golek ijazah, yaiku ngandhalake dhuwit. Anggone golek ijazah lan titel luwih milih nganggo cara sing cepet lan gampang. Kaya-kaya padha ora butuh sinau utawa sekolah maneh. Para oknum sing gawe ijazah palsu mau ora paham maknane pendhidhikan. Pendhidhikan kuwi ora mung sakedhar golek biji, nanging kanggo ngembangake potensi dhiri. Pendhidhikan pancen bisa digunakake kanggo golek pagaweyan. Kaya sing diterangake karo Ilyas (2013: 22), yen satenane akeh masyarakat sing padha nempuh pendhidhikan kanggo nyukupi kebutuhan dhasare. Kebutuhan dhasar kuwi nyakup kaya sandhang, pangan, lan papan.
Mula kanggo nyukupi kebutuhan-kebutuhan mau, ana masyarakat sing nggunakake dalan pintas supaya oleh pagaweyan sing apik lan bayarane dhuwur. Ana ing jaman saiki pagaweyan-pagaweyan wis padha menehi standar sing dhuwur. Mula kuwi saiki masyarakat dituntut kudu duwe pendhidhikan sing luwih dhuwur yen kepengin oleh pagawean sing apik. Tilaar (1997: 152) nerangake yen bentuk-bentuk pagaweyan saya suwe saya nuntut standar sing dhuwur trep karo kemajuan teknologi  lan kebutuhan masyarakat (hasil-hasil industri) sing saya dhuwur mutune. Kanggo wong tartamtu sing males nglakoni proses mau nanging kepengin dhuwe standar dhiri sing dhuwur, kuwi bisa banjur padha golek dalan sing cepet tur gampang. Ananging dalan mau ora bener, sababe ora bakal menehi standar dhiri sing apik, nanging namung menehi bukti palsu sing ora ana mutune.
Intine, pendhidhikan kuwi tujuwane ora mung golek ijazah utawa titel kanggo golek pagaweyan. Ananging pendhidhikan kuwi kanggo ngembangake potensi dhiri lan kanggo golek ilmu lan pengalaman sing bisa digawe ngundhakake mutu dhiri. Ijazah lan titel kuwi namung dadi bukti yen wis ngrampungake tingkat pendhidhikan tartamtu. Ijazah lan titel uga dudu dadi syarat sing utama kanggo golek pagaweyan. Pagaweyan kuwi bisa diarani dhampak saka proses sinau mau. Mula dhasare proses kuwi luwih penting tinimbang hasil. Hasil kuwi kaya bayaran utawa upah saka proses-proses mau. Dadi perkara oknum-oknum sing padha gawe ijazah palsu mau durung mangerteni pentinge proses kuwi.

WACAN:
Halim, A. Ridwan. 1986. Tindhak Pidana dalam Asas-Asas Hukum Pidana (Suatu Tinjauan Yuridis Educatif). Jakarta: Ghalia Indonesia.
Tilaar, H.A.R.. 1997. Pengembangan Sumber Daya Manusisa dalam Era Globalisasi. Jakarta: PT Gramedia Widiasarana Indonesia.
Ilyas. 2013. Mencari Makna Pendidikan. Semarang: Fastindo.
Sastroatmodjo, Sudijono. 1995. Perilaku Politik. Semarang: IKIP Semarang Press.
Tilaar, H.A.R.. 2006. Standarisasi Pendidikan Nasional. Jakarta: PT Runera Cipta.

0 komentar:

Posting Komentar