ngarang nganggo basa jawa

Selasa, 10 November 2015

| | | 0 komentar


MAMPIR EMBUNG
Sore iki langite katon resik, ora ana mega, namung semburat-semburat oren saka srengenge sing wis arep ndhelik. Aku mlaku-mlaku ana pinggir embung, sajakke mung mampir ngilangake mumet anggone kuliyah. Saben jangkah, aku ngingetake sakiwa tengene embung. Akeh sing gawe seneng, nanging ya ana sing nggawe prihatine ati iki. Aku banjur mandheg, lungguh ana bangku taman sing ana ing pinggir embung. Sumilir angin gawe obahe godhong-godhong kang katon kaya padha jejogetan. Ijo royo-royone banyu embung kaya-kaya padha melu obah, nirokake iramane godhong mau.
Bocah-bocah cilik padha peplayon karo gegojekan ana pinggir embung sing eyup. Bocah-bocah mau ora nggatekke wong-wong sing ana sakiwa tengene. Padha guyonan, cekikak- cekikik, kaya-kaya ora duwe beban. Aku mung ndelengake bocah-bocah karo mesem tipis.
Sore iki pancen akeh banget wong sing padha dolan ana sakiwa tengene embung. Ana sing mung mampir sedhela, ana sing lagi padha nggarap tugas karo kancane, ana sing karo anak-anakke, lan ana uga sing lagi pacaran.
Sawise sawetara lungguh ana bangku, aku banjur mlaku nuju pendhapa sing ana ing tengah-tengahe embung. Pendhapa mau yen disawang saka adoh katon apik banget. Nanging yen wis mlebu pendhapa mau, aku sajakke rada prihatin, margane akeh tenan sampah sing klarahan ana pojokan pendhapa. Ora mung ana pojok pendhapa, yen ditamatake kanthi temenan, embung mau iya akeh banget sampahe. Plastik tilas wadhah panganan lan botol-botol padha ngambang ing pojokane embung. Pancen mau nalika aku mlaku-mlaku ana pinggir embung, namung sithik banget wadhah sampahe, lan ing pandhapa ora ana wadhah sampahe babar pisan.
Embung kuwi apik banget, yen ora ana sampahe. Kudune wadhah sampah iku ditambahi lan wong-wong sing padha dolan ana embung ora oleh mbuang sampah sakpenakke dhewe. Ora mung dolan gawa panganan banjur yen wis entek, bungkuse utawa plastike ditinggal ngono wae, padha ora tanggung jawab. Kurange kesadharan wong-wong mau anggone mbuang sampah ana wadhah sampah., gawe embung sing endhah lan asri dadi katon reget, akeh sampahe. Kaendahane embung saiki wis katutup karo klarahane sampah-sampah.



sumber gambar :
http://www.panoramio.com/user/6939210/tags/UNNES?photo_page=2

artikel basa jawa

| | | 0 komentar



KURANG DIKENALE PARA SASTRAWAN JAWA LAN KARYA-KARYANE

Masyarakat Indonesia saiki lagi padha ngarah dadi masyarakat industri, mula padha luwih mentingake sinau ilmu-ilmu sing kaya sains lan teknologi tinimbang sinau satra, apa maneh sastra Jawa. Yen wis padha aras-arasen sinau sastra Jawa, anggone ngenal sastrawan jawa iya luwih angel maneh. Masyarakat jawa uga kurang pedhuli karo karya-karya sastra Jawa sing dadi budayane dhewe sing paling tuwa tinimbang sastra liyane. Rosidi (1965:6) nyebutake yen Kesusastran Jawa kuwi sing paling tuwa anan ing kabeh kepulawan Nusantara. Contone ana ing basa kawi, sing terkenal yaiku Mpu Kanwa (ngarang Arjunawiwaha), banjur pengarang Jawa Baru sing paling terkenal, yaiku Kijahi Jasadipura I lan II (nyadhur karya sastra Jawa Kuna dadi Jawa Baru sing bentuke tembang).
Wong-wong anggone maca karya sastra Jawa iki wis padha kurang minate, lan iki sing ndadekake ngrembakane sastra Jawa rada seret. Kuwi mau bisa didelok saka angele golek buku-buku karya sastra Jawa ana ing toko-toko buku. Ora mung ana ing toko buku sing angel golekane, nanging ana ing perpustakaan-perpustakaan sekolah utawa dhaerah uga mung sithik ditemokake. Yen buku-buku iki angel ditemokake, uga nyebabake masyarakat sing mbutuhake buku utawa sing kepingin nyinauni sastra Jawa dadi angel nemokake buku kasebut.
Sebab liyane sing ndadekake serete ngrembakane sastra Jawa kuwi yaiku masyarakat Indonesia sing luwih nrima budaya tutur sing wis ngoyot saka leluhur tinimbang budaya literasi utawa budaya maca lan nulis. Saengga masyarakat kurang minat anggone maca lan nulis sastra Jawa. Kamangka maca lan nulis sastra kuwi iya padha pentinge karo nyinau ilmu-ilmu liyane. Prof. Riris K. Toha Sarumpaet, M.Sc., Ph.D. (sastrawan Indonesia) uga nyebutake yen maca buku sastra   kuwi ana kaitane karo kuwalitas bangsa. "Makin banyak membaca buku sastra, orang akan makin pintar, makin kreatif, makin sensitif, bahkan juga makin toleran..." . Ana maneh katrangan sing nyebutake manfaat saka sastra kuwi. Miturut Arief B. Kun ana ing buku Ilmu Sastra Ruwet, Rumit, Dan Resah karyane Yudiono, nyebutake yen sastra kuwi pancen ana manfaate. Kaya sing diucapake John F. Kennedy (Presiden Amerika Serikat) yaiku, “Seandainya ada yang lebih banyak kaum politik memakai puisi dan lebih banyak penyair tahu politik, saya yakin dunia yang kita diami ini menjadi tempat yang sedikit lebih baik.”
Ananging ana ing Indonesia, masyarakat durung ngrasa yen maca sastra utamane sastra Jawa kuwi penting lan ana manfaate. Ing lingkungan pelajar, sastra jawa wis kurang diminati tinimbang sastra Indonesia. Amargine sastra Indonesia kuwi luwih gampang dingerteni bahasane lan marga novel Indonesia luwih akeh ditemokake tinimbang novel basa Jawa. Iki uga dadi salah sijine sebab sing ndadekake pengarang utawa sastra Indonesia luwih dikenal tinimbang pengarang sastra Jawa. Kudune ora mung novel sing nganggo basa Indonesia sing disenengi, nanging sing jawa uga kudu disenengi. Iki amarga loro-lorone padha pentinge diwaca, supaya sastra Indonesia lan sastra dhaerah padha luwih maju kabeh.
            Ana maneh sing nyebabake karya sastra Jawa wis mulai seret lan saya ora dikenal karo masyarakate, yaiku angele golek penerbit sing gelem nerbitke buku sastra jawa.  Saiki wis arang penerbit sing gelem nerbitake novel-novel jawa, margane para penerbit mau nganggep yen novel jawa ora duwe nile komersial lan saiki wis angel anggone masarake. Mula kuwi akeh pengarang sing mbiyayai dhewe yen arep nerbitke karyane. Contone yaiku Suparto Brata, sastrawan jawa, sing golek biaya dhewe kanggo nerbitake bukune. Buku sing diterbitke yaiku antologi cerkak Trem (2000), novel Donyane Wong Culika, lan liya-liyane. Dheweke gelem ndanai dhewe amarga penerbit swasta ora gelem njupuk resiko rugi marga ora payu bukune lan penerbit sing dibiyayai pemerintah ya wis wegah karo sastra jawa.
            Prawoto (1991:7) uga mbabarake yen pengarang Jawa ngarepake banget ana penerbit-penerbit kaya PT. Pembangunan, PT. Nusantara lan penerbit-penerbit sastra Jawa sing tenan-tenan tanggung jawab ing segi kuwalitas komersial lan panyebarane. Yen kekarepan kuwi bisa kalakon, mesthine buku-buku sastra Jawa bisa akeh nyebar ing masyarakat. Mula masyarakat bisa padha nikmati buku mau kanthi gamapang anggone nggoleki.
            Yen penerbit saya sithik sing gelem nerbitake sastra jawa, buku-buku sastra jawa uga melu saya angel golekane. Beda karo sastra Indonesia sing tekan saiki isih rame karo penerbitan buku, sastra Jawa malah saya langka njedhule buku sastra. Iki ora mung disebabake karo sithike penerbit sing gelem nerbitke buku sastra Jawa, nanging uga disebabake karo awit langkane pejuwang sastra lan pengarang sastra Jawa. Padhahal wis ana penghargaan arupa hadhiyah Rancage (nyediyakake duwit 5 juta) sing diprakarsai Ajip Rosyidi kanggo para pejuwang sastra lan pengarang sing nerbitake buku sastra dhaerah. Ananging tetep isih kurang narik kawigatene para penerbit buku lan masyarakat jawa.
            Beda karo saiki, jaman kamardikan 1945 nganti 1998, sastra jawa modern ngrembaka banget ana ing masyarakat. Iki sebabe rega buku-buku sastra mau murah lan wektu kuwi durung ana buku karya sastra kaya novel sing nganggo basa Indonesia. Wektu kuwi uga akeh pengarang utawa penulis sing padha njedhul.
            Prawoto (1991:7) nyebutake yen sawise proklamasi, Balai Pustaka namung nyetak ulang lan nerbitake sepiraa wae, yaiku namung buku 3 jawa saka taun 1960 tekan saiki. Banjur sastra buku malih dadi sastra majalah. Majalah-majalah jawa kuwi sing penting banget kanggo ngrembakane sastra jawa.
            Nalika sastrawan Jawa padha tetep setiya marang sastra Jawa, masyarakat jawa malah kurang saya wegah nggunakake basa Jawa. Masyarakat jawa saiki akeh-akehe wis nggunakake basa Indonesia kanggo basa padinan, saengga masyarakat kuwi kurang ngerti utawa ora dhong karo basane sing dienggo ing karya-karya sastra Jawa. Iki uga sing nyebabake kurang kurang tertarik, amargi ora ngerti basane karya sastra jawa mau.
            Soeprapto (ana ing buku Kritik Esai Kasusasteraan Jawa Modern karya Prawoto 1991:21) nyebutake yen ing 1982, George Quinn ( dhosen basa Indonesia lan Malaya Universitas Sydney) ngandharake yen sastra Jawa kuwi luwih memasyarakat tinimbang sastra Indonesia. Ananging pranyataane kuwi isih durung dingerteni bener apa salah. Yen didelok saka kasunyatane, isih akeh uwong saka kelompok etnis Jawa sing durung ngerti sastrane, yaiku sastra Jawa Modern. Banjur njedhulake pitakonan kaya pira ta wong sing wis ngenal para sastrawan Jawa? Pira ta wong sing wis maca karya-karya sastra Jawa kuwi? Dibandhingake karo sastra Jawa sing tuturan (wayang kulit, ketoprak, lan liyane), sastra Jawa sing tulis durung utawa kurang memasyarakat.
            Sanadyan sastra Jawa saiki wis mulai padha kurang digatekake karo masyarakat, nanging isih ana akeh pengarang sastra Jawa sing aktif ngarang utawa nulis sastra Jawa. Para sastrawan kuwi tetep nglairake karya-karya sastra Jawa. Sastrawan kuwi antarane yaiku St. Iesmanasita, Suparto Brata, Any Asmara, Esmiet, Tamsir AS, Widi Widayat, Hardjana Hp, lan liya-liyane.
            Mula saka panjabaran ing ndhuwur mau bisa jupuk dudutane, yaiku kurange minat masyarakat anggone maca lan nyinau sastra jawa gawe serete perkembangan sastra jawa. Yen masyarakat wis padha ora minat maneh, buku-buku utawa karya sastra bakale ora payu maneh utawa mung payu sithik, saengga gawe penerbit aras-arasen anggone nerbitake buku sastra jawa mau. Penerbit nganggep yen nerbitake buku mau ora nduwe nile komersial lan angel anggone ngedol. Iki uga ndadekake masyarakat sing mbutuhake buku sastra jawa angel nemokake ana ing toko-toko buku lan ana ing perpustakaan.
            Yen miturut Rass (1985:10) sing kekutip ana ing njero buku Sastra Jawa Periode Akhir Abad XIX—Tahun 1920 (1996:23), nyebutake faktor sing nyebabake ngrembakane sastra Jawa ora lancar kaya sastra liyane. Faktor kuwi, yaiku masyarakat Jawa durung bisa nekakake penulis sing duwe bakat lan kreativitas sing dhuwur, durung mampu ing bidhang keuwangan penerbit kangg nerbitake buku, lan kurang minate masyarakat marang karya sastra Jawa.
            Kabeh kuwi sing nyebabake kurang dikenale para pengarang lan uga penulis sastra jawa. Sebab-sebab sing liya sing nyebabake kurang dikenale para sastrawan jawa uga isih akeh, ing nduwur kuwi namung sepiraa sebab sing umum.
Solusi kanggo mbantu ngatasi perkara kurang dikenale sastrawan Jawa karo masyarakat, yaiku kapisan masyarakat maca karya sastra jawa akehe namung kanggo hiburan, saengga njedulake perkara antarane hiburan lan nilai estetis ing karya sastra mau. Mula kuwi, kanggo narik kawigaten para pamaca, pengarang kudu nggatekake kaselarasane nile hiburan karo nile senine. Saengga penerbit uga dadi luwuh tatarik nerbitake. Yen buku sastra jawa wis mulai nyebar, mula otomatis para pengarange uga padha dikenal karo masyarakat.
Kapindho, para pengarang gawe website kanggo ngenalake karyane dheweke sing bisa nambah referensi kanggo masyarakat sing pengen ngenal sastra jawa. Lan uga bisa ngenal para pengarang utawa pejuwang sastra jawa. Contone website duweke Suparto Brata, yaiku www.supartobrata.com. Suparto duwe pengarep-arep kanggo sastra jawa supaya dadi sastra dunia.
Katelu, institusi utawa perguruan tinggi sing nduwe program studi sastra jawa, nguwei konstribusi kanggo sastra jawa supaya terus ngrembaka lan ora dilalekake karo para mudha lan masyarakat jawa utamane. Nanging ora mung institusi utawa perguruan tinggi, masyarakat lan uga pamerintah iya kudu nguwei konstribusi kanggo sastra jawa kuwi. Yen karya-karya sastra jawa wis nyebar ing tengah-tengahing masyarakat, pengarang utawa penulise uga luwih gampang dikenal karo masyarakat.

Sumber :
·         Buku :
Rosidi, Ajip. 1965. Ikhtisar Sejarah Sastra Indonesia. Bandung: Binacipta.
Prawoto, Poer Adhie. 1991. Kritik Esai Kasusasteraan Jawa Modern. Bandung: Angkasa.
Mardianto, Herry, dkk. 1996. Sastra Jawa Modern Periode 1920 sampai Perang Kemerdekaan. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.
Pardi, dkk. 1996. Sastra Jawa Periode Akhir Abad XIX--Tahun 1920. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.
KS, Yudiono. 2000. Ilmu Sstra Ruwet, Rumut, dan Resah. Semarang: Mimbar.
·         Website :
Tiwiek S.A..  2010. “[Buku] Sepinya Penerbit Sastra Jawa”. http://cabiklunik.blogspot.com/2010/02/buku-sepinya-penerbit-sastra-jawa.html.24/5/2015.
Adiya, Intan Nukhi. “Tugas Prosa Jawa Intan”.  http://www.academia.edu/9376443/tugas_prosa_jawa_intan. 24/5/2015.

latian nulis nganggo basa jawa

| | | 0 komentar



WISUDA KRIDHAMADU BERGADA VI
Acara Wisuda Kridhamadu (Pranatacara) Bergada VI kuwi ditindakake ing dina Setu tanggal 28 Maret 2015 ana ing gedung B6. Ana ing acara iki, aku melu dadi panitia. Panitiane iku saka anggota HIMA (himpunan mahasiswa), Kramadhamangsa (rohis jurusan basa Jawa), lan ana saka peserta workshop kridhamadu, uga ana saka mbak mase sing arep diwisuda.
Acara diwiwiti saka jam 7 wengi. Para kadang lan dhosen-dhosen saka jurusan basa Jawa, antarane yaiku Pak Sayuti, Pak Widodo, Bu Prastiti, Pak Hardyanto lan liya-liyane, uga ana kadang saka jurusan liya sing padha rawuh ana ing acara iki. Para rawuh iki sadurunge melbu ana ing njero ruangan, diaturi nyopot sandal, banjur presensi lan njupuk jajanan arupa tela lan kacang godhog uga unjukan.
Jebul acarane rada molor wektune, kira-kira molor sejaman. Dijadwalake kudune jam 7 acara wis diwiwiti, nanging jam 8 lagi diwiwiti acarane. Acara kepisan yaiku pambukaan MC, ingkang dadi MC yaiku mas Aji lan mbak Uri. Nanging sadurunge pambukaan, ana penampilan gurit lan karawitan, ingkang gurit yaiku mbak Niken, mbak Mukti lan mas Septian.
Sawise pambuka, banjur ana penampilan tari Kosasih saka kadang mahasiswa seni tari. Sabanjure ana sambutan saka ketua Kridhamadu yaiku mas Arif. Acara sabanjure  Prosesi Panggih Manten. Ana ing acara iki, sing didadekke manten dijupuk saka anggotane Kridhamadu yaiku mas Rohmad lan mbak Hala. Loro-lorone dipacaki manten jawa lan nglampahi adat temanten jawa. Saliyane penganten, ana uga sing dipacaki dadi pengiring lan bapa biyunge saka temanten mau. Sawise rampung anggone prosesi manten kuwi, manten lan bapa biyunge padha lungguh ana kursi sing wis dicepakake. Kursine dihiasi nganggo kembang-kembang sing warna-warni, ana jambon, putih, ungu lan abang.
Acara sabanjure kuwi acara paling inti, yaiku Wisuda Kridhamadu Bergada VI. Acara iki MC-ne mbak Anis (ketua panitia). Para anggota kridhamadu sing wis padha macak gawa mbayak kanggo sing setri lan beskap kanggo sing jaler. Kabeh padha baris, banjur mlaku kanthi alon-alon nuju panggung. Ana ing panggung, padha tata terus diwenehi plakat lan samir. Sing menehi plakat lan samir kuwi para dhosen sing dadi pendhamping ana ing kridhamadu kayata Pak Widodo, Pak Sayuti,Pak Hardyanto, Bu Prastiti lan liyane.
Sawise kabeh para wisuda padha entuk plakat lan samir, banjur padha mudhun panggung. Acara diterusake kaliyan pemberian kenang-kenangan lan kesan pesan para pemateri. Pungkasane ditutup marang MC. Banjur para rawuh padha bubar lan para wisuda poto-poto ana ngarep panggung. Acara wisuda iki rampung kira-kira jam sewelas wengi.

artikel tentang dongeng

| | | 0 komentar


PENGARUH DONGENG TERHADAP  PERKEMBANGAN BAHASA ANAK
oleh Annisak Maulani

Dongeng merupakan cerita yang tidak benar-benar terjadi dan sudah menjadi budaya di masyarakat secara turun temurun. Berdongeng dilakukan dengan penekanan pada suara, gerak tubuh, dan bisa dengan bantuan peralatan tertentu. Dongeng mempunyai beberapa jenis, yaitu dongeng lucu, fabel (cerita binatang), parabel (tokoh khayalan), legenda (asal-usul suatu daerah), sage (dongeng sejarah), dan mite (kepercayaan masyarakat yang tidak terbukti kebenarannya).
Kegiatan mendongeng sering dilakukan oleh para orangtua disaat menjelang tidur ataupun saat waktu senggang bersama anak-anaknya. Dengan berdongeng, para orangtua akan lebih dekat dengan anak-anaknya. Anak-anak pun akan mengenal cerita-cerita rakyat di Nusantara ini. Tidak hanya sekedar mengenal cerita rakyat, namun juga mampu menumbuhkan imajinasi serta inspirasi kepada anak.
Kegiatan mendongeng yang dilakukan oleh orangtua atau pendongeng kepada anak-anak bisa menjadi media komunikasi yang menarik. Menarik karena para pendongeng biasanya akan menggunakan bahasa yang lucu dibantu dengan alat peraga yang dibuat menarik. Selain itu, pendongeng juga akan menggunakan penekanan suara dan gerak tubuh (gesture) untuk menghidupkan cerita yang disampaikan. Jika sudah menarik para anak-anak untuk mendengarkan dongeng tersebut, maka pelajaran ataupun nilai-nilai kehidupan yang terkandung dalam cerita dongeng tersebut akan lebih mudah ditangkap oleh anak-anak.
Namun kini dongeng seperti tak lagi dikenal oleh anak-anak. Para orangtua pun sedikit yang masih membudayakan dongeng kepada anak-anaknya. Hal ini banyak faktor yang mempengaruhinya. Salah satu faktor tersebut adalah banyaknya mainan atau media hiburan yang lebih modern dan lebih menarik minat anak-anak. Media atau alat-alat hiburan tersebut misalnya seperti TV, VCD/DVD, PS (Playstation), dan games atau permainan-permainan yang terdapat dalam gadget (handphone, tablet, ipad, dan sebagainya).
Media atau alat-alat hiburan yang modern bukan satu-satunya alasan mulai punahnya dongeng. Penyebab lain ialah kurangnya keperdulian orangtua terhadap kegiatan mendongeng kepada anak. Para orangtua banyak yang sudah tidak lagi mendongengkan cerita-cerita rakyat kepada anaknya. Padahal dulu mendongeng sudah seperti budaya yang selalu dilakukan orangtua kepada anaknya sebelum tidur. Mereka menceritakan cerita-cerita rakyat dari Nusantara dengan bahasa mereka sendiri yang akan mudah dipahami oleh anaknya. Walaupun cerita yang disampaikan adalah cerita rakyat yang fiktif, namun mengandung banyak pelajaran yang dapat diambil dari cerita tersebut.
Adapun untuk perkembangan bahasa anak, dapat dilihat dari perolehan kosa kata dari waktu kewaktu. Anak-anak cenderung cepat dalam menangkap kosa kata, sehingga butuh cara yang baik untuk mengajarkan bahasa kepada anak. Dengan dongeng inilah orangtua mampu mendukung perkembangan bahasa anak dengan baik. Hal ini karena kebanyakan dongeng berisi cerita yang positif dengan bahasa yang baik, sehingga anak dapat menyerap kata-kata atau kalimat yang baik pula.
Setiap dongeng tersebut biasanya juga menggunakan variasi bahasa yang sederhana dan  mudah untuk dipahami oleh anak-anak yang masih dalam proses pengenalan bahasa. Jika seorang anak banyak mendengarkan dongeng, maka kosa kata yang didapat akan terus bertambah. Anak-anak akan melahirkan fantasi sendiri dari sebuah dongeng tersebut, sehingga lama kelamaan akan mampu menceritakan kembali cerita tersebut. Secara tidak langsung cerita-cerita yang disampaikan dengan cara mendongeng akan menyumbang banyak kosa kata yang baru kepada anak.
Jika seorang anak sudah mampu menangkap banyak kosa kata, maka anak akan lebih mudah berkomunikasi dengan orang lain. Ramli (2010) mengatakan bahwa bahasa merupakan alat yang penting untuk berkomunikasi bagi setiap orang. Seorang anak pun akan butuh mengembangkan kemampuan bargaul (social skill) dengan orang lain yang dimulai dengan penguasaan kemampuan berbahasa. Anak akan mengekspresikan pikirannya dengan bahasa, sehingga orang lain dapat menangkap apa yang dipikirkan atau dirasakan oleh anak tersebut.
Lerner (1982) dalam Sudono (2000) menyatakan bahwa dasar utama perkembangan bahasa adalah melalui pengalaman-pengalaman berkomunikasi yang kaya. Pengalaman tersebut akan menunjang faktor bahasa yang lain, yaitu mendengarkan, berbicara, membaca, dan menulis. Mendengar dan membaca merupakan keterampilan berbahasa reseptif, sedangkan berbicara dan menulis adalah kemampuan berbahasa ekspresif.
Dari keterangan di atas, dapat dijelaskan bahwa seorang anak yang terus-menerus mendengarkan atau membaca dongeng akan menambah suplai kosa kata yang banyak. Jika kosa kata yang didapat terus bertambah dan anak semakin mengerti makna dari kosa kata tersebut, maka anak akan pandai mengekspresikan perasaannya atau keinginannya dengan cara berbicara atau menuliskannya. Hal ini menjadikan dongeng sebagai media yang baik untuk menumbuhkan kemampuan berbahasa dan komunikasi pada anak.
Banyak hal yang mempengaruhi perkembangan bahasa anak-anak. Ramli (2010) menyebutkan faktor-faktor yang membuat anak cepat menangkap kosa kata baru, yaitu sebagai berikut.
Pertama, anak dalam lingkungan positif dan bebas dari tekanan. Dongeng pun disajikan dengan cara yang santai dan tidak ada unsur yang menekan anak-anak, sehingga dongeng menjadi salah satu cara yang baik untuk mengajarkan bahasa kepada anak. Berdongeng juga merupakan kegiatan yang mampu menciptakan suasana positif, karena orang tua atau pendongeng akan menyampaikankan cerita dengan bahasa yang lembut dan menarik. Selain itu, cerita yang biasa didongengkan kepada anak-anak merupakan cerita yang mengandung nilai-nilai positif.
Kedua, menunjukan sikap dan minat yang tulus pada anak. Maksudnya yaitu dalam mengajarkan bahasa kepada anak, pengajar harus bersikap sungguh-sungguh, tulus, telaten dan sabar. Menunjukkan perhatiannya terhadap proses perkembangan bahasa dari si anak tersebut.
Hal tersebut bisa dilakukan dengan cara mendongeng, karena dengan mendongeng akan membuat anak merasa lebih nyaman dan menggambarkan keperdulian orangtua atau pendongeng kepada anak. Dengan mendongeng, orangtua bisa mencurahkan ketulusan dalam bercerita atau mengajarkan sesuatu, serta memberikan respon yang baik kepada anak yang ingin tahu tentang hal-hal baru.
Ketiga, menyampaikan pesan verbal diikuti dengan pesan non-verbal. Hal ini pun juga bisa menggunakan cara berdongeng. Pesan verba merupakan pesan dari penutur atau penulis kepada pendengar atau pembaca secara tertulis atau lisan. Sedangkan untuk pesan non-verbal merupakan pesan yang berupa ekspresi dari penutur berupa gerakan, mimik muka, dan intonasi yang sesuai. Orangtua atau pendongeng ditutut harus ekspresif sesuai dengan ucapan di dalam cerita dongeng tersebut. Harus ekspresif karena untuk menghidupkan karakter atau suasana dalam cerita dongeng itu sendiri.
Keempat, melibatkan anak dalam komunikasi. Orang-orang dewasa biasanya enggan melibatkan anak-anak untuk berbicara atau mengungkapkan pendapat atau gagasan-gagasannya. Hal ini sebenarnya kurang baik untuk perkembangan bahasa anak, karena anak akan merasa tidak dianggap dan tidak dibutuhkan. Jika seperti ini anak akan memilih diam dan tidak mau mengatakan pendapat-pendapatnya lagi.
Sebagai orangtua harus mampu membangun komunikasi yang baik dengan anak. Orangtua jangan mengacuhkan pendapat dari anak-anaknya, namun sebaiknya memberikan respon yang baik terhadap pendapat anak tersebut. Begitu juga dengan cara mendongengkan cerita kepada anak.
Dalam proses berdongeng, orangtua atau pendongeng tidak hanya sekedar bercerita, namun dongeng juga digunakan sebagai bentuk respon dari orangtua atau pendongeng kepada anak. Misalnya saat berdongeng anak bertanya, terheran-heran ataupun berkomentar tentang sesuatu yang berhubungan dengan dongeng tersebut, kemudian orangtua atau pendongeng menjelasakannya dengan melanjutkan dongeng tersebut ataupun dengan mengaitkan dengan cerita lain.
Syamsu Yusuf (2007: 119) dalam Ramli (2010) menjelaskan bahwa perkembangan bahasa berkaitan erat dengan perkembangan berpikir anak. Perkembangan berpikir anak mulai dari usia 1,6 –2,0 tahun, yaitu pada saat anak dapat menyusun kalimat yang terdiri dari dua atau tiga kata. Lebih lanjut dijelaskan bahwa dalam berbahasa anak dituntut untuk menuntaskan atau menguasai tugas pokok perkembangan bahasa.
Adapun tugas tersebut adalah pemahaman terhadap perkataan orang lain, pengembangan perbendaharaan kata, penyusunan kata menjadi kalimat, dan ucapan. Kemampuan mengucapkan kata-kata merupakan hasil belajar melalui imitasi terhadap suara-suara yang didengar anak dari orang lain.
Tugas pokok perkembangan bahasa di atas juga diperkuat dengan peranan bercerita menurut Tampubolon (1993:50). Tampubolon menyebutkan bahwa bercerita kepada anak mempunyai peranan penting yang tidak hanya menumbuhkan minat dan kebiasaan membaca, tetapi juga berperan dalam mengembangkan bahasa dan pikiran anak.
Ada hal-hal yang harus diperhatikan juga dalam berdongeng, yaitu isi cerita yang diminati anak dan tingkat usia. Cerita dongeng yang disampaikan harus berisi tentang dunia kehidupan anak yang penuh suka cita dan memiliki unsur gembira, lucu, dan menarik. Biasanya anak-anak akan lebih senang dengan cerita yang berhubungan dengan binatang, robot, boneka, dan lain-lain. Pendongeng pun harus mengerti tentang kebutuhan dan kemampuan anak untuk mencerna sebuah cerita dongeng. setiap anak yang berbeda usia pasti berbeda dalam memahami sebuah cerita dongeng.
Berikut adalah ciri pokok perkembangan bahasa anak pada setiap usia tertentu oleh Tarigan (1995) yang dapat didukung dengan menggunakan dongeng. Pertama, usia 2 – 3 tahun, anak-anak belajar mengenali dan menyebut nama-nama benda dan tindakan dalam gambar. Hal tersebut bisa dilakukan dengan melihat dari buku-buku dongeng. Orangtua dalam mendongeng disertai dengan memperlihatkan gambar-gambar dalam buku dongeng tersebut.
Kedua, usia 3 – 4 tahun, bahasa digunakan sebagai alat atau sarana membantu anak-anak untuk menentukan atau memahami dunia mereka. Dengan membaca atau membacakan buku-buku cerita dongeng bergambar akan memberi kesempatan kepada anak untuk mencari atau menemukan tokoh atau sesuatu yang disukai. Selain itu, dengan buku cerita yang bergambar akan meningkatkan serta mengembangkan pemakaian kosa kata deskriptif.
Ketiga, usia 4 – 5 tahun, bahasa anak-anak semakin abstrak; mereka menghasilkan kalimat-kalimat yang baik dan benar secara gramatikal. Anak-anak juga akan mulai menyenangi buku cerita yang menggunakan plot agak rumit. Mereka dapat menceritakan kembali cerita-serita atau dongeng yang lebih panjang serta menceritakan isi buku bergambar tanpa kata-kata.
Keempat, usia 5 – 6 tahun, anak-anak kebanyakan sudah menggunakan kalimat-kalimat kompleks dan mereka mulai ingin mengubah bahasa lisan menjadi bahasa tulisan. Setelah mendengarkan cerita dongeng, anak-anak diberi kesempatan untuk memerankan cerita mereka sendiri dan menceritakan kembali cerita yang didengar dengan bahasa mereka sendiri.
Kelima, usia 6 – 8 tahun, perkembangan bahasa anak berlangsung dan meningkat terus; banyak kata-kata baru masuk ke dalam perbendaharaan kata atau kosa kata mereka. Kebanyakan anak telah menggunakan kalimat-kalimat kompleks dengan klausa-klausa. Hal tersebut bisa dibantu dengan membaca atau membacakan cerita-cerita yang memperlihatkan model atau contoh nyata bagi perkembangan dan peningkatan struktur bahasa.
Keenam, usia 8 – 10, anak-anak mulai meghubungkan konsep-konsep dengan ide-ide atau gagasan-gagasan umum. Menggunakan model-model tertulis dan lisan untuk membantu anak-anak menguasai keterampilan-keterampilan berbahasa tersebut. Dengan diskusi atau pembicaraan tentang cerita-cerita tersebut akan memberikan banyak kesempatan bagi pengembangan dan peningkatan mutu kalimat-kalimat lisan mereka.
Ketujuh, usia 10 – 12, mengandung implikasi mengembangkan serta meningkatkan mutu bahasa lisan dan kegiatan-kegiatan berbahasa tulis sehingga anak-anak dapat menggunakan struktur-struktur kalimat yang lebih kompleks atau lebih rumit (Norton, 1988 : 8 – 10). Hal tersebut juga menuntut para pendongeng terutama orangtua untuk jeli dan bijaksana dalam memilih buku-buku cerita atau sastra yang sesuai dengan kebutuhan dan perkembangan bahasa anak.
Dari penjelasan di atas dapat diambil beberapa kesimpulan tentang pengaruh dongeng terhadap perkembangan bahasa anak. Berdongeng akan membantu anak dalam proses pengembangan bahasanya. Hal ini karena dongeng disajikan dalam suasana yang santai dan menarik, serta menggunakan bahasa yang sederhana yang akan lebih mudah dipahami oleh anak-anak.
Jika bahasa anak terus berkembang, maka komunikasi anak dengan lingkungan sekitarnya dan dalam bergaul dengan orang lain akan lebih mudah. Hal ini karena saat orangtua mendongengkan cerita, anak akan melakukan aktivitas mendengarkan, berbicara (bertanya atau berkomentar tentang sesuatu yang mengherankan), serta ikut melihat gambar atau membaca tulisan jika sudah bisa membaca.
Anak yang banyak mendengarkan dongeng akan semakin banyak kosa kata yang didapat oleh anak atau perbendaharaan kata akan terus meningkat. Jika demikian, maka semakin banyak anak akan dapat menyusun kosa kata tersebut menjadi satuan gramatikal yang lebih tinggi, misalnya klausa atau kalimat. Anak pun akan mampu menyusun bahasa lisan menjadi bahas tulisan.

DAFTAR PUSTAKA
Ramli. 2010. “Pengembangan Bahasa Anak Usia Dini”. http://ramlimpd.blogspot.com/2010/10/penanaman-konsep-bilangan-pada-anak.html. (Diunduh tanggal 6 Mei 2015).
Sudono, Anggani. 2000. Sumber Belajar dan Alat Permainan. Jakarta: Grasindo.
Tampubolon. 1993. Mengembangkan Minat dan Kebiasaan Membaca pada Anak. Bandung: Angkasa.
Tarigan, Henry Guntur. 1995.  Dasar-Dasar Psikosastra. Bandung: Angkasa.