cerkak (cerita cekak) 3

Senin, 07 Desember 2015

| | | 0 komentar


OJEK PAYUNG

Dening: Annisak Maulani

Langite klelap-klelap, peteng banget. Gludhuge uga sansaya seru. Pit onthelku dakobel kanthi banter supaya anggonku tekan ngomah ora kedhisikan udan. Ananging, lagi wae entuk separo dalan, udane wis teka deres banget, nganti tibane banyu kaya napuki raiku. Pitku saya dakobel banter. Amarga saking bantere, aku ora weruh yen ana jeglongan.
Gubraaakkk!!! Aku tiba, nanging untunge ora apa-apa. Dalane uga untunge pas ora rame kendharaan, namung ana wong sing lagi padha mlaku. Pitku banjur tak adegake. Nalika arep daktumpaki, jebul bane ngarep wis entek angine.
“Dhuh malah bocor barang ki,” aku nggedumelan dhewe ana pinggir dalan karo nuntun pit.
Awakku wis teles kebes, tasku uga teles saisi-isine. Nalika kuwi, ana bocah lanang nyedhaki aku.
“Mas, ojek payung, mas?” bocah mau ngulungke payung.
“Ora, Dhek. Nuwun,” wangsulanku karo gedheg banjur mlaku alon.
Bocah mau tetep ngetotake anggonku mlaku. Aku sajak ora tega ngingetake bocah ojek payung mau.
“Ya wis, Dhek. Aku terna ana warung kucingan kana, ya? Tulung payungke, wong aku ora bisa gawane!”
“Nggih, Mas.”
Bocah mau gage nyedhaki aku kanthi sumringah banget. Aku mlaku jejer karo bocah mau. Daksawang saka cedhak, bocah mau mesam-mesem. Klambine iya padha-padha teles, malah lambene katon wis biru. Mesthi wae dheweke wis udan-udan awit mau ngiderake payung.
“Pira, Dhek?” takonku nalika wis tekan ngarep warung.
“Sakersane Mase mawon, badhe nyukani pinten. Boten enten tarife, Mas.”
Aku ngulungi dhuwit limangewu. Bocah mau saya sumringah wae. Atiku uga melu mesem weruh eseme bocah mau.
“Matur nuwun sanget, Mas.”
Bocah mau banjur mlayu ana emperan toko cedhak warung kucingan. Aku melbu warung lan pesen teh anget. Saka warung, aku weruh bocah ojek payung mau lagi ngetung dhuwit sing kayane asile saka ngojek payung dina iki. Pancen sedina iki udane wis bola-bali, ping telunan. Bocah mau mesthi iya wis awit mau anggone ngojek payung, nanging apa ora sekolah?
“Dhek, Dhek, mrenea! Ngeyup ana kene!” Aku ngawe-awe bocah mau.
Bocah mau banjur marani aku.
“Badhe ngojek payung malih, Mas?” pitakone kanthi alus.
“Ora, Dhek. Kene melbu, kowe ngelih ta?” Aku ngejak melbu bocah mau ana warung kucingan.
“Sampun, Mas. Kula boten luwe.”
“Ya wis, kene ngombe teh wae, ben ora katisen kowe.”
“Walah, sampun, Mas. Mangke malah ngrepoti njenengan,” bocah mau mesem rada rikuh.
“Ora, ora. Aku ora repot kok. Kene lungguha!”
Bocah mau banjur lungguh ana cedakku. Dakpesenake teh anget lan daktawani gorengan sing isih kemebul anget.
“Jenengmu sapa, Dhek?” pitakonku, banjur nyrutup teh angetku.
“Yudi, Mas,” wangsulane karo dolanan pojokan meja sing taplake wis suwek-suwek.
“O, Yudi. Tehe dombe, Yud!  Ora usah isin-isin!” dakcedhakake gelas isi teh anget sek dakpesen mau.
“Awakmu isih sekolah ora,Yud?”
“Tasih, Mas. Kula kelas 4,” wangsulane karo mesem.
“Wah padha karo adhiku, Yud. Awakmu yen ngojek payung ngono kadhemen apa ora kuwi?”
“Boten, Mas. Kula boten krasa adhem marga wonten bapak ingkang ngangetake badan kula.”
 “Maksutmu piye, Yud? Kok aku sajak rada ora mudheng,” pitakonku rada bingung krungu wangsulane Yudi mau.
“Bapak kula menika sampun seda, nanging taksih ngancani kula saben dinten, ati kula dados saged anget terus,” Yudi mesem.
Aku rada trenyuh, nanging uga rada mrinding. Yudi banjur menyat saka lungguhan, dheweke njaluk pamit. Jebul udane wis mulai terang.
“Mas, kula rumiyin nggih. Matur nuwun sampun numbaske teh,” Yudi banjur njupuk payunge sing didelehake ana ngisor meja.
Nalika Yudi arep mlayu, aku banjur kelingan ban pitku sing bocor.
“Eh, Yud, mengko ndhisik. Aku meh takon,” Yudi banjur mengok.
“Pripun, Mas?”
“Tambal ban sing cedhak ngendi ya? Kae ban pitku ki bocor,” aku ngacungi pitku sing semendhe ana cedhak warung kucingan kuwi.
“Oh, dakterke mawon, Mas.”
Aku lan Yudi mlaku anuju bengkel tambal ban. Yudi malah karep nuntunake pitku. Aku mlaku karo ndelengake Yudi terus. Batinku terus wae gawe pitakon-pitakon marang Yudi, sajak penasaran.
“Niku Mas bengkele.”
“Oh, iya. Nuwun ya, Yud,” wangsulanku karo rada kaget.
“Kula rumiyin nggih, Mas. Mangkeh nek kula dipunpadosi mbak kula.”
“Iya, Yud. Oiya, omahmu sebelah ngendi Yud? Kapan-kapan aku takmampir.”
“Mriku, Mas. Mlebet gang ingkang caket warung soto Mbok Parmin,” Yudi ngacungi warung soto sing ora adoh saka bengkel mau.
Sabubare pamit, Yudi banjur lunga. Aku nyawang lakune Yudi nganti gegere ora katon. Ana batinku, aku pengin ngerti urip padinane Yudi sing sajake nenyuhake ati. Saka omong-omongan sing singkat mau, aku ngerti yen Yudi mau bocah kang ora seneng ngeluh sanajan uripe rada rekasa ngono.
“Assalamu’alaikum,” aku ndhodhog lawang blabak sing wis kebak ukirane rayap.
Sore kuwi, bubar kuliyah, aku nekani omahe Yudi. Ananging omahe suwung. Tanggane omong yen Yudi lagi ana ing klinik nunggoni mbakyune sing lagi lara. Aku banjur nuju klinik mau.
Ana ing klinik, aku weruh Yudi lagi ndulang mbakyune. Yudi crita yen mbakyune ketabrak motor nalika ider gorengan. Mbakyune kuwi wis mandheg sekolah, marga ora ana biyayane lan ora ana sing mbiyayai. Amarga bapake wis seda lan ibune lunga dadi TKW ing Malaysia sing nganti saiki ora tau menehi kabar. Yen ijeh sekolah, mbakyune Yudi kira-kira kelas telu SMP. Dheweke ngalah ora nerusake sekolah supaya bisa nyekolahake Yudi.
“Yud, awakmu wis mangan durung?” takonku nalika bubar ndulang mbakyune.
          “Ayo mangan dhisik! Iki aku mau mampir tuku sega kluban ana warung ngarep klinik,” aku ngetokake bungkusan sega kluban saka plastik kresek.
          “Nuwun nggih, Mas,” Yudi nampani sega mau banjur dipangan kanthi ngetamul, sajak ngelih banget.
          “Mas Riski kok ngertos yen kula wonten mriki?”
          “Mau aku dolan ana ngomahmu, trus tanggamu menehi ngerti yen awakmu ana klinik nunggu mbakyumu. Oiya, sing nabrak mbakyumu piye, Yud? Tanggung jawab ta?”
          “Ingkang nabrak menika bablas lunga, Mas. Boten tanggung jawab,” wangsulane Yudi kanthi sedhih.
          “Lha terus anggone bayar klinik piye?”
          “Menika kula mecah celengan kula ingkang asil saka ngojek payung,” Yudi mesem.
          Aku uga melu mesem. Aku banjur pamit metu sadhela.
          “Yud, iki ana dhuwit sithik kanggo nambahi bayar biyaya klinik mbakyumu,” aku ngulungake amplop isi dhuwit sing lagi wae dakjupuk saka ATM. Dhuwit simpenan saka kirimane wongtuwaku saben sasi.
          “Ah, sampun, Mas. Boten sah repot-repot. Menika nggih sampun diampili tangga kula, Mas.”
          “Ora, Yud. Aku ora repot, namung pengin mbantu awakmu lan mbakyumu. Wis, dhuwit iki simpenana! Mengko nek turah bisa kanggo tuku buku ta?”
          “Matur nuwun sanget, Mas,” Yudi nampa amlpop mau kanthi mesem rikuh.
          Aku lan Yudi saya suwe saya akrab. Yudi wis dakanggep kaya adhiku dhewe. Seminggu pisan utawa nalika sela, aku dolan ana omahe Yudi. Aku kadhang uga marai sinau Yudi, malah kadhang mbakyune uga melu nunggoni sinau. Rasane kaya nemu kulawarga anyar.
          Nalika dina Minggu sore, aku dolan ana omahe Yudi. Aku kaget marga omahe Yudi rame banget. Yudi banjur nyedhaki aku sing isih ngadeg karo nggujeng pit.
          “Mas Riski, mriki Mas mlebet!” Yudi nggawakake pitku banjur distandarke ana ngisor wit nangka ngarep omah.
          “Iki sajake ana apa, Yud? Kok rame banget omahmu.”
          “Mas, menika kanca-kanca kula badhe nyuwun dipunajari sinau. Ngapunten nggih, Mas. Kula boten kandha kaliyan Mas Riski rumiyin,” Yudi ndhingkluk.
          “Oalah, iya iya, Yud. Ora papa. Malah seneng aku. Kene-kene, padha lungguh!” aku mesem, seneng campur trenyuh weruh bocah-bocah cilik mau.
          “Matur nuwun, Mas,” Yudi sumringah seneng banget. Dheweke banjur melu lungguh.
          Bocah-bocah mau dakajari etung-etungan lan dakdongengake kancil lan baya. Sanajan aku ora pinter banget anggone ndongeng, bocah-bocah mau ngrungokake kanthi temenan lan padha ngguyu nalika aku mragakake polahe kancil sing nakal nanging cerdhik kuwi.
          Aku seneng banget bisa kenal lan cedhak karo bocah-bocah mau. Bocah-bocah sing isih lugu-lugu, sing polahe lucu-lucu kebak esem lan guyu. Nalika daktakoni, bocah-bocah mau rata-rata uga ngojek payung kaya Yudi. Kabehe padha ngojek payung kanggo mbantu wongtuwane bayar sekolah. Sanajan asile ora sepirakna, nanging bisa ngenthengake biyaya sekolahe.
          “Yen pas ora usum udan, terus piye?” pitakonku marang salah siji bocah kancane Yudi mau.
          “Dodol koran, Mas,” wangsulane karo ngguyu.
          Aku rasane isin banget nalika krungu wangsulane bocah mau. Isin marang Yudi lan kanca-kancane. Amarga aku sing wis cah gedhe, kuliyah isih ngandhelake dhuwite wongtuwa. Beda karo bocah-bocah mau sing padha golek dhuwit dhewe kanggo biyaya sekolah.
          Saka patemonku karo Yudi, aku bisa entuk pelajaran sing apik banget lan pengalaman kang ora bisa daklalekake. Urip kuwi ora ana sing rekasa, namung piye carane ngadhepi urip kuwi, lan kepiye anggone dhewe nyikapi pacoban urip kuwi, arep digawe rekasa apa ora.


cerkak ( cerita cekak) 2

| | | 0 komentar


LILIH

Dening: Annisak Maulani

Wengi kuwi aku ora bisa merem, angel turu. Ana bathukku, kadadeyan esuk mau isih kagambar cetha. Aku dadi saya ora jenak anggone lungguh ana paturon. Aku metu, golek sumilire angin, mbokmenawa bisa nggawa lunga kebaking pikir. Jumangkahku nggawa aku anuju gisik cedhak omahku. Aku lungguh ana pinggir gisik kang resik lan sepi. Mandengi ombak sing sajake lagi padha leren anggone oyak-oyakkan. Wengi iki ora ana lintang kang gumebyar, namung rembulan sing ngancani aku lungguh sesendheyan tangan.
Madhep segara, aku crita marang rembulan bunder kang sunare tiba ana banyuning segara. Crita kadadeyan mau esuk sing dadi pikirku nganti saiki.
“Pak, aja sedhih,ya? Ngapurana anakmu iki kang durung bisa gawe mulyaning uripmu,” batinku.
Esuk mau, nalika nyetorake uyah, aku disrengeni karo juragan Damiri. Juragan Damiri kuwi juragan uyah sing dadi juraganku lan juragane bapakku. Dheweke nesu-nesu marga uyah sing taksetorake kuwalitase ala. Uyahku banjur disebar-sebarake ana latar. Tenagaku lan tenagane bapakku ora ana aji lan ijole.
Ananging dudu kuwi sing dadi pikirku, aku lara ati marga bapakku diala-ala lan disiya-siya marang juragan. Aku ora trima. Pancen bapakku kuwi wong mlarat, ora duwe bandha donya kang ngambra-ambra. Ananging bapakku ora mlarat tata kramane marang wong liya.
Wis, wengi iki dakbuwang uneg-unegku. Ana ing ngarep segara iki uga, aku mutusake yen bakal lunga menyang kota Ngayogyakarta golek pagawean liya. Leren anggonku gawe uyah. Bapak uga dakkon leren, rasah gawe uyah maneh. Rekasane thok sing ora njamak krasane, nanging upahe mung kanggo sega sepiring karo krupuk.
Lamat-lamat aku krungu suwara bocah wadon sing pating brengok. Dakkira mung bocah padha guyonan, nanging saya suwe bengokane saya seru, malah kaya karo nangis. Aku njenggirat menyat, banjur goleki asal suwara mau.
Aku kaget nalika weruh brandhalan lima sing lagi meksa bocah wadon loro supaya gelem nglayani nepsune. Aku bingung, kepiye carane bisa nulungi bocah wadon mau, marga dheweke mesthine ora bisa ijen nglawan wong lima mau. Aku golek watu kanggo mbalangi wong-wong mau. Ananging marga watune mung sthik, aku banjur golek kayu nggebuki wong-wong kuwi. Aku kaget nalika ngerti yen wong-wong lanang mau anak buwahe juragan Damiri sing dipimpin karo Beni anakke juragan.
“Rasah melu-melu kowe, Nang! Iki dudu urusanmu. Apa kowe arep njaluk mati, he?” Beni nesu-nesu marga kanca-kancane kena balangan watuku.
“Ora, Ben. Iki iya dadi urusanku. Bocah wadon loro kuwi anakke paklikku. Aja tumindak ala marang sanakku kowe, Ben!”
Aku sajake uga kaget nalika weruh bocah wadon mau sing jebule Tantri lan kancane. Tantri kuwi anakke Lik Sarno, adhine bapakku. Kalorone padha ndhodhok karo nangis mingseg-mingseg. Aku saya gething nalika ngerti kaya mangkono.
“Woo..., golek mati bocah iki. Apa kowe ora ngerti, aku iki sapa?”
“Jelas ngerti aku, Ben. Marga kuwi aku saya pengin ngajar kowe.”
Aku lan Beni padha gelut. Kanca-kancane Beni uga melu ngewangi Beni anggone nglawan aku. Amarga aku nggawa kayu gedhi lan kanca-kancane Beni wis padha kena balangan watu mau, Beni lan kanca-kancane banjur padha mlayu. Aku banjur nyedhaki Tantri lan kancane sing isih padha ndhodhok.
“Matur nuwun, Mas. Yen ora ana Mas Anang, aku lan Lasmi mesthi wis ora aji maneh,” Tantri karo mrebes mili.
Lasmi, kancane Tantri namung meneng, ora kumecap apa-apa. Kalorone banjur dakterake bali ana omahe Tantri.
“Dhek Tri, becike sampeyan aja kandha karo bapak dhisik. Mengko nek dadi pikirane bapakmu. Bapakmu uga lagi mari wae, ta? Sing penting Dhek Tantri lan Dhek Lasmi slamet kabeh,” welingku nalika wis tekan ngarepan omahe Tantri.
“Inggih, Mas. Matur nuwun sanget, Mas.”
“Ya wis, aku dakbali dhisik, ya. Sesuk meneh ngati-ati anggonmu dolan, aja wengi-wengi! Bocah wadon ora apik dolan wengi-wengi kaya ngono,” aku ngingetake Tantri lan Lasmi.
Kalorone banjur melbu omah, aku uga mlaku bali. Turut dalan aku rada bingung, ngapa bubar weruh Lasmi, kancane Tantri mau aku dadi mesam-mesem. Pancen Lasmi kuwi ayu, ayu manis nalika kena sunare lampu ngarep omahe Tantri mau. Pakulitane putih kaya wong kutha lan rambute sing ireng dawa ngombak-ombak gawe atiku ora karuan.
“Ah, Lasmi. Ayumu kok tansah gawe atiku jejogedan ora karuan,” batinku.
Esuke aku jaluk ijin marang bapakku yen aku bakal ngranto ana Ngayogyakarta.
“Pak, aku nyuwun ijin badhe pados damel wonten Ngayogyakarta,” omongku karo trenyuh nyawang bapak sing lagi lungguh kuwi.
“Apa wis mbokpikir temenan, Nang? Ana kana kowe arep golek gawe apa? Terus mangan lan turumu piye?” Bapak ngendika kanthi alus.
“Sampun, Pak. Boten sah dipunpikir bab makaten. Kula mangke badhe dipunpadosaken pagaweyan kaliyan kanca kula, lan anggone tilem mangke saged ngempek kontrakanipun kanca kula wau.”
Bapak sajake kurang setuju yen aku ngranto. Ananging dheweke namung meneng, ora protes. Aku banjur lunga ana omahe Lik Sarno kanggo pamit lan titip bapak.
“Aja, Nang! Kowe rasah ngranto adoh-adoh. Ngene wae, kowe ngrewangi aku golek iwak ana laut wae. Kowe ngerti ta yen aku saiki wis ora kuwat kaya biyen. Kowe uga bisa ngrewangi ngurus kebon klapa barang,” ngendikane Lik Sarno sing isih katon lemes marga lagi wae mari saka larane.
“Ananging, Lik, kula menika sampun mutusake yen badhe ngranto wonten Ngayogyakarta.”
“Apa kowe ora mesakake bapakmu sing wis tuwa kaya ngana? Tega kowe bapakmu urip dhewe?”
Aku sajake iya ora tega, nanging aku kepengin golek gaweyan sing bisa ngasilake dhuwit akeh tur cepet kaya kanca-kancaku sing kerja ana kutha.
Sawise dikandhani Lik Sarno, aku ora sida menyang Ngayogyakarta. Aku saiki melu golek iwak lan ngrumati kebon klapa nggone Lik Sarno.
 Sore kuwi, sawise saka kebon, aku mlaku-mlaku ana pinggir gisik. Saka kadohan, aku weruh Tantri sing lagi pit-pitan. Dheweke banjur dakparani.
“Tri, Tantri,” celukku.
“Pripun, Mas? Kok sajake penting banget,” Tantri mudhun saka onthele.
“Ngene, aku sesuk nitip surat kanggo Lasmi, ya? Bisa ta?”
“Surat apa ta, Mas? Hayoo..?” Tantri ngguya-ngguyu.
“Oiya, Lasmi kae bocah ngendi ta? Kok kayane aku lagi weruh.”
“Lasmi niku ponakane Pak Lurah, Mas. Dheweke manggon wonten mriki marga omahe ikngkang wonten kutha sampun disade.”
“Mas Anang naksir ta, Mas?” Tantri nyenggol tanganku.
“Ah, ora Tri. Ora naksir aku,” aku mesem sajak ngapusi.
“Boten sah ngapusi ta, Mas. Lha nek boten naksir, kok surat-suratan barang?”
“Pokokmen sesuk aku nitip surat, wenehna Lasmi lho, ya!” aku banjur lunga karo isin.
Esuke aku mara ana omahe Lik Sarno kanggo ketemu Tantri. Sawise menehake surat sing daktujokake marang Lasmi, aku banjur lunga anuju gisik arep ndandani praune Lik Sarno sing bocor.
Isi surat mau yaiku aku ngajak Lasmi ketemu mengko sore ana gisik. Aku kepengin kenal dheweke kanthi temenan. Sanajan aku lagi ping pira aku ketemu lan kenal Lasmi, nanging aku ngrasa yen atiku tresna marang dheweke. Aku kerep mesam-mesem nalika eling dheweke. Nganti aku umur 25 taun iki, durung tau sing jenenge gandrung marang bocah wadon. Ananging bubar ketemu Lasmi, bocah kutha sing umure mung kacek telung taun karo aku, aku bisa ngrasakake sing jenenge gadrung, malah nganti kaya gandrung kayungyun.
“Mas Anang,” suwarane Lasmi sing alus banget ngagetake aku sing lagi lungguh ana pinggir gisik.
“Eh, Dhek Lasmi. Dakkira sliramu ora bakal teka,” aku rada ewuh anggone lungguh. Rasane ora karuan, saya seru jantung iki anggone mompa.
Aku lan Lasmi banjur omong-omongan nganti ora krasa wengine saya peteng, ananging lintange malah saya gumebyar nganti tengah samudra amba kana. Lelagon wengi iki saya nentremake ati nalika sunare rembulan tiba ngenani eseme Lasmi.
Aku dadi kerep ketemu karo Lasmi. Tarkadhang uga nitipake surat neng Tantri kanggo Lasmi. Tantri mesthi gelem menehake yen dheweke ditukokake gulali sing bentuke maneka warna, nanging sing paling disenengi gulali sing bentuke kembang. Pancen emboh kok Tantri kuwi, bocah wadon wis gedhe senenge karo gulali.
Esuk kuwi, nalika aku lagi arep ngopek klapa ana kebon, Tantri nyedhaki aku.
“Mas, iki ana surat saka Lasmi,” Tantri banjur lungguh ana ngisor wit klapa.
Dakwaca surat mau. Aku ora kuwat maca surat mau. Tantri nakoni aku, nanging aku ora nggubris. Aku banjur mlayu. Weruh aku mlayu, Tantri terus nututi aku mlayu. Tantri sajake ora ngerti isi surat Lasmi sing mau dititipke dheweke.
“Arep nandi ta, Mas?” Tantri bengak-bengok turut dalan.
Aku ora semaur, pikiranku mung kebak Lasmi.
Tekan ngarep omahe Pak Lurah aku mandheg. Tantri uga banjur nyedhaki aku karo krenggosan.
“Lhoh, Pak Lurah ki apa ngantenan maneh ta iki?” Tantri omong kanthi ngawur.
“Lasmi, Tri. Dheweke sing dadi manten,” aku lemes ora duwe daya, banjur semendhe ana cagak listrik sing ana ing cedhakku ngadek.
“Apa, Mas? Lasmi? Lha kok ora kandha marang aku?” Tantri nrocos terus.
Aku terus wae ndelokake tulisan sing muni Lasmi lan Beni. Jebule Lasmi wis dijodhohake karo Beni anakke Juragan Damiri.
“Aku terus piye iki, Tri? Sliramu kok tega tenan ta marang aku, Lasmi,” aku mrebes mili, Tantri banjur nyarehke aku.
“Njenengan sing sabar ya, Mas. Oleh sedhih, oleh nangis, nanging aja kebablasen ya, Mas!”
Tantri ngejak aku bali. Nganti seminggu aku mung ana jero kamar. Bapak bola-bali ngandhani aku supaya ora terus-terusan sedhih mikirake Lasmi. Bapak ngendika yen aku terus-terusan kaya ngono, malah mung rugi dhewe. Sedhih terus ora bakal ndadekake kahanane malih.
Wis cukup anggonku sedhih-sedhih kaya mangkono. Aku kudu bisa tetep urip lan seneng. Aku uga dadi mesakake bapakku sing melu ngrasakake sedhihku mau. Aku banjur miwiti kerja maneh ana kebon klapa lan ngewangi Lik Sarno golek iwak.
Bapak uga ora kesel-kesele ngandhani aku supaya tetep semangat lan ora usah mumet mikir bab jodho, marga mbesuk bakal teka dhewe. Pendhak wengi sadurunge lunga nglaut, aku mesthi lungguhan ana pinggir gisik. Crita marang segara amba, marang ombak-ombak kang padha peplaton, uga marang rembulan lan lintang kang gumebyar endah tenan.

cerkak (cerita cekak)

Selasa, 01 Desember 2015

| | | 0 komentar


KELINGAN DHEK JAMAN MBIYEN
Dening: Annisak Maulani
Wengi kuwi udane wis ora deres, gludhuge uga wis saya ora krungu. Tumetese banyu turahan udan kang tiba saka pucuking gendheng dadi irama kang nentremake ati. Hawane sing adhem seger uga ndadekake wong-wong saya angler, saya kenceng anggone krukupan kemul. Sepi banget. Nyenyet, ora ana wong kang sliweran metu ngomah. Omah-omah wae wis padha petengan. Wis ora ana senthir kang murub, kajaba siji kang ana ing senthonge Mbah Mul.
“Mbah, kula dipuncariyosaken malih, Mbah!”  Dirga narik-narik lengene simbahe sing lagi nyawang sragam tentara kang wis lawas, nanging isih katon gagah. Mbah Mul namung ngingetake Dirga karo mesem.
“Kene, kene..., dhak critakake. Arep njaluk critakake apa? Kancil nyolong timun?” Mbah Mul ngejak Dirga lungguh ana dhipan kang wis pating krengket kuwi.
“Boten kancil ta, Mbah. Kancil menika nggih boten remen kaliyan timun kok. Hehe... cariyos babagan perang jaman rumiyin mawon, Mbah!” Dirga semangat banget yen krungu crita babagan perang lan para pejuwang Indonesia, marga Dirga kepengen dadi tentara.
“Crita perang maneh? Ora bosen ta kowe, Le?”
“Nggih boten, Mbah. Cariyos makaten sae sanget, menapa malih wonten tentara ingkang mbeta bedhil. Gagah sanget kados Simbah,” celathune Dirga nggodha simbahe kuwi.
“Mbah, kula menawi sampun ageng, badhe dados tentara kados Simbah. Mangke kula saged mbedhili tiyang landa ingkang njajah Indonesia menika,” Dirga pancen kepengen dadi kaya simbahe kang mbiyen dadi pasukan tentara.
“Oalah, Le, apik tenan gayuhmu kuwi. Ananging mangertiya ya, Le, tentara kuwi ora mung angger bisa gawa bedhil. Yen dadi tentara kuwi kudu ngadohi sipat kang adigang, adigung, lan adiguna,” kandhane Mbah Mul.
“Adigang, adigung, lan adiguna menika menapa ta, Mbah? Menapa menika sipat ingkang boten becik?” pitakone Dirga kanthi temenan anggone nggatekake simbahe sajak penasaran.
“Bener kuwi, Le. Adigang, adigung, lan adiguna kuwi pancen sipat ala kang aja ditiru. Adigang kuwi sipat kang seneng ngandelake kasugihane utawa kekuwasaane. Yen adigang kuwi sipat kang seneng ngandelake kuwate awak lan kewanenane, saengga kabeh padha ditantang gelut sarta seneng ngece. Sipat kang ketelu yaiku adiguna duwe arti sipat kang ngandelake kapinterane, sanadyan kapinterane ora sepiraa,” Mbah Mul nerangake kanthi gamblang.
            “Menawi makaten tentara menika kedah andhap asor, sanadyan piyambakipun gadhah badan ingkang kiyat kaliyan pinter nggih, Mbah?”
            “Ora mung kuwi, uga kudu bisa ngayomi masyarakat kabeh,” tambahe Mbah Mul.
            “Sakedhap nggih, Mbah, kula pendhetaken unjukanipun,” Dirga mlayu anuju pawon karepe gawe teh anget kanggo simbahe.
            “Weelha... ngerti wae kowe, Le,” Mbah Mul ngingetake lungane Dirga sing ora let suwe wis teka maneh.
            “Menika unjukanipun, Mbah,” Dirga ngulungake gelas blek kang isi teh anget marang simbahe.
            “O, yoh. Matur nuwun ya, Le,” Mbah Mul nyrutup teh angete. Piyambakipun banjur ndelehake wedang teh mau ana meja cilik sisihe dhipan lan mbenakake anggone lungguh. Dirga uga melu-melu mapakake lungguhe.
            “Tak critani ya, Le. Nalika jaman penjajahan mbiyen, kira-kira taun 1942-an, Magelang iki diparani karo tentara-tentara Jepang sing arep padha njajah. Anggone njajah kuwi luwih kejem saka tentara Walanda. Wong-wong saka kabeh dhaerah ing Magelang padha dikon kerja paksa utawa romusha. Ora namung kuwi, para tani uga kudu menehi separo hasil panene sing utamane beras. Yen nganti nolak ora gelem menehi, bakale kena ukuman, yaiku diajar lan nganti ditembak barang.”
            “Wah kejem sanget nggih, Mbah, Jepang menika. Menawi romusha menika dipunbayar boten, Mbah?” pitakone Dirga.
            “Wong-wong  kang melu romusha kuwi namung entuk bayar arupa pangan. Pangane kuwi iya ora sepirakna, namung growol utawa tiwul. Kuwi we mung sepisan tok, kadhang malah ora diwenehi pangan barang. Mangkono uga anggone menehi wektu leren, namung sadhela wae. Mula akeh wong kang padha lara lan mati.”
            “Lajeng romusha  menika dipunkengken kerja menapa kemawon, Mbah?”
            Romusha kuwi dikon gawe guwa-guwa ana ing pegunungan sing dinggo ndhelik tentara Jepang, mbangun dalan ing ngisor lemah, uga mbenakake panggonan-panggonan kang rusak marga perang.”
            “Lajeng simbah nggih ndherek romusha menika?”
            “Iya, Le. Mbiyen simbah karo kangmase simbah sing jenenge Mbah Suta dipeksa melu romusha. Simbah iki uga ngalami sing jenenge kurang pangan, adus ora tau, klambi ya mung duwe siji. Mung alhamdulillah simbah bisa kuwat lan urip nganti tekan saiki. Ananging Mbah Suta nalika kuwi kena malaria sing njalari piyambake seda,” Mbah Mul sajak trenyuh kelingan jaman kuwi. Mbah Mul banjur njupuk wedang teh sing wis rada anyep kena sumilire angin wengi kang mlusup saka bolongan-bolongan gedhek.
            “Durung ngantuk ta, Le?” pitakone Mbah Mul bubar ndelehake gelas isi teh mau.
            “Dereng, Mbah,” wangsulane Dirga kang isih lungguh methengkres ana ngarepe Mbah Mul.
            “Ya wis tak bacutake critaku ya, Le.”
            Mbah Mul pancen seneng banget yen nyritakake kadadeyan-kadadeyan jaman mbiyen. Kadadeyan kang dadi kenangane nalika dheweke melu ngarasakake kejeme penjajah sing saka ‘Tirai Bambu’ kuwi. Dheweke dadi kaya bali maneh ana ing jaman kuwi. Rasa trenyuh uga tarkadhang melu teka nalika eling kepiye rekasane urip sing kekupeng tentara-tentara ora duwe rasa kamanungsan kuwi.
            “Mbiyen ta, Le, klambi sing padha dinggo ki mung klambi sing digawe saka goni utawa bagor, kuwi we mung padha duwe siji utawa loro. Mangkono uga simbah, Le. Tarkadhang nalika klambi goni kuwi lagi dikumbah, anggone ngenteni garing, simbah kungkum ana kali utawa blumbang. Yen wis rada garing, lagi mentas lan nganggo klambine mau.”
            “Menapa boten gatel ta, Mbah, yen nganggo klambi goni menika?”
            “Iya gatel, Le. Lha nalika kuwi mung anane goni. Klambi kang saka bakal kaya sing dinggo ing jaman saiki ki mbiyen jeh larang tenan, Le. Padha ora bisa tuku, marga kanggo mangan wae dhuwit ora cukup. Gatel wis ora dirasa maneh, kebak tinggi apa tengu ya wis padha ora dirasakake maneh. Mula kuwi, saiki disukuri, wis bisa ngrasakake enake mangan sega, klambine uga wis padha apik-apik. Anggonmu sekolahe iya kudu sek temenan, supaya bisa ndadekake nagara iki luwih diajeni nagara liya, ” Mbah Mul sambi nelus-elus pundhake Dirga.
            “Nggih, Mbah,” Dirga mesem karo manthuk-manthuk.
            “O inggih, Mbah, kula sampun nate mireng menawi simbah buyut menika seda amargi dipuntembak kaliyan tentara Jepang. Menika napa leres, Mbah?”
            “Bener, Le. Simbah buyutmu sing ora liya bapakku dhewe, seda amarga ditembak tentara Jepang kang lagi keliling nariki beras hasile panen. Nalika kuwi, tentara Jepang kang lagi padha keliling krungu, yen ana warga sing padha nyinggahake beras ana ing ruang rahasia sing panggone ana ngisor omah. Mula, yen nganti ketawan nyinggahake beras, para warga kuwi bakale entuk ukuman. Simbah buyutmu sing dadi salahsijine warga kang nyinggahake beras mau, lan ndilalah ketawan karo tentara Jepang. Amarga simbah buyut uga nolak menehake beras mau, dheweke banjur ditembak.”
            “Lha menapa kok simbah buyut manika boten purun nyaosaken berasipun? Menapa boten anjrih kaliyan tentara menika?” pitakone Dirga kanthi penasaran.
            “Simbah buyutmu kuwi wegah anggone menehake beras, marga dheweke wegah ngingetake kulawargane padha kengelihen lan lara le kurang pangan. Nganti wis tau, saking eman-eman karo panganan, simbah buyutmu sing putri mlayu karo nggawa katel kang isine sega sing isih setengah mateng, marga wedi nalika ana helikopter tentara Jepang liwat.”
            “Dirga..., ayo turu sek! Simbah ya ben leren barang, sesok meneh critane!” Mak Imah melbu kamare Mbah Mul ngejak Dirga leren.
            “Mangke ruiyin ta, Mak. Kula dereng ngantuk.”
            “E, lha kok ora manut ta, kowe? Mesakake simbah, kon crita wae. Simbah iya wis kesel, sesok maneh critane!” Mak Imah nyendaki Dirga.
            “Wis leren sek, Le! Sesok simbah critakake maneh. Kowe sesok esuk ya sekolah ta?”
            “Nggih, Mbah. Ngenjing dipuncaritosaken malih nggih, Mbah?”
            “Iya, Le. Sesok dhak critakake maneh, saiki manuta makmu, aja ngeyel yen karo wongtuwa kuwi. Anggone sinau kudu sing temenan, ben mbesok bisa keturutan dadi tentara ya, Le?” Mbah Mul ngelus-elus sirahe Dirga tandha tresnane marang putune kuwi.
            Dirga pamit karo simbahne, banjur melbu kamare. Mak Imah uga melbu kamare sabubare ngejokki wedange Mbah Mul. Wengi kuwi Dirga entuk akeh crita kang nrenyuhake lan bisa dadi pasinaon kanggo dheweke.
            “Dirga, malah ngalamun. Ayo saiki wektune dhewe patroli pathok perbatasan!”
            Suwarane Bambang mbubarake lamunane Dirga. Dirga sing saiki wis dadi tentara kuwi kerep kelingan simbahne, Mbah Mul, sing setaun kepungkur wis tinggal donya. Kelingan nalika dicritani babagan perjuwangan ing jaman penjajahan lan crita-crita liyane sing gawe Dirga seneng banget karo simbahne kuwi. Amarga kerep dicritani babagan perjuwangan dhek jaman mbiyen, Dirga saiki melu-melu berjuwang ana ing perbatasan Indonesia. Dheweke lan kanca tentara liyane entuk tugas patroli pathok, yaiku mriksa pathok-pathok sing dadi batase negara Indonesia karo negara liya. Pathok-pathok kuwi padha diresiki lan diwenehi tandha yen pathok kuwi bar diresiki.
            “Oiya, Bang. Sek entena aku, tak njupuk peralatane sek!” Dirga banjur mlayu njupuk barang sing dibutuhake kanggo patroli pathok mau.
            Sabubare njupuk barang-barang sing dibutuhake, Dirga lan tentara liyane padha mencar anuju pathok-pathok mau. Anggone patroli, ana sing wong telu, ana uga sing wong lima. Cacahe beda-beda nurut adoh lan cadhake pangonan pathok mau.